Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 60

Worksheet time: 2hrs 41mins

Name
Class
Date
1.

Saben esuk Adi nyapu latar. Tembung ing ukara kang kagolong tembung kriya yaiku............

a)

Adi

b)

Nyapu

c)

Latar

d)

Esuk

2.

Sapa sing saben Isuk Mbantu Ibune nyapu?. Ukara iki kagolong ukara..............

a)

Pakon

b)

Andharan

c)

Pitakon

d)

Katrangan

3.

Fitri tuku roti ing pasar. Jejere ukara iku...........

a)

Fitri

b)

Tuku

c)

roti

d)

ing pasar

4.

Kucing mangan tikus ing ngisor amben. Wasesane ukara iki.................

a)

Kucing

b)

Tikus

c)

Mangan

d)

Ngisor amben

5.

Jaranan, cublak cublak suweng, iku kagolong tembang.....................

a)

campursari

b)

dolanan

c)

guyonan

d)

anak-anak

6.

Tembang dolanan iku mesthine olehe nembang karo................

a)

Turu

b)

sinau

c)

dolanan

d)

mangan

7.

salah siiji cara hemat listrik ing omah, yaiku....

a)

nggunakake AC

b)

Yen awan lampu dipateni

c)

Nonton TV suwe

d)

Yen gak digawe banyu ora dipateni

8.

tuladha tembung aran yaiku....

a)

Lampu

b)

Hemat

c)

Petheng

d)

nggambar

9.

Saka ngendi ibumu?

Ukara iki kagolong ukara....

a)

Pitakon

b)

Pawarta

c)

Pakon

d)

kandha

10.

Iki wes padhang, lampune enggal patenana!

Ukara iki kagolong ukara....

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Carita

d)

Panjaluk

11.

Rafel mangan lontong balap ing pawon. Katrangane ukara iki....

a)

Rafel

b)

Mangan

c)

Lontong balap

d)

Ing pawon

12.

Bapak mundhut sepedhah sesuk awan.

Tembung kang kacetak miring kuwi diarani katrangan...

a)

Wektu

b)

Sebab

c)

Panggonan

d)

Cacah

13.

Kang Klebu tembang dolanan yaiku....

a)

Swara Suling

b)

Pocung

c)

Mijil

d)

Maskumambang

14.

Tembung meja, buku, gelas lan tepak iku kalebu jinise tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

Lingga

15.

Aku ngombe obat supaya ora loro.

Ukara ing ndhuwur nggunakake katrangan...

a)

Sebab

b)

Panggonan

c)

Tujuwan

d)

wektu

16.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake katrangan panggonan yaiku...

a)

Narti ngumpulake tugas sesuk

b)

Bukuku disimpen ibuk senan suwek

c)

Mas wahyu ngompa sepedhah ing bengkel

d)

Adhek mangan roti

17.

Sing ora termasuk cara ngemat energi yaiku . . . .

a)

Mateni lampu sawise digawe

b)

Nggawe banyu secukupe

c)

Ndelok TV kaet isuk tekan sore

d)

Mateni kran banyu pas gak di gawe

18.

Kenapa menungsa kudu ngemat energi?

a)

Supaya lampune ora cepet rusak

b)

Supaya ora didukani bapak lan ibu

c)

Supaya bisa hemat duit lan njaga sumber daya alam

d)

Supaya bayare larang

19.

Aku nggunakake listrik ing omah. Wasesa ukara iki yaiku....

a)

Aku

b)

Nggunakake

c)

Listrik

d)

Ing oamah

20.

Ngisor iki tuladha tembang dolanan yaiku....

a)

Pucung

b)

Kidang talun

c)

Kartonyono medhot janji

d)

Mundur alon-alon

21.

Adi ngerjakne PR panggah "ngresula". Ngresula tegese....

a)

Seneng

b)

Susah

c)

Sambat

d)

Marem

22.

Wong sing maragakake crita yaiku....

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Latar wektu

d)

Panggonan

23.

......... sing nandur jagung?

a)

Piro

b)

Sapa

c)

Opo

d)

Kulo

24.

Simbah durung teka. Tembung "teka" krama aluse....

a)

Rawuh

b)

Dhateng

c)

Dugi

d)

Lungo

25.

