Font size
WorksheetsQuiz Bahasa jawa X
Total questions: 25
Worksheet time: 23mins
Ngingah Pitik
Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik.
Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik gen cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, mulai seko beras, jagung, nganti dedak.
Gen oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe. Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.
Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.
Saka cerita kasebut, kalebu jinising artikel....
Deskripsi/Gambaran
Narasi/crita
Eksposisi/Informasi
Persuasi/Ngajak pamaca
Argumentasi/gagasan/opini
Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu.
Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.
Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur nglahirake jabang bayine.
Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya yaiku kakang saka jabang bayi kui mau.
Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.
Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini.
Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa.
Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.
Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa.
Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.
Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah kui.
Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal yaiku Arjuna.
Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwane Basudewa.
Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi raja.
Sapa sing dilahirake ing crita kasebut....
Abyasa
Arjuna
Pandawa 5
Arya Prabu
Ing ngisor iki sing kalebu artikel yaiku ....
gegutritan
aksara jawa
koran
Preian menyang Pulo Dewata. Ukara kasebut minangka irah-irahan kang trep kanggo teks . . . .
deskripsi
eksposisi
persuasi
argumentasi
narasi
Teks kang isine ngandharake sawijine prastawa adhedhasar urutan wektu diarani . . . .
deskripsi
persuasi
argumentasi
eksposisi
narasi
Teks kang isine ngandharake sawijine objek tartamtu kanthi cetha diarani . . . .
deskripsi
eksposisi
argumentasi
narasi
persuasi
Teks kang nduweni tujuwan ngajak pamaos supaya nindakake apa kang diandharake panyerat sajrone wacan diarani . . . .
deskripsi
eksposisi
persuasi
argumentasi
narasi
Ing ngisor iki sing kalebu titikan saka artikel deskripsi yaiku . . . .
teks ngandharake informasi utawa kawruh
ngandhut ukara kang asipat ngajak
isine ngenani panemu panyerat
nuwuhake prekara utawa konflik
pamaos melu ngrasakake langsung apa kang diandharake sajrone teks
Perangan teks narasi sing medharake carane paraga utama anggone ngrampungake prekarane diarani . . . .
identifikasi
koda
resolusi
komplikasi
orientasi
Strukture artikel iku dumadi saka ...
irah – irahan, pembuka, pawarta, penutup
irah – irahan pembuka, tujuwan, penutup
isi, pembuka, penutup, lan irah – irahan
irah – irahan, pambuka, isi, lan penutup
pambuka, purwaka, isi panutup judul
Lingkungan Resik, Uripe Sehat
Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.
Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.
Lingkungan kudu resik amarga ....
panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.
saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.
wargane nduweni kebiyasaan becik
kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.
wargane supaya ora kemroh
Supaya alas kuwi ngrembaka lan lestari kabeh kudu njaga kahanane alas. Ukara kasebut kang migunakake tembung panggandheng kang nduweni teges tujuwan, yaiku....
lan
kudu
supaya
kahanan
kabeh
ing ngisor iki sing kalebu paraga ing crita ramayana kajaba?
rama
sinta
rahwana
pandawa
Nalika Rama dibuwang ing Alas Dhandhaka, Rama didherekake adhine kang asmane ....
Satrugna
Lesmana
Bharata
Anggada
unsur kang ana sing sajrone crita disebut apa
unsur pendukung
unsur intrinsik
unsur ekstrinsik
unsur utama
Asmane Bpke Gathutkaca yaiku . . . .
Arjuna
Yudhistira
Werkudara
Sadewa
Rahwana ing crita wayang nduweni watak...
Becik
Ala
Wicaksana
Sabar
Sopo sakliyane arjuna kang menang ing sayembara drupadi
Duryudhana
Krisna
Karna
Bima
Drupadi nolak raja Angga amergo...
Anak kusir
Kalangan bramana
Kalangan kesatria
Anak buahe Duryudhana
Krama Inggil mangan :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Ubahlah kalimat-kalimat di bawah ini ke dalam bahasa Jawa ngoko alus: Mbah Kyai Abdurrahman sudah meninggal.
(a)
Ubahlah kalimat-kalimat di bawah ini ke dalam bahasa Jawa ngoko alus: Kakek mandi dengan air hangat
(a)
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
