WorksheetsPawartos Basa Jawi
Total questions: 25
Worksheet time: 20mins
Sengguh, anteb lan mantep, nengsemaken, mboten gugup kedah dipunkuwaosi tumraping pambiwara ing pawartos....
Radhio
Televisi
Ariwarti
Kalawarti
Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet titenan (ciri-ciri) pawartos inggih menika...
struktur basa kang trep
jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
surasanipun pawartos
narik kawigaten
diksi boten ambigu
Pawarta ingkang kekinian langkung narik kawigaten pamaosipun. Menika kalebet sipat pawartos ...
tintrim
kamajengan inovasi
congkrah
humor
jarak
Pawartos menika kedah aktual. Aktual menika kagungan teges...
pamaos langkung nggatekaken tumrap prastawa ingkang dumadi sakiwa tengenipun tinimbang pawarta saking papan sanesipun
bab ingkang enggal langkung becik tinimbang pawartos ingkang dangu
damel sengsem, mesem, lan gumuyu
saged ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung
ndadosaken ngowahi kahanan
Seratan pawartos kedah adhedhasar kadadosan ingkang nyata, boten dipundamel-damel. Bab menika kalebet sifatipun pawartos ingkang sae inggih menika...
faktual
aktual
objektif
publisitas
narik kawigatosan
Tiyang ingkang padamelanipun pados pawarta dipunsebat....
presenter
reporter
wartawan
host
penyiar
Pawartos ingkang boten winatesan wedal lan panggenanipun kados ta pawartos bab kuliner, budaya, wisata kalebet ing jinisipun pawartos...
hard news
soft news
indepth news
pawartos ndinan
pawartos radhio
Para pamirsa, sugeng pepanggihan kaliyan kula Ardini Prameswari ing giyaran pawartos Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos badhe mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa ...... pawartos basa Jawi dalu menika.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi reroncen teks pawartos ing nginggil inggih menika...
nyawiji
nengga
niti
midhangetaken
nglenggahi
Ingkang boten kalebet sumber sekunder pawartos inggih menika...
siaran pers
media cetak
wawancara langsung ing lapangan
internet
media elektronik
Bab wigati ing pawarta saged karingkes kanthi pitakenan ....
menapa, sinten, pinten, kapan, wonten pundi, kenging menapa
sinten, wonten pundi, kapan, jam pinten, kaliyan sinten
sinten, menapa, kenging menapa, kapan, wonten pundi, jam pinten
menapa, sinten, kapan, wonten pundi, kenging menapa, kados pundi
menapa, sinten, pinten, wonten pundi, kenging menapa, kados pundi
Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta, kajawi...
intonasi kedah trep
paningal ndhingkluk kemawon
vokal trep kaliyan artikulasi
nyingkirke dialeg
ekspresi sumeh
Struktur sesorah ingkang isinipun nggambaraken ringkesanipun pawartos, limrahipun kacithak kandel ing sangandhapipun sesirah kasebat...
headline
sumber
isi (body)
gambar
lead
Prastawa / kedadosan ingkang dipunlaporaken dening wartawan biasanipun anggadhahi sipat actual lan faktual dipunwastani …
pawarta
wara-wara
ariwarti
kalawarti
layang
Peranganipun pawartos kanthi urut inggih menika
awujud irah-irahan (head), emperan pawartos (lead), larikan tengah ( dateline) saha wosing pawartos (body).
awujud irah-irahan (head), larikan tengah ( dateline), wosing pawartos (body) saha emperan pawartos (lead)
awujud irah-irahan (head), ringkesan (lead), isi pawartos (body), lan panutup (Leg/tail)
larikan tengah ( dateline), emperan pawartos (lead), wosing pawartos (body) saha awujud irah-irahan (head)
emperan pawartos (lead), irah-irahan (head), larikan tengah ( dateline) saha wosing pawartos (body)
Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng kalebet ing ....
wiraswara
wirasa
wirama
wicara
wiraga
Desa Imogiri, Kecamatan Imogiri, Bantul ngadani pembangunan talut ing bulak Garjoyo dawane 355 meter. Mangkono keterangane Lurah Desa Imogiri Sunardi marang Djaka lodhang ing kantore.
