wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LKS JAWA BAB 3

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen kang ngemu surasa mbangetake lan kedadeyan saka tembung watek kesambung tembung aran diarani.....

a)

paribasan

b)

lelewa

c)

isbat

d)

wangsalan

e)

sanepa

2.

Ing ngisor iki klebu lelewa basa perbandingan, kajaba

a)

Rara lan Riri pindha jambe sinigar

b)

swarane pancen kaya bledheg

c)

wingi aku weruh Slamet karo Mira jejer ning dalan gedhe

d)

bal bunder mak bleng mlebu gawang

e)

tulung aku jupukna kothak persegi kuwi

3.

Teks kang gunane kanggo nggambarake objek kanthi cetha diarani teks

a)

eksposisi

b)

persuasi

c)

narasi

d)

argumentasi

e)

deskripsi

4.

Busana adat Jawa kanggo ngencengake nempleke sinjang yaiku

a)

epek

b)

stagen

c)

blangkon

d)

timang

e)

iket

5.

Kang ora dadi titikane beskap yaiku ..

a)

kemeja kandel

b)

ora nganggo kerah tekukan

c)

warnane peteng

d)

motif bathik

e)

pola kancing nyamping

6.

Paribasan kang negesake duwe cacat sajege urip ora bisa mari yaiku..

a)

dahwen ati open

b)

mbidhug api rowang

c)

katulatula katali

d)

ciri wanci lelai ginawa mati

e)

wiwit kuncung nganti gelung

7.

Jarik duweni teges yaiku

a)

ora gampang diapusi wong liya

b)

aja gampang iri karo wong liya

c)

manungsa kudu nyambut gawe

d)

tumindak kudu dipikir

e)

manembah marang Gusti

8.

Busana Jawa kang dadi pratandha minangka pribadhine wong Jawa alus

yaiku

a)

blangkon

b)

beskap

c)

jarik

d)

stagen

e)

keris

9.

Kang dadi pralambang kawruh kang digoleki kudu dipahami kanthi cetha yaiku ....

a)

sabuk

b)

epek

c)

jarik

d)

canela

e)

timang

10.

Kekancanane Rilo lan Doni pancen raket banget.

Sanepa kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku..

a)

mijet wohing 'ranti

b)

renggang gula

c)

atos debog

d)

kedhep tesmak

e)

dhuwur kencur

11.

Ing tengah wilah ana pamor kang kaya garis kandel saka sor-soran nganti pucuk wilah. Ing kiwa tengen garis kandel iki ana bunderan-bunderan kang nggrombol utawa kelompok.

Pamor keris kang diandharake ing dhuwur arane....

a)

udan mas

b)

tunggak semi

c)

gumbolo

d)

sekar kopi

e)

rinonce mlathi

12.

Kang dadi pralambang manungggaling kawula Gusti yaiku

a)

blankon

b)

keris lan warangka

c)

benik

d)

canela

e)

epek

13.

gambar iki arane...

a)

timang

b)

destar

c)

canela

d)

udheng

e)

warangka

14.

Ngisor iki cara kang trep kanggo nanggepi, kajaba....

a)

lelandesan fakta

b)

bisa ditampa kanthi logis

c)

ngggo basa kang wijang

d)

dijlentrehake samadyane

e)

diwedharake kanthi subjektif

15.

Piranti busana kang mapan ing sadhüwurs

wiron arane..

a)

sunglon

b)

modhangan

c)

mondholan

d)

kuncung

e)

kemadha

16.

Jinis beskap ing ngisor iki, kajaba

a)

gaya Yogya

b)

gaya Solo

c)

gaya etan

d)

gaya kulon

e)

gaya landhung

17.

Ing ngisor iki bisa digawe sawijine teks deskripsi, kajaba..

a)

kaendahan alam

b)

papan panggonan

c)

paraga

d)

pengalaman pribadhi

e)

kahanan manungsa

18.

gambar iki aranee...

a)

timang

b)

destar

c)

tosan aji

d)

udheng

e)

warangka

19.

Pak guru basa Jawa boten rawuh amargi

nembe tindak dhateng Semarang.

Kang dadi panerang yaiku..

a)

boten rawuh

b)

amargi nembe tindak

c)

nembe tindak

d)

dhateng Semarang

e)

guru basa Jawa

20.

Titikane blangkon jebehan yaiku....

a)

udheng sisih ngarepe kuncung

b)

udheng mondol ing ngarepe kuncung

c)

wiru ing ngarep ing sisih kiwa tengen

d)

modhangan mapan ing sisih dhuwur

e)

modhangan mapan ing sisih kiwa

tengen