Adhik sare ing kamar. Ukara sing bener....

a)

Adhik tilem ing kamar

b)

Adhik turu ing kamar

c)

Adhik tilem wonten kamar

d)

Adhik turu wonten kamar

26.

Astane adhik lara. Astane benere....

a)

Sikil

b)

Kuping

c)

Lambe

d)

Tangan

27.

Yen matur karo Ibu utawa Bapak becike kudu....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama alus

d)

Krama

28.

Ing ngisor iki seng klebu kewan galak yaiku...

a)

Kucing

b)

Tikus

c)

Macan

d)

Kidang

29.

Sing kalebu kewan ingon-ingon....

a)

Gajah

b)

Kucing

c)

Macan

d)

Kidang

30.

Yen bocah-bocah ketemu karo bapak/ibu guru, wajibe ...

a)

Mblayu

b)

Meneng

c)

Mesem

d)

Nyapa aruh

31.

Bapak numpak sepur. Numpak benere...

a)

Nitih

b)

Munggah

c)

Numpak

d)

Melu

32.

Nalika arep mlebu papan wisata kudu tuku....

a)

Kwitansi

b)

Nota

c)

Karcis

d)

Obat

33.

Bapak ndelok bal-balan. Owahana dadi Krama alus...

a)

Bapak mrisani bal-balan

b)

Bapak ndelok bal-balan

c)

Bapak nyawang bal-balan

d)

Bapak nonton bal-balan

34.

Pesen utawa tuladha becik sing bisa dijupuk saka isine crita yaiku...

a)

Latar wektu

b)

Amanat

c)

Tema

d)

Paraga

35.

Dina senin bocah sinau ing sekolah. Latar wektu seng pener yaiku....

a)

Bocah

b)

Sinau

c)

Dina senin

d)

Sekolah

36.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

37.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

rasaning swasana ati

d)

pocapan kang cetha

38.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

39.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
40.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

41.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
42.

Geguritan uga diarani ...

a)

parikan

b)

paribasan

c)

puisi jawa

d)

saloka

43.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

44.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

45.

Kang digateake nalika maca geguritan, kajaba ...

a)

intonasi

b)

irama

c)

mimik wajah/ekspresi

d)

guru lagu lan guru wilangan

46.

Mandheg lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku ....

a)

intonasi

b)

tandha wacan

c)

jedha

d)

titik

47.

Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....

a)

mangerteni isine geguritan sing arep diwaca

b)

ngrasakake isi lan kekarepan geguritan

c)

gatekake pocapan lan wiramane

d)

bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep

48.

Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

intonasi

b)

tulisan kang awujud tatahan

c)

ekspresi

d)

swara-swara endah

49.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

50.

Puisi bahasa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani ….

a)

a. Geguritan

b)

b. Larik

c)

c. Pada

d)

d. Surasa

51.

Nakula lan sadewa duweni watak...

a)

Becik

b)

Ala

c)

Serakah

d)

Nesu

52.

Sadewa iku pandawa nomer...

a)

2

b)

3

c)

1

d)

5

53.

Ngapusi iku tumindak...

a)

Ala

b)

Becik

c)

Prayaga

d)

Serakah

54.

Kejaba Nakula lan sadewa, pandawa sing duweni watak becik yakuwi...

a)

Kurawa

b)

Rahwana

c)

Arjuna

d)

Dewi

55.

Ing ngisor iki sing duweni watak apik...

a)

Rahwana

b)

Gatotkaca

c)

Batharakala

d)

Kurawa

56.

Tembang dolanan iku ditembangake kanthi...

a)

Bungah atine

b)

Susah atine

c)

Nangis

d)

Sengsara

57.

Padhang bulan padhange kaya...

a)

Lintang

b)

Srengenge

c)

Awan

d)

Rina

58.

Marang wong tuwa kudu mbangun....

a)

Turut

b)

Esuk

c)

Omah

d)

Awan

59.

Yen diparingi dhuwit utawa panganan matur...

a)

Sampun

b)

Nuwun

c)

Nyuwun

d)

Nyuwun pangapunten

60.

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung.

Pethikan tembang pocung ing dhuwur batangane yaiku....

a)

Gajah

b)

Kebo

c)

Sepur

d)

Klenthing