wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESSMENT FORMATIF SASTRA PIWULANG

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.
Para pujangga jaman mbiyen nyerat sastra kanggo pedhoman panguripan. Kayata KGPAA Mangkunegara IV iku nganggit serat.....
a)
Mardawalagu
b)
Macapat
c)
Wedhatama
d)
Arjunawiwaha
e)
Wulangreh
2.
Ramayana, arjuna wiwaha, negara kertagama kuwi kalebu sastra Jawa kang adiluhung. Mula kuwi kalebu jinis karya sastra....
a)
Kidung
b)
Kakawin
c)
Tembang campursari
d)
Tembang gedhe
e)
Tembang macapat
3.
Tembang macapat nduweni teges dhewe-dhewe, mula kuwi salah siji tembang macapat kang ateges nuntun lan ndhidhik anaak yaiku...
a)
Sinom
b)
Kinanthi
c)
Gambuh
d)
Pangkur
e)
Pocung
4.
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip. Saka pethilang tembang pangkur kasebut tegese “lelabuhan” tegese yaiku...
a)
Dicritakake
b)
Dirungokake
c)
Pengabdian
d)
Kawicaksanan
e)
Kabecikan
5.
Tembang macapat kaserat ana ing serat wedhatama, sana sunu, wulang putri lan tripama. Cacahe tembang macapat ing serat wedhatama yaiku...
a)
10
b)
8
c)
7
d)
5
e)
3
6.
Cacahe pada tembang tembang sinom ing serat kalatidha yaiku....
a)
11 pada
b)
12 pada
c)
13 pada
d)
14 pada
e)
15 pada
7.
Pathokaing tembang kang dadi wewaton cacahe wanda ing saben gatra tembang yaiku...
a)
Guru gatra
b)
Guru wilangan
c)
Guru lagu
d)
Guru basa
e)
Guru sastra
8.
Tegese tembung tyas ana ing sajroning tembang macapat....
a)
Ati
b)
Prasangka
c)
Pikiran
d)
Bungah
e)
Weruh
9.
Tembang macapat nduweni watak lan sasmita dhewe-dhewe, kayata tembang macapat pocung kang nduweni watak yaiku..
a)
Seneng, asih, tresna
b)
Kendho tanpa greget
c)
Sengsem, sedhih, priatin
d)
Grapyak, renyah, semangat
e)
Wedharing rasa
10.
Serat kalatidha kang dianggit dening Raden Ng. Ranggawarsita kuwi nduweni teges yaiku...
a)
Jaman emas
b)
Jaman bendu
c)
Jaman merdika
d)
Jaman penjajahan
e)
Jaman edan
11.
Ing sakjroning Serat Kalatidha nyritakake babagan kahanan ing alam donya kang gayutane karo...
a)
Laku tapa brata
b)
Sipate makrifat ing manungsa
c)
Kahanan kang jamane edan
d)
Kahanan ayem ing alam donya
e)
Pitutur luhur para jaman pujangga
12.
Ukara sun cedhak pitutur ingsun kalebu gatra tembang kinanthi. Tembung “pitutur” tegese yaiku.....
a)
Aku
b)
Becik
c)
Kowe
d)
Sepi
e)
Nasihat
13.
Basa kang digunakake kanggo nambah kaendahan ing sakjroning tembang macapat, lan uga biasa digunakake ana ing basa pedhalangan. Basa kang dimaksud yaiku basa...
a)
Basa kawi
b)
Basa rinengga
c)
Basa jawa
d)
Basa kuna
e)
Basa Krama
14.
Ana ukara “sujana sarjana kelu” ngandhut jinis purwakanthi....
a)
Purwakanthi lumaksita
b)
Purwakanthi swara
c)
Purwakanthi basa
d)
Purwakanthi sastra
e)
Purwakanthi ukara
15.
Serat Sanasunu kaserat ana 14 pupuh tembang macapat sing di anggit dening...
a)
R. Ng Ranggawarsita
b)
Mangkunagara IV
c)
R. Ng Yasadipura I
d)
R. Ng Yasadipura II
e)
Mangkunagara V
16.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Sedya budya pangekese dur angkara.

