Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa V 1

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna pratelan iki!

(1)   paragrap dhedhuktip

(2)   paragrap naratip

(3)   paragrap objektip

(4)   paragrap induktip

Jinising paragrap miturut panggone ukara pokok katuding nomer ….

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (4)

c)

(2) lan (3)

d)

(3) lan (4)

2.

Salah sawijine titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kajaba ….

a)

nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake objek

d)

urut wektu/kronologi

3.

Wacan kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), banjur objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca diarani wacan ….

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

4.

Maca kang ditindakake kanthi wicaksana, tumanem rasa kang jero, evaluatip, analitis, lan ora mung goleki kekeliruan diarani maca ….

a)

dhangkal

b)

literasi

c)

evaluatif

d)

kritis

5.

Dolanan ana ing gambar kasebut diarani ….

a)

dhakon

b)

kasti

c)

gobag sodor

d)

betengan

6.

Gatekna tuladha dolanan tradhisional iki!

(1)   dhakon

(2)   betengan

(3)   pasaran

(4)   layangan

(5)  gobag sodor

Tuladhane dolanan sing migunakake kakuwatan pisik, yaiku ….

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (5)

7.

Ing ngisor iki kang kalebu gunane dolanan tradhisional, kajaba ….

a)

bisa gawe rukun sakancane

b)

boros, wragate akeh, lan larang

c)

nglatih kelantipan lan kaprigelan

d)

gawe awak sehat lan seger waras

8.

Kalawarti lan ariwarti kalebu wujude pawarta ….

a)

cithak

b)

lesan

c)

siyaran

d)

internet

9.

Gambar kasebut nuduhake jinising pawarta ….

a)

kalawarti

b)

ariwarti

c)

lesan

d)

internet

10.

Unsur pawarta kang nuduhake sabab musabab geneya pawarta dumadi, yaiku ….

a)

what

b)

who

c)

why

d)

when

11.

Sipate pawarta kaya ing ngisor iki, kajaba ….

a)

faktual

b)

lugas

c)

aktual

d)

estetika

12.

Irah-irahan kang langsung tumuju ing sawijining prakara, yaiku ….

a)

striking statement

b)

direct addres

c)

provoctive statement

d)

deskripsi bagian

13.

Teras pawarta kang isine bisa nyipta gambaran imajinasi utawa daya pangangen-angen para pamaca, yaiku ….

a)

teras deskriptip

b)

teras induktip

c)

teras preskriptip

d)

teras deduktip

14.

Gatekna pratelan iki!

(1)   sinau

(2)   nyemak

(3)   observasi

(4)   paneliten

Kang kalebu carane golek pawarta katuding nomor ….

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (4)

c)

(2) lan (3)

d)

(3) lan (4)

15.

Ayune kaya Dewi Ratih.

Ukara kasebut kalebu tuladhane basa rinengga ….

a)

bebasan

b)

pepindhan

c)

wangsalan

d)

parikan

16.

Gatekna pratelan iki!

(1)   ajur mumur

(2)   andhap asor

(3)   angkat junjung

arum wangi

Tegese tembung saroja remuk lan ngasor katuding nomer ….

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (4)

c)

(2) lan (3)

d)

(3) lan (4)

17.

Tuladhane tembung camboran tunggal, yaiku ….

a)

mahasiswa

b)

prameswari

c)

semar mendem

d)

meja tulis

18.

Ukara ing wacan iki sing kalebu parikan, yaiku ….

a)

kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrah sing wasis dadi ketua kelas

b)

mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas

c)

ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke

d)

muga-muga wae Wijaya Putra mbesuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik, bisa ndadekake kelas iki apik ing sekolah

19.

Bocah kui ayu tenan, rambute ngandhan-ngandhan, tangane nggandhewa pinenthang, lan bengkekane ….

a)

jambe sinigar

b)

damar kanginan

c)

mucuk eri

d)

nawon kemit

20.

Roni angel mangane, mulane awake kari lunglit. Tembung lunglit kalebu jinising tembung camboran tugel, yaiku ….

a)

garba

b)

kerata basa

c)

rurabasa

d)

saroja

21.

Cacahe tembang macapat, yaiku ….

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

22.

Sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari bremana, gula drawa, gagak, kaga tresna mujudake sasmitane tembang macapat ….

a)

Asmaradana

b)

Maskumambang

c)

Megatruh

d)

Dhandhanggula

23.

Gatekna tembang macapat iki!

Murid iku wajib bekti lan mituhu,

pituturing dwija,

sabarang reh ngati-ati,

tatakrama empan papan katindakna.

Tembang macapat kasebut guru gatrane …., guru lagu lan wilangane, yaiku ….

a)

4 – 12i, 6a, 8i, 8a

b)

4 – 12u, 6a, 8i, 12a

c)

4 – 12i, 6a, 8i, 8o

d)

4 – 12u, 6a, 8i, 12o

24.

Gatekna pratelan iki!

(1)   seneng

(2)   timtrim

(3)   sedhih

(4)   tresna

Kang kalebu wateke tembang Megatruh katuding nomer ….

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (4)

c)

(2) lan (3)

d)

(3) lan (4)

25.

Ing ngisor iki kang ora kalebu gunane tembang macapat, yaiku ….

a)

bawa

b)

gegurit

c)

kasusastran jaman saik

d)

lagu kethoprak