Pembangunan talut mau kanggo nglancarake lakune banyu kalen, lan dalane dadi jembar. Dalan sadurunge dibangun talut ambane mung 2 meter saiki mundhak amba dadi 3,5 meter bisa diliwati mobil.
Pembangunan talut mau oleh dana program Nasional Pemberdayaan Mandiri Pedesaan (PNPM) Rp. 101.812.000,00 katambah swadaya masyarakat Rp. 5.335.000,00 total ragate ana Rp 107.147.000,00. Dene pelaksanaan pembangunan katindaake TPK Desa Imogiri. (NHD/DL)
(Kapethik saka Djaka Lodhang, 12 Oktober 2013, edisi 20)
Irah-irahan ingkang trep kangge ngisi pawarta ing wacan 2 inggih menika ….
Desa Imogiri Entuk Dana
Desa Imogiri Maju
Swadaya Masyarakat Desa Imogiri
Bangun Talut Butuhke Ragat
Desa Imogiri Bangun Talut
Wicarane nalika maos pawarta kedah ….
Nggatekake tembung-tembung wigati
Pocapane kudu munggah medhun
Anggone maca cepet
Anggone maca alon
Pocapan cetha, jelas, mboten blero
Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul mujudaken papan kangge mbucal uwuh saking kabupaten Sleman, Bantul, lan Kota Yogya. Tumraping tetiyang ingkang mapan ing sakiwatengening TPA, papan kasebat temtu ngrejekeni. Ing wekdal sakawit, saderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning warga masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak taun 1996, pagesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak sae, awit ndayakaken uwuh menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngeblak, Ahnyar ugi ngendikakaken bilih, sasampunipun TPA ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya rame. Kejawi menika warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa dene ngingah lembu, satemah pagesanganipun saya mindhak.
Menapa topik ingkang dipunbahas wonten ing pawarta nginggil ?
TPA ing Ngeblak tumraping masyarakat mujudaken papan ingkang ngrejekeni.
TPA ing Ngeblak mujudaken papan kangge mbucal uwuh sakig kabupaten-kabupaten ing Yogya.
Anyar, minangka masyarakat Ngeblak, ngraosaken bingah amari padamelanipun mindhak.
Kawontenaning masyarakat sakderengipun dipunbikak menika mrihatosaken.
Masyarakat sakiwatengening TPA menika ndayakaken uwuh kangge sumber padamelan.
Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul mujudaken papan kangge mbucal uwuh saking kabupaten Sleman, Bantul, lan Kota Yogya.
Tembung mbucal tegesipun ....
buwang
mulang
ngasta
nyepeng
mbeta
Ciri-ciri pawartos inggih menika publisitas. Publisitas inggih menika ….
tansah wonten pawartos enggal
pawartanipun trep kaliyan kedadosan saestunipun
kaaturaken kanthi seimbang
katujokaken kangge masyarakat
kaserat mawi 5W+ 1 H
Busana ugi wigati, kedah dipungatosaken tumraping pambiwara ing pawartos....
Radhio
Ariwarti
Kalawarti
Televisi
Tandha maos garis miring cacah tiga [///] ing teks pawartos televisi minangka pratandha....
tandha mandhek
tandha mandhek sawetawis
tandha pawartos sampun pungkasan
tandha pawartos badhe kawiwitan
tandha pawartos badhe mandhek amarga iklan
Tandha maos garis miring cacah kalih [//] ing teks pawartos televisi minangka pratandha....
tandha mandhek
tandha titik
tandha pawartos sampun pungkasan
tandha pawartos badhe kawiwitan
tandha koma
Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet kriteria sawijining prastawa ingkang layak didadoske pawarta inggih menika...
Aktual
Kedadeyan biasa
Wigati
Paraga
Kadadeyan kerep
Perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kedadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing medhia cetak awujud foto lan ing medhia elektronik awujud video, yaiku....
gambar
sumber
ringkesan
isi pawarta
irah-irahan
