Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

Total questions: 15

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Pathokane tembang dhandhanggula yaiku ...

a)

10i-10u-8e-7u-9i-7a-6u-8a-12i-7a

b)

10i-10a-8e-7u-9a-7a-6u-8a-12i-7a

c)

10i-10a-8e-7u-9i-7a-6a-8u-12i-7a

d)

10i-10a-8e-7u-9i-7a-6u-8a-12a-7i

e)

10i-10a-8e-7u-9i-7a-6u-8a-12i-7a

2.

Panganggit serat tripama yaiku ...

a)

Sultan Hamengkubuwana IV

b)

Pangeran Mangkubumi

c)

GPAA Mangkunegara III

d)

GPAA Mangkunegara IV

e)

GPAA Mangkunegara V

3.

Lakon wayang kang kamot ing serat tripama yaiku….

a)

Patih Suwanda, Kamajaya, Karna

b)

Patih Suwanda, Arjuna, Karna

c)

Bambang Sumantri, Kamajaya, Arjuna

d)

Bambang Sumantri, Kumbakarna, Karna

e)

Bambang Sumantri, Kumbakarna, Duryudana

4.

Patih Suwanda yaiku patih ing…..

a)

Alengkadiraja

b)

Alengkadiraja

c)

Maespati

d)

Guwa Kiskendha

e)

Kendhalisada

5.

Serat tripama bait telu lan papat nyritakake…..

a)

Patih Suwanda

b)

Kumbakarna

c)

Raden Suryaputra

d)

Basudewa

e)

Citranggadha

6.

Tembung "Guna bisa saneskareng karya" nduweni teges . . . .

a)

Bisa ngrampungake pegaweyan

b)

Dipersudi bisa dadi unggul

c)

Nalika bantu perang Negara Manggada

d)

Boyong putri cacahe 800

e)

Perang tandhing ngalawan buta saka Ngalengka

7.

Ing serat tripama pupuh dhandhanggula rong bait kapisan nyariosaken Bambang Sumantri kang jejuluk Patih Suwanda. Patih Suwanda minangka patihe Prabu Arjunasasrabahu raja sekang maespati. Dheweke minangka tetuladhan abdi kang bangeting setya lan teguh anggone ngleksanakaken kuwajiban kang dijibahaken marang dheweke kanggo mboyong putri (citrangada) lan 800 pengiring.

Kapethik saka ngrumat basa panginyongan

Saka katrangan kasebut kita bisa nemokaken telung sifat kaprajuritan patih suwanda yaiku ….

a)

guna, bisa, unggul

b)

guna, kaya, purun

c)

guna, unggul, pinter

d)

guna, pinter, kendel

e)

guna, setya, kendel

8.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Lire lelabuhan tri prekawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang manggada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

Ukara kang tegese lelabuhane Patih Suwanda bisa mrantasi gawe, yaiku ....

a)

bisa mati ngrana

b)

binudi dadya unggule

c)

bantu prang manggada

d)

purune sampun tetela

e)

bisa saniskareng karya

9.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasra bau ing Maespati
Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purune kang den antepi

watak saka Patih Suwanda kang patut dituladhani miturut tembang ing dhuwur, kejaba ....

a)

guna

b)

kaya

c)

purun

d)

kendel

e)

sabar

10.

Dhandhanggula


Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang rak sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang luluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana

Tetuladhan ingkang saged dipunpundhut saking Raden Kumbakarna ing pada 4 serat Tripama nginggil punika….

a)

Saged ngrampungi padamelan

b)

Saged males sihipu ingkang raka

c)

Cipta labuh nagari / mbela negarane

d)

Kelingan leluhur kang mbangun negarane

e)

Mati ing paprangan

11.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Tetuladhan ingkang saged dipunpundhut saking Adipati Karna ing pada 6 serat Tripama punika….

a)

prang tandhing kalih kadange pribadi

b)

males sih marang Sri Kurupati

c)

seneng perang

d)

ngetokna kabeh kasektene

e)

mati ing paprangan

12.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
. . . .
ngalaga ing Korawa.

Tembang ing dhuwur genepe . . . . 

a)

wus mukti aneng Ngalengka,

b)

Bratayuda ingadegken senapati,

c)

tan prabeda budi panduming dumadi,

d)

aprang rame Karna mati jinemparing,

e)

mangke arsa rinusak ing bala kapi,

13.

Gatekna paraga wayang ing ngisor iki!

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Adipati Karna

d)

Arjuna

e)

Rahwana

14.

Karna sejatine isih sedulure Pandhawa, nanging beda Bapa nunggil Ibu. Kawit cilik Karna diopeni dening kusir Kerajaan Ngastina lan nalika wis dewasa didadekake panglima perang dening Korawa. Ana ing perang Baratayuda, Karna nglawan Arjuna sedulure dhewe. Iku ditindakake Karna amarga . . . .

a)

Nuduhake sifat kendel

b)

Nuduhake jiwa patriotisme

c)

Nuduhake yen Karna bisa mrantasi gawe

d)

Nuduhake sifat wengis

e)

Nuduhake sifat bales budi

15.

Gatosaken tembang menika!


Ana bocah sing jenenge Sari,
Kesenengane ngrewangi wong tuwa,
Ingkang becik tumindake,
Ra tau ngomong saru,
Seneng solat lan ngaji,
Mring kanca tepa slira,
Lan ra seneng nesu,
Eman maring kakanca,
Jan bocahe ngurmati marang sesami,
Mula dadi tuladha.

(dening Zaki Husna)

Nilai kang bisa kajupuk saka tembang ing dhuwur yaiku nilai....

a)

moral

b)

agama

c)

sosial

d)

pendidikan

e)

budaya