wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan PAS 1 B. Jawa

Total questions: 35

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Jroning teks pawarta informasi sing diandharake kuwi pancen-bener-bener ana lan dumadi ika nuduhake menawa pewarta iku ………..

a)

akurat

b)

bener

c)

lengkap

d)

manjila

2.

Pawarta sing diandharake kui kudune akurat, tegese informasi sing diandharake……..

a)

kudu bisa diperaya

b)

nyakup 5 W + 1H

c)

bener-bener dumadi

d)

dingerteni wong akeh

3.

Jroning pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya nuduhake menawa pawartaiku …..

a)

akurat

b)

bener

c)

lengkap

d)

manjila

4.

Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku….

a)

olehe maca kudu banter lan cepet

b)

sing diwaca mung judhule wae

c)

maca nganggo pengeras swara

d)

olehe maca kudu bener lan cetha

5.

Kapan kedaeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakonan...

a)

what

b)

who

c)

when

d)

why

6.

Jroning pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W + 1H iku nuduhake menawa pawarta iku ………..

a)

akurat

b)

bener

c)

manjila

d)

lengkap

7.

Bapak arep lunga menyang Surabaya numpak sepur.

Tembung sing dicithak kandel benere.....

a)

kesah, nitih

b)

tindak, nitih

c)

kesah, numpak

d)

tindak, numpak

8.

Tatacarane nyritakake isine teks pawarta sing becik yaiku…..

a)

nggunakake tembung-tembung sing angel dingerteni

b)

olehe nyritakake lancar lan runtut (ora mbulet)

c)

olehe nyritakake didawak-dawakne supaya suwe

d)

basa sing digunakake basa sing kasar lan basa campuran

9.

Bu Guru ngendika, “yen salah sijine ekosistem rusak, lingkungane ya rusak”. Tuladha lingkungan kang rusak yaiku……..

a)

Kali kang resik

b)

Alas kobong

c)

Ora ana uwuh ing segara

d)

Wit-witan kang ijo royo-royo

10.

Memayu Hayuning Bawana. Ukara iki kalebu....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

Pariwara/iklan

d)

sesanti/slogan

11.

Sekar gambuh ping catur.

Cacahe wanda ing ndhuwur ana...

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

12.

Cacahe gatra (baris) saben sapada, iku diarani ....

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru  wilangan

d)

guru wanda

13.

Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra, iku diarani ....

a)

guru laku

b)

guru swara 

c)

guru  wilangan

d)

guru lagu

14.

Cacahe gatra tembang Kinanthi iku ana ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

15.

Ing ngisor iki sing dadi watake tembang Durma yaiku ....

a)

nglangut, grapyak, renyah

b)

sembrana, parikena, tegas

c)

galak, nesu, muntab

d)

sereng, sedih, nglokro

16.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kajaba....

a)

Dhandhanggula

b)

Megatruh

c)

Sinom 

d)

Jamuran

17.

Tembang macapat ing ngisor iki sing cacahe gatra paling sethithik yaiku....

a)

Mijil

b)

Maskumambang

c)

Sinom

d)

Dhandhanggula

18.

Tembang macapat ing ngisor iki sing cacahe gatra paling akeh yaiku....

a)

Pangkur

b)

Kinanthi

c)

Asmaradana

d)

Dhandanggula

19.

Supaya bisa nerangake isine tembang macapat, bab-bab ing ngisor iki kudu dilakoni, kajaba....

a)

nerangake tegese tembung kang utama

b)

ngudhari tegese tembung kang angel dingerteni

c)

ngrungokake saben ana wong nembang

d)

nerangake karepe ukara jroning tembang

20.

Ing ngisor iki sing kalebu tembang Macapat yaiku....

a)

Jamuran 

b)

Tengahan 

c)

Asmaradana

d)

Candrakusuma

21.

Unen-unen kang ajeg penganggone (ora kena diowahi) mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) diarani…………

a)

paribasan 

b)

parikan 

c)

wangsalan

d)

cangkriman

22.

Wong tuwa sing nemu reribet merga saka polahe anak, mujudake tegese saka unen-unen……….

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Anak polah bapa kepradhah

c)

emban cindhe emban siladan

d)

mikul dhuwur mendhem jero

23.

Unen-unen kang ajeg penganggone ngemu teges entar lan pepindhan, sing dipindhakake magepokan karo sing disemoni utawa disanepani diarani…………..

a)

saloka 

b)

paribasan 

c)

bebasan 

d)

parikan

24.

Tumindak becik utawa ala mbesuk bakal konangan, mujudake teges saka unen-unen………..

a)

Buru uceng kelangan dheleg

b)

Sepi ing pamrih rame ing gawe 

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Arep nangkane emoh pulut

25.

Pak Paidi kuwi kena diarani…………anake sanga, durung ana sing bisa nyambut gawe.

Unen-unen sing mathuk kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku…………

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Ana catur mungkur

c)

Anak polah bapa kepradhah

d)

Adigang, adigung, adiguna

26.

Teks sing ngandharake samubarang (manungsa, barang, lelakon, panggonan, kahanan, la sapanunggalane) kanthi apa anane diarani teks…………

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

pawarta

d)

eksposisi

27.

Unen-unen, tetembungan utawa ukara sing isine ngajak-ajak, ngelengake, sarta menehi semangat marang sapa wae sing maca diarani………………

a)

slogan/sesanti

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

persuasi

28.

Wingi sore jam 14.00 dam kali brantas mbludak, manut katerangane Pak Kamituwa ana 7 amah ing kiwa tengene kali kelem. Ukara iki kalebu teks……….

a)

pariwara

b)

sesanti

c)

persuasi

d)

pawarta

29.

Tiyang engkang boten kersa dhahar boten sisah dipunpeksa. Dhahar basa ngokone …………

a)

ngombe

b)

mlaku

c)

mangan

d)

lungguh

30.

Tembang Macapat iku cacahe ana………………….

a)

sanga

b)

sepuluh

c)

sewelas

d)

rolas

31.

Watake tembang Mijil yaiku……………………………………………………………………………..

a)

sembrana, tegas

b)

tresna, asih

c)

nesu, muntab

d)

seneng, gembira

32.

Tembang Pucung iku guru gatrane ana 4, yen guru wilangan lan guru lagune yaiku ……………………………………………………

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12a, 6a, 8i, 12u

c)

12u, 6i, 8a, 12a

d)

12a, 6i, 8a, 12u

33.

Klawan kanca ora gampang cecongkrahan.

Tembung “cecongkrahan” tegese………………………………………

a)

guyub

b)

nangis

c)

rukun

d)

tukar padu

34.

Sepi ing pamrih rame ing ……… tembung sing trep kanggo ngisi cecek-cecek yaiku…………

a)

sore

b)

gawe

c)

rawe

d)

luwe

35.

Kaya ngono kui jenenge………………., kethoke kowe nulungi nanging malah nyengsarakake.

a)

tulung menthung

b)

tulung-tinulung

c)

penthung-penthungan

d)

tulung balung