NEW
Font size
WorksheetsGEGURITAN
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
makna geguritan ing dhuwur
Ibu seng sabar
ibu seng gak sabar
ibu seng nesunan
salah kabeh
Maceme geguritan iku opo ae
Geguritan gagrak lawas
Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas
Kabeh bener
Sing kalebu struktur batin guritan yaiku ... .
tema (sense) lan amanat (itention)
tembung kongkret, dhiksi, imaji
pewajahan guritan (tipografi)
rasa (feeling) lan nada (tone)
wangsulan kabeh salah
Obahing awak nalika moco geguritan diarani...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...
swara i
sastra t
basa/lumaksita kali
swara um
sastra g
jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.
tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
diksi
tipografi
Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
Basane endah, mentes lan mantes
Basa rinengga, mentes lan mantes
Guru swara, guru sastra lan guru basa
Purwakanthi, pepindhan lan paribasan
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
Dadi pemimpin
Dadi Juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi sing empuk
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta iso, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ...
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tema pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ...
Kursi empuk
Kursi panas
Pemulung
Rosokan
Pemimpin
Unsur-unsur ingkang mbangun geguritan antawisipun...
Perangan budaya, purwakanthi, lelewaning basa, tembung-tembung kang awujud mligi saha citraan kunci
Perangan basa, purwakanthi, lelewaning basa, tembung-tembung kang awujud mligi saha majas
Perangan basa, purwakanthi, lelewaning basa, tembung-tembung umum saha citraan kunci
Perangan basa, dasanama, lelewaning basa, tembung-tembung kang awujud mligi saha citraan kunci
Perangan basa, purwakanthi, lelewaning basa, tembung-tembung kang awujud mligi saha citraan kunci
Jaman geger
Aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Prathelan ing inggil mratelakaken bilih ing geguritan ngemu unsur...
guru lagu
paribasan
purwakanthi
citraan fungsi
guru wilangan
Lelewaning basa ing ngandhap menika kalebet jinis simile, inggih menika...
Wit klapa tansah ngawe-awe
Bagusmu kaya raden Arjuna
Ora mung bangsaku, ora mung bangsaku nanging sajagad iki kabeh kudu njaga katentreman
Idham-idhamane nyundhul langit, tresnaku sagedhening gunung
Ing gubugki iki aku pasrah marang kahanan
Kagatosna urut-urutaning nganggit geguritan menika!
1. Mantha-mantha Tema dados topik kang langkung mligi
2. Katemtokna underaning gagasan/ tema ingkang badhe dipunrembag.
3. Ngronce ukara.
4. Milih diksi utawi tembung kang trep kaliyan topik
5. Aweh Ruh marang isining Geguritantembung kawi kanthi madosi ing kamus
6. Nemtokaken Irah-irahanipun Geguritan
Tata cara nganggit geguritan ingkang trep katedahna ing urutan nomer…
1-4-2-3-5-6
2-1-6-4-5-3
2-6-1-4-5-3
2-1-6-4-3-5
2-6-1-4-3-5
Kawaosa geguritan ing ngandhap!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Wosipun pethikan geguritan ing nginggil inggih menika priyantun ...
Kedah milah saha milih
Tumindakipun sarwa beda
Kang ngina mring sasama
Boten angsal mbeda-mbedakaken
Kedah saged pepetung
Geguritan kasebut nggambarake rasa . . .
seneng
sedih
nesu/jengkel
susah
kemeren
