wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LKS JAWA BAB 1

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Wedhatama iku sastra tembang utawa kidungan Jawa anggitane...........

a)

Pakubuwana IV

b)

Mangkunegara IV

c)

Yasadipura II

d)

Ranggawarsita

e)

Empu Panuluh

2.

Wedhatama ateges....

a)

manungsa utama

b)

Hyang Widhi

c)

kawruh kang utama

d)

ajaran luhur

e)

pepeling

3.

Aywa sembrana ing kalbu

Wawasen wuwuse sireki Ing kono yekti karasa

Dudu ucape pribadi Marma den sembadeng sedya

Wawasan praptaning uwis

Isi pupuh kasebut yaiku....

a)

nuruti karsaning manah kang becik nganti seda

b)

kawruh kang nempil kuwi ora prayoga

c)

manungsa kalairake ngalah

d)

sing mangerteni awake dhewe yaiku dhiri pribadi

e)

kudu duwe rasa pekewuh marang liyan

4.

Nalika lewat sangarepe wong tuwa becike matur....

a)

kula nuwun

b)

nuwun sewu

c)

matur nuwun

d)

mangga

e)

sami-sami

5.

Purwakanthi kang padha tulisane ing saben wiwitan tembung diarani purwakanthi guru....

a)

swara

b)

sastra

c)

basa

d)

wilangan

e)

lagu

6.

Anak polah bapa....

Tembung kang trep yaiku..

a)

gumregah

b)

malumah

c)

kepradhah

d)

sumringah

e)

mlampah

7.

Tembung ngisor iki kang nuduha sengkalan angka 7 yaiku....

a)

narpati

b)

trisula

c)

toya

d)

pandhita

e)

rasa

8.

Upamane wong lumaku

Marga gawat den liwati Lamun kurang ing pangaruh

Sayekti karendhet ing ri

Apese kasandhung padhas

Babak bundhas anemahi

Pupuh kasebut ing pada...

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

e)

11

9.

Upamane wong lumaku

Marga gawat den liwati Lamun kurang ing pangaruh

Sayekti karendhet ing ri

Apese kasandhung padhas

Babak bundhas anemahi

Isine tembang yaiku....

a)

nalika mlaku ngati-ati

b)

babak bundhas ngidak ri

c)

wong kurang ngati-ati bisa cilaka

d)

urip ing donya akeh alangan

e)

lelakune wong mlaku

10.

Upamane wong lumaku

Marga gawat den liwati Lamun kurang ing pangaruh

Sayekti karendhet ing ri

Apese kasandhung padhas

Babak bundhas anemahi

Tembang kasebut ngemot baliswara yaiku ing ukara...

a)

marga gawat den liwati

b)

lamun kurang ing pangaruh

c)

sayekti karendhet ing ri

d)

apese kasandhung padhas

e)

babak bundhas anemahi

11.

Wujude Serat Wedhatama yaiku...

a)

geguritan

b)

crita

c)

tembang

d)

parikan

e)

rapalan

12.

Cara nglandhepake pangrasa yaiku .....

a)

trima ing pandum

b)

ora serik marang liyan

c)

gladhen olah rasa

d)

nyingkirake hawa nepsu

e)

duweni rasa welas asih

13.

Wancahan lan plutan gunane yaiku

a)

minangka geganep

b)

dadi basa rinengga

c)

amrih katon prasaja

d)

kanggo nyuda guru wilangan

e)

nambah wanda

14.

Mandhege napas ing pungkasan gatra durung sampurna diarani.....

a)

andhegan wantah

b)

andhegan alit

c)

andhegan ageng

d)

andhah swara

e)

anung swara

15.

Serat Wedhatama ngemot ing ngisor iki, kajaba..

a)

tepa slira

b)

watek satriya

c)

budi pekerti

d)

jalma sejati

e)

agamaa

16.

Watek tembang Kinanthi yaiku ..

a)

nelangsa

b)

sabar

c)

asmara

d)

sedhih

e)

tresna asih

17.

Marma den taberi kulup

Angulub lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pundak-pundaking pambudi

Mbengkas kaardaning driya

Supadya dadya utami

Isi pupuh kasebut yaiku...

a)

sregep sinau supaya dadi manungsa

kang utama

b)

ati kang lantip tansah digladhi

c)

budi pekerti wigati tumrap ati

d)

manungsa kang nengenake ati

e)

ati ora kena lena

18.

Tegese tembung rina yaiku...

a)

ngancik

b)

kajaba

c)

nalika

d)

wayah

e)

awan

19.

Bocah yen ora duwe wedi pindha kutuk marani sunduk.

Ukara kasebut ngemot........

a)

purwakanthi guru sastra

b)

purwakanthi guru swara

c)

baliswara

d)

fraseologi

e)

hiperbola

20.

ing ngisor iki klebu perangan nailka nulis tembang. Kajaba....

a)

nulis paugeran tembang

b)

nyunting tembang

c)

gawe dudutan

d)

nulis klumpukan tembung

e)

gawe ilustrsi