Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PSAS basa jawa

Total questions: 26

Worksheet time: 1hrs 12mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong, diarani ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

2.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning wong dumunung ana ngarep utawa ana wiwitane ukara diarani ....

a)

Saloka

b)

Paribasan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

3.

Ing ngisor iki bebasan sing tegese nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane, yaiku ....

a)

keplok ora tombok

b)

gupak pulu ora melu mangan nangkane

c)

nututi layangan pedhot

d)

bathok bolu isi madu

4.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

5.

Ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.

Yen diparibasaake...

a)

ono catur mungkur

b)

angon ulat ngumbar tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jer basuki mawa bea

6.

"Nglungguhi klasa gumelar"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

ngrasakke rekasa mergo wong liyo

b)

ora melu rekasa , kari ngrasakke enake

c)

ora melu nyekel

d)

kari duduk tok

7.

kakean gluduk ora udan tegese tumindak ala ngongkon wong liyo.

a)

Bener

b)

Salah

8.

Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

10.

Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....

a)

pepindhan

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

saloka

11.

Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

anak polah bapa kepradah

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

12.

Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....

a)

prakara cilik dadi prakara gedhe

b)

njarag marani bebaya

c)

paseduluran sing ora tau rukun

d)

seneng njejaluk nanging ora tau weweh

13.

Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

ana gula ana semut

d)

ula marani gepuk

14.

Nulung menthung tegese

a)

ketoke nulung tapi malah nyengsarakake

b)

nulung kanti ikhlas temenan

15.

tumindak ala, ngajak wong liyo tembung jawane yaiku....

a)

A. iwak klebu wuwu

b)

B. asu belang kalung wang

c)

C. adigang adigung adiguna

d)

D. kemadheyan ngajak sempal

16.

Nabok nyilih tangan kalebu unen-unen ... .

(a)  

17.

Ula marani gepuk kalebu ... .

(a)  

18.

Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....

a)

kebo kabotan sungu

b)

kebo nusu gudel

c)

ula marani gepuk

d)

gajah nguntal slangkrah

19.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

20.

Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....

a)

ana gula ana semut

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

kebo nusu gudel

d)

kebo kabotan sungu

21.

BANJIR

Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.

Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?

Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....

a)

Ing Jawa Timur

b)

Ing mangsa rendheng

c)

Ing mangsa labuh

d)

Ing sakuruting Bengawan Sala

22.

wong sing nglakoake wayang diarani ...

a)

dhalang

b)

niyaga

c)

sinden

d)

penabuh

23.

Unen-unen jawa ana 3 , apa wae?

a)

tembung entar, macapat, saloka

b)

geguritan, tembang dolanan, paribasan

c)

paribasan, bebasan, saloka

24.

Nabok nyilih tangan jenise unen-unen ?

a)

Bebasan

b)

saloka

c)

paribasan

25.

Tegese unen-unen "Becik ketitik, ala ketara" yaiku ....

a)

Sembarang tumindhak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

Semabarang wong iso tumindhak ala utawa bechik

26.

Njagakake endhoge si blorok. Unen-unen kasebut tegese ....

a)

wong kang penggaweane ngingu pitik

b)

Ngarep-arep barang sing durung mesthi