NEW
Font size
WorksheetsSESORAH
Total questions: 15
Worksheet time: 7mins
Pak Pralambang dinten Senin kalawingi kadhapuk dados pembina upacara wonten SMA N 1 Batang. Kaleresan upacara kalawingi kangge mengeti Dinten Sumpah Pemuda. Wonten wekdal samenika ugi Pak Pralambang ngaturi pirsa utawi pengumuman kangge siswa ingkang gadah prestasi kangge majeng saperlu kangge nampi hadiah saking sekolah. Ancas saking sesorah kalawau inggih menika ….
Ngandharaken panemu
Paring kabar utawi informasi
Panglipur
Pangajak-ajak
Atur Pakurmatan
Pak Pralambang dinten Senin kalawingi kadhapuk dados pembina upacara wonten SMA N 1 Batang. Kaleresan upacara kalawingi kangge mengeti Dinten Sumpah Pemuda. Wonten upacara menika Pak Pralambang namung maosaken naskah ingkang sampun sumadya saking Menpora. Manut pratelan cariyos kalawau saged dipunmangertosi bilih teknik sesorah ingkang dipunginakaken inggih menika
apalan
impromtu
ekstemporan
naskah
dadakan
SMA N 1Batang nembe kalawingi ngawontenaken Pemilihan Ketua OSIS. Wonten tigang kandidat ingkang sampun njlentrehaken visi misinipun lumantar sesorah. Sedaya sami saenipun. Miturut sampeyan, sesorah ingkang dipuntindakaken para calon ketua OSIS kalawau ancasipun inggih menika ….
Paring kabar
Pangajak-ajak
Panglipur
Kangge pambagyaharja
Atur informasi
Jinisipun sesorah ingkang ancasipun kangge nampa rawuhipun para tamu inggih menika ….
Sabdatama
Pambagyaharja
Tanggap Wacana
Tanggap Sasmita
Medhar Surasa
Manut jinisipun sesorah, khutbah solat Jumat kalebu jinis …
Sabdatama
Pambagyaharja
Tanggap Wacana
Pamedhar Sabda
Medhar Pangandhikan
Pak Pralambang dinten Senin kalawingi kadhapuk dados pembina upacara wonten SMA N 1 Batang. Kaleresan upacara kalawingi kangge mengeti Dinten Sumpah Pemuda. Miturut jinisipun, sesorah kalawau kalebu jinis ….
Sabdatama
Pambagyaharja
Tanggap Wacana
Tanggap Sasmita
Impromtu
“Dhumateng Bapak Lurah Proyonanggan Selatan ingkang kinurmatan, para sesepuh lan pinisepuh ingakng kinabekten, saha para warga ingkang minulya.”
Pratelan ing nginggil kalebu perangan sesorah ingkang …
Salam Pambuka
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
“……………ingkang pinundhi”, tegesipun inggih menika ….
Yang dihormati
Yang dimulyakan
Yang dikasihi
Yang berbahagia
Yang berbudi luhur
“Saderengipun kula matur, sumangga kula aturi ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung awit wonten wekdal menika kita taksih dipunparingi kathah sanged nikmat satemah saged makempal wonten adicara menika.”
Pratelan sesorah ing nginggil kalebu perangan….
Salam Pambuka
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
“Sumangga kita sesarengan ngupadaya kangge nebihi barang laknat ingkang diarani Narkoba! Mugi-mugi siswa-siswi SMAN 1 Batang menika saged dados generus sehat tanpa Narkoba ugi kebak prestasi sanes sensasi.”
Pratelan sesorah ing nginggil kalebu perangan....
Pangajab
Atur Panuwun
Atur Pakurmatan
Atur Pangapura
Atur Syukur
Metode Sesorah ingkang katindakaken tanpa nyiapake naskah langkung rumiyin inggih menika ………..
Apalan
Naskah
Ekstemporan
Impromtu
Purwaka
Wonten lomba sesorah, padatanipun (biasane) metode ingkang dipunginakaken inggih menika ……..
Apalan
Naskah
Ekstemporan
Impromtu
Purwaka
Nalika sesora kedah cetha pangucapanipun, boten kemrungsung, anggenipun medot ukara kedah jumbuh kaliyan tegesipun ukara menika kalebu tatacara sesorah ingkang dipunarani
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiyaga
Swantenipun Mas Ridho anggenipun medhar pangandhikan tansah nggatosaken inggil cendhakipun, alon-banteripun kajumbuhaken marang wosipun (isine) sesorah. Tatacara sesorah ingkang sampun dipunlampahi mas Ridho inggih menika …
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiyaga
Tatacara sesorah ingkang gegayutanipun kaliyan solah bawa lan owahipun awak/salira dipunsebat …
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wiyaga