Guru gatra saka tembang macapat kasebut yaiku...

a)
8
b)
4
c)
5
d)
10
e)
6
17.
Ngelmu iki kalakone laku, Gatra ing tembang kasebut ana tembung kalakone kang tegese...
a)
Ilmu
b)
Tumindak
c)
Rasa
d)
Anak
e)
Ati
18.
Lekase lawan kas Gatra kasebut duweni teges yaiku...
a)
Diwiwiti kanthi ati
b)
Diwiwiti karo laku
c)
Dipungkasi karo niat
d)
Dipungkasi karo tumindak
e)
Diwiwiti karo niat
19.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku...

a)
12a, 6i, 8a, 8i
b)
12u, 6i, 8i, 12i
c)
12a, 6e, 10a, 8e
d)
12u, 6a, 8i, 12a
e)
12a, 6a, 8i, 12e
20.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.

Saka tembang macapat kasebut, kalebu jinis tembang macapat ...

a)
Sinom
b)
Pocung
c)
Maskumambang
d)
Kinanthi
e)
Pangkur
21.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Sedya budya pangekese dur angkara.

Duweni sastra piwulang kanggo panguripan. Pitutur luhur utawa ajaran luhur kang ora trep(tepat) adhedhasar bait tembang kasebut yaiku....

a)
Manungsa kudu golet ngilmu kang becik
b)
Manungsa kudu golet ngelmu karo ati
c)
Manungsa golet ngilmu karo niat kang apik
d)
Manungsa kudu nrima apa sing dadi takdir
e)
Lakone urip kuwi seneng lan sedhih ana ing donya
22.

Gatekna pada-pada ing ngisor iki! 1) Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama Sasamane bangsa sisip Sarwa sareh saking mardi martatama 2) Yen dinadak tanpa usul Asaling nalar nalurinaluringing kang lalakyan Yen linalar datan luwih Winahya purbaning suksma Suksmanen dipunkatitik 3) Yen kasusu tan katemu Mung nemu tyas datan titi Maketer katiban tata Tataning saka tumitih O yatallah awak ingwang Dadi gandrung aweh wangsit 4) Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes sira anggo. 5) Sun cedhak pitutur ingsun Ing lakuning ngamal sholih Wus gumelar aneng kitab Lan pituturing ngulami Yen durung mangerti sira Takokena kang utami

Pada pada tembang kasebut kang kalebu tembang Kinanthi yaiku...

a)
1 lan 2
b)
3 lan 5
c)
2 lan 3
d)
1 lan 4
e)
1 lan 3
23.
Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang...
a)
Pangkur
b)
Sinom
c)
Gambuh
d)
Kinanthi
e)
Dhandhanggula
24.
Serat tripama kang nagandharake telung patuladhan utawa suri tauladhan. Serat iki dianggit dening mangkunagara IV sing wujude tembang dhandhanggula pitung pada (bait). Dicritakake ana ing pada kaping 3 lan 4 yaiku patuladhan supaya nduweni sifat...
a)
Pinter
b)
Patriotisme
c)
Andhap asor
d)
Migunani
e)
Balas budi
25.
Tokoh kang gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala Prabu Ramawijaya kang awujud wanara yaiku …
a)
Patih Suwanda
b)
Adipati Karna
c)
Duryudana
d)
Kumbakarna
e)
Rahwana
26.
Ana ing serat Tripama tembang dhandhanggula pada kaping 5 lan 6, nyritakake sifate wong kang duwe tekad nglakoni darma utawa balas budi amarga wis ditulung dening duryudana. Paraga kang dimaksud yaiku...
a)
Babang sumantri
b)
Kumbakarna
c)
Patih suwanda
d)
Duryudana
e)
Adipati karna
27.

