Font size
WorksheetsSAS Bahasa Jawa 8
Total questions: 25
Worksheet time: 8mins
Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...
Pendidikan
Kabudayan
Pariwisata
Latar/setting
Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masyarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...
Crita rakyat
Basa rinengga
Geguritan
Crita cekak
Kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonanan, wektu, dan swasana diarani....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut. Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....
Ibu
Aku
Bapak
Adhik
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kaluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kaluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut. Sudut pandhang sing digunakake ing crita cekak kasebut, yaiku ....
Wong katelu paraga utama
Wong katelu paraga tambahan
Wong kapisan paraga tambahan
Wong kapisan paraga utama
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!
Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono. “Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?” Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.
Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...
Susah
Jujur
Seneng
Geleman
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Akting
Setting
Amanat kang ana ing cerkak tegese, yaiku...
Piweling sing kaandharake panulis katujokake marang sing maca
Rerangkene kedadeyan ing sawijine cerkak
Paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak
Gagasan utawa idhe sing dadi underane crita
Basa kang direngga utawa dipacaki supaya luwih apik, endah lan ngresepake diarani.....
Basa Kedhaton
Basa Krama
Basa Rinengga
Basa Kawi
Ing ngisor iki sing ora kalebu ewone basa rinengga yaiku...
Pepindhan
Saloka
Paribasan
Ukara Andharan
Unen-unen kang ajeg panggone, nduwe teges pepindhan sing ditindhakake wong jenenge .....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Pepindhan
Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putranipun para kleting ingkang ayu-ayu sami enggar-enggar penggalih. Prethelan ukara kasebut migunakake basa....
Krama inggil
Krama lugu
Krama desa
Ngoko krama
Ragam dhialek Surabayan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane. iku pamerange basa sing dititiki saka....
Situasine
Sapa sing nganggo
Panganggone
Wilayahe
Sliramu kok kaya wayang ilang gapite ngono, blas ora semangat. Tegese unen-unen kang kacithak miring ing ukara kasebut, yaiku ....
dhalange kelangan wayang
wayange ditinggal dhalang
kelangan sikil
lemes/ora nduwe daya
Adigang, adigung, adiguna. Ing paribasan iku, tegese adigang yaiku ngendelendelake....
kakuwatane
kapinterane
kautamane
kaluhurane
Unen-unen iki sing tegese wong sing kari nemu kepenake, yaiku ....
rebutan balung tanpa isi
nglungguhi klasa gumelar
nututi layangan pedhot
kacang ora ninggal lanjaran
Unen-unen iki sing tegese wong sing kari nemu kepenake, yaiku ....
kacang ora ninggal lanjaran
nglungguhi klasa gumelar
rebutan balung tanpa isi
nututi layangan pedhot
Unen-unen sing tegese wong mlarat/wong cilik nanging nduwe gegayuhan kang mokal kelakon, diarani ....
asu belang kalung wang
kacang ora ninggal lanjaran
kebat kliwat gancang pincang
cebol nggayuh lintang
Kegedhen empyak kurang ..... Bacute unen-unen kasebut, yaiku ....
gapura
tembok
pondhasi
cagak
Wong sing mangerteni sawijining informasi sing dibutuhake yaiku . . .
Narasumber
Sutradara
Pewawancara
Penulis
Wawancara kang ditindakake dening pewawancara lan responden tunggal diarani wawancara . . .
Individual
Konferensi
Bebas
Kelompok
Narasumber paring wangsulan marang pewawancara. Apa tegese wangsulan . . .
Permasalahan
Pitakonan
Jawaban
Nasehat
Sing kudu ditindakake kapisan nalika wawancara yaiku . .
Nemtokake dina lan papan wawancara
Nemtokake tujuan
Nyiapake buku catatan
Nyiapake wangsulan
Ing dalan ana kedadeyan kecelakaan, kowe kang minangka reporter majalah kepengen golek informasi babagan kasebut. jinis wawancara kang ditindakake diarani wawancara . . .
Konferensi
Terbuka
Bebas
Tertutup
Pawongan kang golek sawenehe informasi diarani . . .
Pewawancara
Narasumber
Responden
Penulis
