wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SUMATIF 1 B. JAWA Kls XI

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Jenis drama kang ora migunakake naskah drama, diarani ...

a)

Drama tradhisional

b)

Drama rakyat

c)

Drama kolosal

d)

Drama modern

e)

Drama cerita

2.

Salah siji drama tradhisional …

a)

wayang kulit

b)

prolog

c)

dialog

d)

ludruk

e)

cerkak

3.

Drama kang umume nyritakake panguripan jaman saiki tuladhane ngenani pendhidhikan, sosial lan liya liyane kuwi dirani drama...

a)

tradhisional

b)

fabel

c)

ludruk

d)

modern

e)

kethoprak

4.

Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani ....

a)

tema

b)

tokoh

c)

alur

d)

amanat

e)

judul

5.

Pacelathon antar paraga sajroning drama diarani …

a)

epilog

b)

prolog

c)

dialog

d)

alur

e)

tema

6.

Paraga kang digayutake utawa dimunculake kanggo nyengkuyung lumakune cerito diarani …

a)

Paraga utama

b)

paraga pembantu

c)

paraga tambahan

d)

paraga pusat

e)

paraga punjer

7.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur drama yaiku…

a)

paraga

b)

prolog

c)

dialog

d)

resolusi

e)

epilog

8.

Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!
Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh

Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ….

a)

sabar

b)

ladak/galak

c)

seneng tetulung

d)

nyinyir

e)

wicaksana

9.

Ludruk, kethoprak, wayang kalebu drama …

a)

Tragedy

b)

modern

c)

komedi

d)

kolosal

e)

tradhisional

10.

Nggambarake swasana dumadine saben scene sajroning drama yaiku latar …

a)

Panggonan

b)

Paraga

c)

Swasana

d)

waktu

e)

kahanan

11.

Struktur geguritan ana loro, yaiku struktur ….

a)

batin lan rohani

b)

batin lan jiwa

c)

jiwa lan fisik

d)

rohani lan fisik

e)

batin lan fisik

12.

Sing kalebu struktur batin geguritan yaiku …

a)

Tema lan amanat

b)

Diksi lan tembung konkrit

c)

Tipografi

d)

Rasa lan nada

e)

Amanat lan tippografi

13.

Tembung aja dumeh, iki nunggal teges karo tembung aja …

a)

brangasan

b)

aleman

c)

sakpenake

d)

sombong

e)

serakah

14.

Seng mujudake panggonan para actor mainake drama yaiku …

a)

skenario

b)

panggung

c)

layer

d)

backdrop

e)

papan

15.

Omongane paraga klawan awake dhewe yaiku …

a)

narator

b)

adegan

c)

dialog

d)

monolog

e)

epilog

16.

Sing mujudake gerakan-gerakan kang ditindakake paraga minangka wujud penghayatan peran yaiku …

a)

mimik

b)

pantomim

c)

gestur

d)

penghayatan

e)

akting

17.

Lumrahe, pagelaran seni ludruk iku dibukani kanthi tari …

a)

Remo

b)

Lilin

c)

Gambyong

d)

Jaipong

e)

Kecak

18.

Seng lumrah migunakake dhialek Suroboyonan yaiku pagelaran …

a)

Wayang wong

b)

Wayang kulit

c)

wayang golek

d)

kethoprak

e)

ludruk

19.

Drama iku mujudake dhialog kang kudune ….

a)

direkam

b)

dipentasake

c)

ditulis

d)

dipaparke

e)

digenahake

20.

Unsur kang memangun teks geguritan ana 5 warna, kejobo ….

a)

tema

b)

majas

c)

irama

d)

lambing

e)

imaji

21.

Mujudake sawijining babakan kang dibayangake ing pikiran, yaiku …

a)

Lambang

b)

irama

c)

Konotasi

d)

Imaji

e)

tema

22.

Mujudake alunan uni (bunyi) kang tumata lan ambal-ambalan, yaiku …

a)

Lambang

b)

diksi

c)

Imaji

d)

Konotasi

e)

irama

23.

Karep kanthi meneb, ukara iki ngemu purwakanthi ….

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru wilangan

d)

guru gatra

e)

guru lagu

24.

Sing mujudake tembung dwipurwa yaiku …

a)

Saselaning

b)

Lelandhesan

c)

Panglimunan

d)

Saserahan

e)

Pathilasan

25.

Sikape pangripta marang underane bab kang dumunung sajroning guritan arane …

a)

rasa

b)

tema/makna

c)

isi

d)

nada

e)

amanat

26.

Pemilihan sakabehane tembung tembung kang ditindakake pangripto sajroning geguritan yaiku ….

a)

Diksi

b)

Imaji

c)

Badsa figurative

d)

Versifikasi

e)

Tembung kongkret

27.

Dhuwur endheke, dawa cendeke, banter alone (bunyi) yaiku ….

a)

ritme

b)

diksi

c)

rotasi

d)

imajinasi

e)

chorus

28.

Ucapan kanthi susunan ukara-ukara kang trep kanggo disampekake marang wong akeh, yaiku …

a)

rembukan

b)

pidhato

c)

dialog

d)

prolog

e)

epilog

29.

Mujudake pidhato kang ditindakake dening pawongan kangdarbe pangaribawa kanggo ngresmekake sawijining bab, yaiku pidhato ….

a)

pembuka

b)

pengerahan

c)

sambutan

d)

peresmian

e)

pertanggungjawaban

30.

Pidhato kang isine sawijining lapuran pertanggungjawaban, yaiku pidhato ….

a)

peresmian

b)

pertanggungjawaban

c)

sambutan

d)

pembuka

e)

pengarahan

31.