“Katri mingka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung prawira...”

Pangudhale tembung garba sudarsaneng yaiku....

a)
sudar + saneng
b)
su + darsa + neng
c)
su + dar + sana + ing
d)
su + darsana + ana + ing
e)
su + dar + sa + na + ing
28.
Serat kang dianggit dening pakubuwana IV nduweni maksud kanggo mulang anak wedok ing saklebeting kraton. Serat kang ditulis dening Susuhunan Pakubuwana IV yaiku...
a)
Wulang putri
b)
Tripama
c)
Wulang sunu
d)
Wulangreh
e)
Sana Sunu
29.

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

Tembang kasebut kalebu tembang .....

a)
Mijil
b)
Durma
c)
Maskumambang
d)
Pocung
e)
Kinanthi
30.
Tembang macapat nduweni paugeran utawa aturan dhewe-dhewe kayata ing ngisor iki kang kalebu guru Wilangan lan Guru lagu tembang macapat Pocung yaiku .....
a)
12i, 6a, 8u, 13e
b)
12u, 6a, 8i, 12a
c)
12u, 6a, 12a, 8i
d)
6a, 8i, 12a, 12u
e)
12u, 12a, 6a, 8i
31.

Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula iki!

"Yogyanira kang para prajurit"

Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....

a)
8e
b)
7u
c)
10i
d)
10a
e)
9i
32.

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

Wos Surasane tembang ing ndhuwur, yaiku .....

a)
Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
b)
Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa
c)
Bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
d)
Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
e)
Golek ngelmu iku kudu temen lan tumindak
33.
Tetembungan ing ngisor iki sing kalebu tembung lingga kejaba...
a)
Utami, bengkas, wengi
b)
Samangsa, pambudi, ati
c)
Mingis, atunggil, urip
d)
Lantiping, landhepe, sinorot
e)
Samangsa, atunggil, rina
34.
Nembang macapat, supaya penak dirungokake kudu pas karo titilarase. Tegese titilaras yaiku...
a)
Notasi
b)
Cengkok
c)
Cakepan
d)
Pathokan
e)
Pocapan
35.

Gatekna tembang kinanthi iki!

Wajibe murid puniku ngudi ilmu kanthi esthi angel yen durung diwaca mula becik den titeni susah seneng den rasakna kanggo bekal urip iki

Adhedhasar tembang Kinanthi kasebut bisa dititiki yen paugeraning tembang macapat Kinanthi iku kadadean saka... gatra

a)
5
b)
8
c)
6
d)
9
e)
7
36.
Sawijining sekar macapat nduweni paugeran tartamtu kanggo nambah endah nalika dilagokake. Paugeran tibaning swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
a)
Guru sastra
b)
Guru lagu
c)
Guru wilangan
d)
Guru gatra
e)
Guru pada
37.
Ing tembang macapat ana paugeran cacahing wanda saben sagatra kang diarani ....
a)
Guru sastra
b)
Guru lagu
c)
Guru wilangan
d)
Guru gatra
e)
Guru pada
38.

Satitikna pethilan teks Pupuh Pocung iki!

Durung punjul ing kawruh kaselak jujul

Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…

a)
Tulis
b)
Maca
c)
Nyemak
d)
Ngelmu
e)
Paham
39.

Ukara “Polah kang kalantur” ing tembang gambuh tegese yaiku

a)
Tumindak kang wicaksana
b)
Begja selawase
c)
Ora tau polah
d)
Polah sing apik
e)
Polah sing kebablasen
40.
Ana ing sakjroning tembang macapat ngandhut piwulang kang bisa kanggo nasihat lan uga kanggo piweling. Tembung “piwulang” duweni teges yaiku...
a)
Tatacara tingkah-laku
b)
Unggah-ungguh basa
c)
Wohing pamikir
d)
Pitutur kang migunani
e)
Manpangati wong akeh