NEW
Font size
WorksheetsLatihan Teks Narasi & Teks Deskripsi
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
Teks kang ngandharake kedadean kanthi urut wektu/kronologis diarani....
teks dheskripsi
teks narasi
teks persuasi
geguritan
Bahane teks narasi bisa saka....
asile panalitian sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti
asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake dening para ahli
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa
pengalaman uripe manungsa utawa saka asline rekadaya pikirane pengarang dhewe
Teks narasi isine....
nggambarake kahanan obyek
nyritakake kahanan obyek
nggambarake proses kedadean
nyritakake proses kedadean
Langkah sepisan nalika ngarang teks narasi yaiku....
nemtokake alur
nemtokake paraga
nemtokake tema
nemtokake latar
Sing nggambarake latar/setting teks narasi yaiku …
Nyritaake urutan kedadean
Mung nggarambarake kahanane objek ing siji
Waktu,panggonan lan kahanan social bisa ganti utawa ngalami owah owahan
Nggambarake kahanane objek kanthi rinci
Teks kang njlentrehake utawa ngandharake samubarang kanthi rinci/njlimet diarani....
teks dheskripsi
teks eksposisi
teks narasi
teks persuasi
Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.
Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....
narasi
dheskripsi
eksposisi
argumentasi
Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.
Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .
Ibu lan bapak
Bapak lan Rudi
Rudi lan adhine
Ibu lan Rudi
Gambar kasebut yen digawe teks dheskripsi yaiku....
Bandara ing Surabaya jenenge bandara Juanda
Bandara Juanda iku ana ing kutha Surabaya. Panggonan transit gawe penumpang montor muluk sing saka luar negeri utawa ing dalam negeri.
Transit penumpang saka montor muluk iku ing jenenge bandara
Yen arep numpak montor muluk iku panggone ing bandara. Ing Surabaya jenenge bandara Juanda
Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf iku nggambarake....
meja tamu
meja guru
meja mangan
meja sinau
Jenis pakaryan kang ana hubungane karo kahanan alam yaiku....
nelayan
sopir
guru
polisi
Yen nyuwun teks narasi iku nggunakake rumus 5W+1H, kejaba....
what
where
when
which
Wong sing gawene mulang diarani....
gerji
guru
juru kunci
emban
Jeneng pakaryan ana ing gambar kasebut yaiku....
masinis
kusir
montir
pilot
Pandhe yaiku....
wong sing gaweane gawe barang saka kayu
wong sing gaweane gawe barang saka watu
wong sing gaweane gawe barang gerabah
wong sing gaweane gawe barang saka wesi
Kang dadi bedhane antarane teks narasi lan teks dheskripsi yaiku....
teks dheskripsi ora ana konflike
teks dheskripsi ana konflike
teks dheskripsi ana paraga
teks dheskripsi ana latar
Nom-noman tukang laden diarani....
molang
srati
undhagi
sinoman
Tukang nindakake pidana mati diarani....
buruh
cantrik
algojo
jagal
Niyaga yaiku....
tukang nabuh gamelan
tukang ngajari jaran
tukang ngrumat gajah
bakul rajakaya
Jenis pakaryan ana ing gambar yaiku....
blantik
pandhe
gerji
dhalang
