WorksheetsAsesmen Sumatif 4 Kelas VII-H (Crita Rakyat)
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Crita sing nyejarahake utawa nyritakake ngenani sawijining kedadean alam donya, papan panggonan utawa asal-usule sawijining papan panggonan disebut ....
Crita Modern
Crita Rakyat
Crita Pengalaman
Crita Bocah
Para paraga ing crita rakyat bisa awujud apa wae?
kewan, manungsa, lan dewa, kang kabeh paraga kasebut nduweni sipat kaya dene manungsa
kewan lan manungsa kang kabeh paraga kasebut nduweni sipat kaya dene dewa
manungsa lan dewa
kewan lan dewa
Crita rakyat nduweni ciri-ciri utawa titikan. Salah sawijinine yaiku asipat ....
modern
campuran
tradhisional
kuna
Crita rakyat wujude maneka werna. Sing diarani Fabel yaiku ...
crita sing paragane manungsa
crita sing paragane dewa
crita sing paragane dewa nanging adat tata carane kaya dene manungsa
crita sing paragane sato kewan nanging adat tata carane kaya dene manungsa
Crita wakyat wis ana wiwit jaman biyen. Crita rakyat uga diwariskae kanthi ...
Lesan
Ora Lesan
Setengah Lesan
Tulis
Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-ciri utawa titikan crita rakyat yaiku …
Asal utawa tumekane turun-temurun
Ngemu pitutur luhur kang becik
Critane akeh versi lan variasine
Asipat modern
Crita rakyat iku biasane nggunakake basa …
Inggris
Dhialek
Dhaerah
Indonesia
Kabeh katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana kedadean sing disebutake ing crita yaiku …
Amanat
Latar/setting
Watak
Tema
Crita kang gegayutan karo dumadine papan panggonan disebut …
Fabel
Mite
Legendha
Sage
Unsur pambangun sajroning crita rakyat antarane yaiku …
Tema, alur, paraga, watak, latar/setting, amanat
Tema, alur, paraga, amanat
Tema, latar/setting, amanat
A
Sawetara wektu sang patih kondur lan sowan raja saperlu matur ngenani jejibahan sing diemban. Sawise rampung banjur kondur nemoni garwa lan ibune. Nanging sadurunge patih jumangkah lawang, sang ibu gupuh nyaketi lan ngendhika menawa garwane tumindak ala. Tanpa dipikir dawa, sang patih banjur duka marang garwane. Kanthi nuwun sesenggukan garwane nyoba njlentrehake dhodhok selehe perkara. Nanging sang patih ora pitaya lan ora kersa midhangetake ature garwane awit wis kepilut dening pitenahe ibune.
Setting pethikan wacan kasebut mapan ing …
Njero keraton
Pinggir kali
Daleme patih
Tengah alas
Sawetara wektu sang patih kondur lan sowan raja saperlu matur ngenani jejibahan sing diemban. Sawise rampung banjur kondur nemoni garwa lan ibune. Nanging sadurunge patih jumangkah lawang, sang ibu gupuh nyaketi lan ngendhika menawa garwane tumindak ala. Tanpa dipikir dawa, sang patih banjur duka marang garwane. Kanthi nuwun sesenggukan garwane nyoba njlentrehake dhodhok selehe perkara. Nanging sang patih ora pitaya lan ora kersa midhangetake ature garwane awit wis kepilut dening pitenahe ibune.
Watake paraga ibu yaiku ...
Jujur
Ala
Becik
Luhur
Nanging sang patih ora pitaya lan ora kersa midhangetake ature garwane awit wis kepilut dening pitenahe ibune. Pratelan kasebut ngemu piwulang …
Dadi wong kudu bisa ngrungokake kandhane wong liya lan ora gampang percaya
Ora wedi ngadhepi pepalang
Pepalang iku ngendi wae ana
Urip endah iku akeh pepalang
Kira-kira wis setaun Desa Dhadhapan ketaman mangsa ketiga kang dawa. Dadi larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga rekasa lan ketula-tula. Ora beda karo Mbok Randha Dhadhapan, wong wadon tuwa sing urip ijen lola tanpa sedulur. Kanggo nyambung uripe saben dinane, dheweke luru krowodan lan iwak ing kali sacedhake alas. Kewan-kewan kali kang nyisa ing mbeg-mbegan. Kahanan kaya mangkono dheweke ora ngersula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Wong wadon tuwa sing urip ijen tanpa sedulur iku jenenge …
Mbok Randha Dhadhapan
Mbok Siti
Raden Inukerta
Dewi Candrakirana
Kira-kira wis setaun Desa Dhadhapan ketaman mangsa ketiga kang dawa. Dadi larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga rekasa lan ketula-tula. Ora beda karo Mbok Randha Dhadhapan, wong wadon tuwa sing urip ijen lola tanpa sedulur. Kanggo nyambung uripe saben dinane, dheweke luru krowodan lan iwak ing kali sacedhake alas. Kewan-kewan kali kang nyisa ing mbeg-mbegan. Kahanan kaya mangkono dheweke ora ngersula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Crita rakyat nduweni unsur-unsur pambangun, salah sawijine yaiku latar/setting. Ing endi latar panggonan sing ana ing wacan kasebut?
Desa kulon kali
Tengah kali
Desa Dhadhapan, kali sacedhake alas
Gunung
Kira-kira wis setaun Desa Dhadhapan ketaman mangsa ketiga kang dawa. Dadi larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga rekasa lan ketula-tula. Ora beda karo Mbok Randha Dhadhapan, wong wadon tuwa sing urip ijen lola tanpa sedulur. Kanggo nyambung uripe saben dinane, dheweke luru krowodan lan iwak ing kali sacedhake alas. Kewan-kewan kali kang nyisa ing mbeg-mbegan. Kahanan kaya mangkono dheweke ora ngersula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Apa sing njalari pangan dadi larang lan akeh lelara gawe uripe warga rekasa lan ketula-tula ing Desa Dhadhapan?
Ketaman mangsa ketiga kang dawa sing suwene kira-kira setaun
Ketaman mangsa udan
Panen parine akeh
Warga nduweni lumbung pangan ing saben omah
Crita kang isine babagan kepahlawanan yaiku tegese …
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Pratelan ing ngisor iki kang bener, yaiku …
Legendha iku crita sing paragane kewan
Keong mas iku kalebu crita sage
Protagonis iku duwe watak ala
Piwulang sajrone crita rakyat iku diarani Amanat
Crita ngenani alam sing ora kasat mata (gaib) yaiku …
Mite
Fabel
Legendha
Sage
Nyi Rara Kidul kalebu jinise crita rakyat …
Mite
Fabel
Sage
Legendha