Puput yuswa iku kelebu ewone tembung …

a)

camboran

b)

saroja

c)

garba

d)

entar

e)

dasanama

32.

Mikul dhuwur mendem jero ngemu teges …

a)

Semangat kang makantar

b)

Njunjung derajate wong tua

c)

Tansah megawe bebarengan

d)

mbacutake apa wae sing apik lan ninggal apa wae sing ala

e)

Nyambut gawe  kanthi Ikhlas

33.

Salah sijining jenis karya sastra kang maparake kisah utawa crita ngenani pawongan jangkep klawan masalahe liwat tulisan cendhak utawa ringkes yaiku …

a)

cerkak

b)

novel

c)

geguritan

d)

mantra

e)

dongeng

34.

Cerkak dumadi ora luwih saka …….. tembung.

a)

100

b)

10.000

c)

100.000

d)

110.000

e)

120.000

35.

Mujudake struktur konflik kang wis dumadi lan tumuju marang klimaks serta wis wiwit entuk karampungane, yaiku struktur cerkak …

a)

Abstrak

b)

Orientasi

c)

Komplikasi

d)

Resolusi

e)

Evaluasi

36.

Rantamaning Crito kang sinambungan mangun cerita arane ….

a)

tema

b)

alur

c)

paraga

d)

pamaragan

e)

amanat

37.

Salah siji tilikane cerkak yaiku ….

a)

Basane ngambra-ngambra

b)

Critane ana bacute

c)

Alure luwih saka siji

d)

Isine padhet

e)

Temane panguripan

38.

Sing dudu mujudake isi tahapan orientasi ing cerkak yaiku pengenalan …

a)

Latar papan

b)

Latar wektu

c)

Paraga

d)

Perilaku paraga

e)

Perilaku pangripto

39.

Cerkak singkatan saka tembung …

a)

Cerita cendhak

b)

cerita kelak

c)

cerita cekak

d)

cekak cekak

e)

cerita cilik

40.

Basa kang digunakake marang wong sing sadrajat amarga durung raket yaiku…

a)

Ngoko alus

b)

krama inggil

c)

krama alus

d)

ngoko lugu

e)

krama lugu

41.

Rantamaning crito kang sinambungan mangun crita arane …

a)

Tema

b)

alur

c)

paraga

d)

pamaragan

e)

amanat

42.

Lumrahe pidato iku migunakake basa ….

a)

pinathok

b)

geguritan

c)

gancaran

d)

parikan

e)

ora mesti

43.

Kaya dene crita-crita fiktif liyane, asil karya sastra cerkak uga duweni struktur tertamtu. Dene structuring cerkak kaya kacetha ing ngisor iki, kajaba ….

a)

Konjungsi

b)

Abstrak

c)

Orientasi

d)

kompilasi

e)

evaluasi

44.

Tahapan awal gawe cerkak (kanggo pemula) yaiku ….

a)

Nentokake tema utawa ide cerita

b)

Gawe karakter

c)

Nentokake sudut pandang

d)

Gawe plot crita

e)

Swasunting lan revisi

45.

Kanca Saklawase

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes biasa dadi yo gak tak gowo ati.

“Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae, nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq. Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di seneni mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke.

 

Tema cerkak ing duwur nyritakne kekancane sapa …

a)

Fajar karo Andik

b)

Aldo karo Aldi

c)

Fajar karo Sodiq

d)

Sodiq karo Ibnu

e)

Fajar karo Dimas

46.

Preian Sekolah ing Griyane Kakung

Ora kroso Minggu ngarep wis preian sekolah. Aku lan keluarga duwe rencana bakal dolan menyang griyane kakungku ning Gunung Sari. Desane kakungku ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo.

Perjalanan seko omah ngasi omahe kakungku butuh wektu sekitar papat jam. Bar salat Subuh, aku langsung semangat adus lan nyiapne klambi ganti nggo liburan ning kono. Ra lali ibukku ya nyiapne sangu nggo dipangan pas ning ndalan.

Akeh pemandangan sing apik mergo perjalanan menyang omahe kakungku ngelewati gunung lan alas. Keluargaku budal seko omah jam pitu esuk numpak mobil.

Pas perjalanan, aku dicritani pengalamane bapak pas jih cilik ning desa mbien. Aku dewe asline ndue rencana dolan ning kali utawa sawahe kakung.

Ora krasa cerita ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan jebul ameh tekan omahe kakungku. Kakungku wis siap ngenteni ning ngarep omah karo wajahe sing seneng banget gara-gara meh ketekanan aku.

 

Latar waktu cerkak ing duwur ….

a)

tengah wengi

b)

isuk, awan

c)

isuk wengi

d)

isuk, sore

e)

sore, tengah wengi

47.

Tepang Tahun

Minggu wingi aku ulang tahun umur 17 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 25. Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar neng pasar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku yo bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.

Latar panggonan cerkak ing dhuwur …

a)

omah lan toko

b)

omah lan taman

c)

taman lan alon-alon

d)

omah lan pasar

e)

pasar lan taman

48.

Crita cekak iku kalebu golongan ….

a)

film

b)

sastra non fiksi

c)

sastra fiksi

d)

non sastra fiksi

e)

Non sastra non fiksi

49.

Seni pagelaran (tontonan) asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali yaiku….

a)

ketoprak

b)

ludruk

c)

teater

d)

stand up komedi

e)

wayang

50.

Struktur cerkak perangan klimaks ngandharake ngenani.....

a)

tetepungan antarane para paraga

b)

reruwetane perkara

c)

tuwuhe perkara/masalah

d)

tinemu cara kanggo ngrampungake perkara

e)

ngudari perkara