NEW
Font size
WorksheetsBusana Adat Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane) diarani wacana….
Narasi
Eksposisi
Deskripsi
Argumentasi
Persuasi
Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake. Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang diakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 Oktober 2009.
Wacana ing dhuwur kalebu jenis wacana deskripsi ....
Objektif
Subjektif
Eksposisi
Argumentasi
Narasi
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku ...
Proses nggawe klambi kebaya
Nawakake barang/ promosi
Crita rakyat
Dumadine telaga Sarangan
Legenda Jaka Tarub
Nyitakake kagiyatan kang ditindakake saben dina iku kalebu topik wacana deskripsi kang kamot ing ...
Opini
Ringkesan
Kahanan ruang
Kahanan barang
Proses
Blangkon siji lan sijine anduweni wujud lan werdi beda-beda. Dene kang kaya ana gambar ing dhuwur, kalebu blangkon tlatah ....
Banyumas
Jogjakarta
Solo
Kendal
Banten
Canela dijabarake saka canthelna jroning nala, utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu. canela nduweni makna supaya awake dhewe nyembah lan batin mung ning sukunipun Gusti Kang Maha Kuwasa.
Teks deskripsi ing dhuwur nyritakkake salah sawijining ubarampe busana adat jawa. Ubarampe sing dikarepake yaiku…
Blankon
Timang
Jarik
Selop
Keris
Topik – topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi, kejaba ....
Kahanan ruang
Kahanan barang
crita mitos
Proses
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawe saka bahan kain bathik utawa lurik. Sing bedakake antarane blangkon Surakarta lan Yogyakarta yaiku anane mondholan. Mondholan iku wangun sing njedhul ing samburine blangkon, makili modhel rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Yen blangkon Surakarta nggunakake mondholan trepes, dene Yogyakarta nggunakake mondholan bunder.
Miturut wacana ing dhuwur, blangkon kang nggunakake mondholan bunder yaiku saka … .
Yogyakarta
Banyumas
Klaten
Semarang
Surakarta
Busana adat iki kelebu rasukan, wujude kaya jas, gulune ketutup karo kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmengisor katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancinge sekang kiwa mengisor ana 3. Dene sisih tengen dhadhane ana benik cacahe loro.
Busana iki nduweni filosofi minangka wong Jawa kudu paham agama lan ngibadah mring Gusti Kang Maha Agung kanthi nglakoni apa wae kang dadi dhawuhE.
Busana kang dimaksud yaiku ... .
kebaya
beskap
duwung
blangkon
selop
Busana warna abang kang dienggo jenenge ... .
surjan
beskap
kebaya
blouse
kaos
