NEW
Font size
WorksheetsRemidial SAS B Jawa 8
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Tembung ”sekar” nduweni sinonim/dasanama .…
tembang
kembang
anak
kewan
Menawi sampun mantun enggal dikempalaken.
Tembung “enggal” ing inggil nduweni teges ….
anyar
ndang
siji
lawas
1) Orientasi
2) Resolusi
3) Komplikasi
4) Implementasi
Nomer … dudu struktur teks cerita cekak.
1
2
3
4
Unsur instrinsik kang nerangake pesen utawa nasehat yaiku …
latar
tema
amanat
paraga
Jodi njupuk HP ne kancane banjur diseleh ing tase Lukman. Akhire Lukman dihukum Pak Guru amarga ana bukti HP ing tas.
Saka cerita ing dhuwur iku minangka tuladha paribasan ….
Nabok nyilih tangan
Becik ketitik ala ketara
Kuthuk marani sunduk
Kriwikan dadi grojogan
Ing ngisor iki kang kalebu ukara langsung yaiku ….
Kandhane Ibu, yen Dea ana masalah diutus crita nyang gurune
“Nduk, sekolah napa mboten?” ngendikane Ibu
Saben isuk Lani lan Lina dodol sega
Menawa ora udan, aku arep menyang omahmu
Ibu saben tahun mesti numbasake klambi anyar kanggo anak pambarep, ananging anak nomer loro ora nate ditumbasake, mung diwenehi lungsuran. Tumindhake ibuk kaya dene (emban cindhe, emban ciladhan)
Bebasan ing ndhuwur ndeweni teges ….
rukun
ora adil
ora rukun
meri-merian
Laila bocah ndesa kang penggawehane nggolek kayu ning alas kanggo masak iku ora duwe apa-apa, ora tau sekolah, nanging kepingin dadi penguasa.
Nasibe Laila kaya paribasan…
Cebol nggayuh lintang
Adang-adang tetesi embun
Durung pecus keselak becus
Blibu tau, pinter durung nglakoni
Wong iku yen disawang ketoke bodho lan ora iso opo-opo, nanging nyatane pinter lan nduweni kearifan kang dhuwur, sugih pisan
Wacan ing ndhuwur kaya saloka…
Bathok bolu isi madu
Dom sumurup banyu
Cecak nguntal empyak
Adigang, adigung, adiguna
Pitik Blorok Manak Siji, Ujare Kapok Malah Ndadi
Ukara ing ndhuwur kalebu tuladhane…
Saloka
Parikan
Bebasan
Paribasan
Dinda : Sampeyan maem napa, Mas?
Mas Bayu: Aku mangan roti.
Basa kang digunakake dening Dinda yaiku …
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
1) Golek pawarta tumrap wong sing diajak wawancara
2) Golek katrangan tumrap wong sing diajak wawancara
3) Golek panemu (pendapat) ngenani sawijine prekara utawa kahanan
4) Menehi pitudhuh utawa katrangan marang wong sing diajak wawancara
Pranyatan ing ndhuwur kalebu tujuan wawancara, kajaba ….
1
2
3
4
1) Napa wae bahan sing diperlukake kangge proses ndamel tahu, Pak?
2) Kados pundi caranipun ndamel tahu, Pak?
3) Kenging punapa kok diparingi cuka ing jeladrenan tahu?
4) Pinten karyawan ingkang bantu produksi tahu?
Pitakon ing dhuwur kang nakokake jumlah yaiku nomer…
Kaleh
Sekawan
setunggal
tiga
1) Dele sing wes mari dikum diumbah sampek resik
2) Kripik rasa keju sing paling disenengi konsumen
3) Dhuwite bapak dikirim sewulan ping kale
4) Aku ngedekake usaha iki awit tahun 2017
Ing ndhuwur kang kalebu tuladhane ukara tanduk yaiku….
Kaleh
Tiga
Setunggal
Sekawan
1) Aku nggunakake teknologi mesin albakos
2) Aku kepingin ngembangake variasi rasa sing wis ana
3) Omah prodhuksi punika dipunparingi nami punapa Pak?
4) Iwak Tuna didadekake unggulan kabupaten Malang kidul
Ing dhuwur kang klebu ukara tanggap nomer …
1, 2
3, 4
2, 3
1, 4
Tuladhane iklan kang awujud lisan, tulisan, lan gambar iku biasane ditemokake ana ing …
radhio
televisi
ariwarti
kalawarti
Sugiha kaya apa yen ora sholat bakal ora mulya
Ukara sambawa ing dhuwur nduweni teges …
pangarep arep
umpama
senajan
mokal
Yen arep nulis iklan kudu mangerteni tata carane utawa kaidah panulisane iklan.
Ing ngisor ikikalebu kaidah panulisane iklan,kajaba …
nganggo tembung entar
migunakake tembung hagnya
ukarane cekak, pantes lan mentes
migunakake tembung kanggo narik kawigaten
1) Ndhuweni tujuwan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk kang wes ana
2) Njelasna cara kerja prodhuk.
3) Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk
4) Ngoreksi prodhuk
Iklan kang ndhuweni titikan/ paugeran kaya ing ndhuwur kalebu iklan….
profokatif
persuasif
reminders
informatif
Ngantuka kaya ngapa aku kudu tetep sinau.
Tembung “ngantuka kaya ngapa” ing ukara kasebut tegese…
supaya ngantuk
sanajan ora ngantuk
saumpama ora ngantuk
sanajan ngantuk kaya ngapa
