Font size
WorksheetsLATIHAN PAS B.JAWA
Total questions: 61
Worksheet time: 2hrs 15mins
Teks awujud laporan ngenani sawijine kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi diarani teks ....
informasi
narasi
deskripsi
eksposisi
Kedadean awujud fakta, aktual, narik kawigaten, alur runtut, basa baku, cetha, valid kasebut diarani …. teks informasi
wujude
titikane
jinise
unsur
Informasi kang diandharake kanthi lisan (langsung) digiyarake lumantar ….
internet
TV
kalawarti (majalah)
ariwarti
Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar medhia cithak kayata ….
TV
Radio
ariwarti (koran)
radio-tv
Jinise informasi kang dirembakake kanthi komentar lan penilaian saka reporter utawa narasumber kang nduweni keahlian gegayutan karo topik informasi kang dirembug diarani informasi ….
langsung
panemu
penalaran
andharan
Jinis informasi kang ditulis kanthi singkat, padhet, lugas, lan apa anane diarani informasi ….
panemu
jangkep
penalaran
langsung
Jinis informasi kang dirembakake kanthi luwih jangkep ska informasi kang wis ana diarani informasi ….
opini
interpretatif
andharan
jangkep
Unsur pembangun informasi kang nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean, yaiku ….
kapan
apa
ing ngendi
geneya
Nuduhake katrangan ngenani wong kang ana sajrone kedadean yaiku ….
sapa
kepriye
kapan
ing ngendi
Nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean yaiku ….
sapa
kepriye
kapan
ing ngendi
Teks informasi yaiku teks awujud … ngenani sawijine kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi.
laporan
pitakon
wulangan
tuladha
Titikane teks informasi yaiku kedadean awujud fakta, aktual, narik kawigaten, alur runtut, basa baku, cetha, lan ….
pait
valid
rumit
sulit
Wujude teks informasi menurut sumbere yaiku wujud ….
teks lan angka
lisan lan tulisan
huruf lan kalimat
paragraph lan wulangan
Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar medhia cithak kayata ….
TV
Radio
kalawarti (majalah)
radio-tv
Kepriye (How/Bagaimana) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake papan dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijine kedadean
Geneya (Why/Kenapa) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake papan dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijine kedadean
Ing ngendi (Where/Dimana) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijine kedadean
nuduhake papan (panggonan) dumadine sawijine kedadean
Kapan (When/Kapan) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijine kedadean
nuduhake papan dumadine sawijine kedadean
Sapa (Who/Siapa) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake katrangan ngenani wong kang ana sajrone kedadean
nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijine kedadean
nuduhake papan dumadine sawijine kedadean
Apa (What/Apa) kalebu unsur pembangun informasi kang nduweni teges ….
nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean
nuduhake ngenani kedadean kang dumadi
nuduhake papan dumadine sawijine kedadean
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara
batangane cangkriman kasebut yaiku ….
kalung
gelang
sepur
perahu
Cacahe tembang macapat ana .....
2
3
7
11
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....
Pangkur
Gambuh
Pocung
Dhandhanggula
Tembung macapat tegese ...
Maca papat-papat
Maca cepat-cepat
Maca seprapat
Maca
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
Tengahan
Gedhe
Cilik
Kuna
Pambeda antarane titi laras slendro lan pelog yaiku ...
4 lan 7
2 lan 5
4 lan 6
1 lan 3
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Isine tembang pocung iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
Tembang macapat itu awujud ...
lelagon
drama
lundruk
unen-unen
Tembang macapat bisa ditegesi "maca" tembang kang medhote ....
telu telu
papat papat
siji siji
lima lima
Paugeran tembang macapat iku ana telu, yaiku ...
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru lagu, guru kula, guru liya
guru wilangan, guru siji, guru telu
guru gatra, guru liyane, guru lagu
Jinise tembang macapat iku ana...
10
9
8
11
Salah sijine tembang macapat iku jenenge...
Kinanthi
pantun
geguritan
ludruk
Cacahe larikan utawa gatra saben sapada (bait)
iku diarani ...
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru swara
Tibane swara ing pungkasane gatra diarani ...
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru swara
Tembang macapat iki asale saka tembung sing nuduhake kahanane wong sing wis seda, sing bakal dibungkus kain kafan iku diarani ...
durna
sinom
pocung
pangkur
Tembang macapat kang awujud lelagon kang ngilingake urip bebrayan lan cita-cita yaiku isine tembang ...
sinom
kinanthi
pucung
maskumambang
Guru wilangan iku ..... swara ing saben sa....
cacahing (jumlah)
pada (bait)
gatra (baris)
lagu (vokal)
Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....
1
2
3
4
Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen sing ajeg panganggone, ora nganggo jejer, ora nganggo gegambaran, lan tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
ula marani gepuk
gajah nguntal slangkrah
Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....
jer basuki mawa beya
kriwikan dadi grojogan
anak polah bapa kepradah
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....
bathok bolu isi madu
gupak pulut ora melu mangan nangkane
ana gula ana semut
sepi ing pamrih rame ing gawe
Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....
wong asor nanging sugih kapinteran
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora tau rukun
Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
njarag marani bebaya
paseduluran sing ora tau rukun
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
Ula marani gepuk, tegese yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora bisa rukun
njarag marani bebaya
melu sengsarane ora melu senenge
Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
ana gula ana semut
ula marani gepuk
Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane ....
ana gula ana semut
jer basuki mawa beya
bathok bolu isi madu
kebo nusu gudel
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Unen-unen Basa lan Kasusastran Jawa sing nganggo jejer yaiku ....
pepindhan
bebasan
paribasan
saloka
Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....
ana gula ana semut
kriwikan dadi grojogan
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....
Cangkriman
Geguritan
Wangsalan
Bebasan
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
paribasane ....
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Negara mawa tata, Desa mawa cara
Jer basuki mawa bea
Adigang adigung adiguna
