Font size
Worksheetsparibasan bebasan saloka rura basa kreta basa
Total questions: 46
Worksheet time: 25mins
Ing ngisor iki kang kalebu paribasan yaiku ... .
A. lambe satumang kari samerang
B. pitik trondhol diumbar ing padaringan
C. ana catur mungkur
D. kodhok nguntal gajah
Ing bab tembung sing mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ... .
A. paribasan tembunge ora wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias
B. paribasan tembunge wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias
C. paribasan tembunge endah, bebasan lan saloka tembunge lugu
D. paribasan tembunge wantah , bebasan lan saloka tembunge lumrah
Mikul dhuwur mendhem jero kalebu ... .
A. paribasan
B. bebasan
C. saloka
D. parikan
Tuladhane bebasan yaiku ... .
A. becik ketitik ala ketara
B. bebek mungsuh mliwis
C. ungak-ungak pager arang
D. anak polah bapa kepradhah
Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .
A. iwak klebu wuwu
B. asu belang kalung wang
C. adigang adigung adiguna
D. kemadheyan ngajak sempal
Kenes ora ethes kalebu unen-unen ... .
(a)
Jamur tuwuh ing sela kalebu unen-unen ... .
(a)
Nabok nyilih tangan kalebu unen-unen ... .
(a)
Kocak tandha lokak tegese ... .
(a)
Ula marani gepuk kalebu ... .
(a)
Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa, Paribasane yaiku….
kebo nyusu gudel
anak polah bapak keprada
kacang ora ninggal lanjaran
ula marani gepuk
Adigang adigung adiguna tegese ....
Wong kang ngandalne kekuwatan, kekuwasaan, lan kepinteran
Wong kang seneng jaluk warah marang wong sing luwih enom
Wong kang wis kepenak, tambah kepenak maneh
Wong kang sipate padha karo sipate wong tuwane
Rudi senengane tukaran ing sekolah. Mulane wong tuwane sering dipanggil ing kantor sekolah.
Unen-unen kang mathuk kaya crita ing nduwur yaiku ....
Adigang adigung adiguna
Anak polah bapak kepradah
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Mburu uceng kelangan dheleg
"Kaya asu karo kucing"
Unen-unen ing dhuwur tegese....
Rukun banget
Seneng tulung tinulung
Ora bisa akur
Nduwe asu karo kucing ing oman
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Mikul dhuwur mendhem jero
Cebol nggayuh lintang
Becik ketitik ala ketara, tegese ....
tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan
bia njunjung drajate wong tuwa
wong tuwa njaluk warah wong enom
wis nate lunga teka ngendi-ngendi
Putrane pak rudi cacahe ana loro, nanging pasedulurane ora bisa rukun.
Paseduluransing ora bisa rukun diparibasakake kaya,...... karo,.......
asu , macan
asu, kucing
ula , kadal
gajah, macan
Endas gundul dikepeti tegese ... .
wong kepenak diwenei penak
wong sing apik rupane ala atine
wong sing senengane ngrasani
wong sing golek gawe
Sing dadi titikane paribasan yaiku ....
tegese entar
tegese wantah
nganggo gegambaran
lumrahe ana jejere
Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge.
sing dimaksud saka pernyataan iku...
paribasan
bebasan
saloka
unen-unen jawa
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Desa mawa cara, nagara mawa ....
aturan
tata
basa
tatacara
Jer basuki mawa beya
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....
wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak
luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane
wong duwe kekarepan sing mokal kelakone
prakara cilik dadi gede
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Tembung entare saka “sabar banget”, yaiku ….
jembar banyune
jembar omahe
jembar dhadhane
jembar uripe
Bagyo iku gedhe endhase dumeh anake wong sugih , gedhe endhase tegese ...
Sirahe gedhe
Seneng nyolong
Sombong, gumedhe
ngelu
Aja glethak-glethek yen ndheleh barang, amarga Marsiyem iku dawa tangane, tegese seneng ...
tuku
nyilih
nyolong
dolan
Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek ...
Dhuwit
Gaweyan
Ilmu
kanca
Suryani iku pancen ati dhondhong tenan, karo kancane cengkiling/seneng nggepuk. Ati dhondhong, tegese elek ...
A. omahe
B. bijine
C. atine
D. klambine
Tugino dikandhani ngono wae abang kupinge. Abang kupinge tegese ...
kupinge wernane abang
nesu / ngamuk
kupinge lara
nangis
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa kang angel dingerteni
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...
sapa sing salah kudu ngalah
polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah
saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati
bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan
10.Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...
Mas Bagas awake gagah prakosa
Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon
Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane
Adik seneng nggawe klambi werna bangjo
Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....
Geguritan
Artikel
Panyandra Manten
Lagu utawa tembang
"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"
Tembung adus kringet kalebu tembung....
Entar
Saroja
Wangsalan
Paribasan
ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...
kanggo narik kawigaten amarga basane endah
gawe jlimet tiyang sing maca
ngurangi basa kang ora prelu digawe
supaya kahanane ora katon endah
Awake kempringet mikul soto ngubengi desa, ning durung ana sing payu.
Tembung mikul soto iku tegese kalebu basa rinengga ....
Kerata Basa
Tembung Entar
rura Basa
Parikan
Bapak arep negor klapa sore mengko, wite uwis ngadhangi dalan.
Tembung Negor klapa sing dikarepake yaiku negor wit klapa, ora klapane.
Bener
Kliru
wetengku luwe, jebule aku durung mangan awan.
Tembung mangan awan kuwi rura basa, sing dikarepake yaiku ...
Mangan awan/mega ing langit
mangan sega ing wayah awan
Kerata Basa ne Bapak yaiku ...
(a)
kerata basane desember yaiku ...
(a)
Kerata Basane tandur yaiku
nata karo mundur
Tata tata karo mangan bubur
mundur kejegur sumur
ning sawah golek ubur-ubur
Ngulek sambel, sing dikarepake yaiku ...
(a)
Kerata basane guru yaiku ...
(a)
Ing ngisor iki kelbu jinise basa rinengga, kejaba ...
Tembung entar
Rura Basa
Kerata Basa
Tembung macapat
