Font size
WorksheetsAsesmen Awal Bahasa Jawa Kelas 9
Total questions: 21
Worksheet time: 15mins
Iketaning basa kang awujud syair diarani....
Pacelathon
Parikan
Geguritan
Sengkalan
abang birune gumantung pamulase Sang Dwija
siswa butuh kawicaksanan
ora mung owah-owahan
Tegese sang dwija yaiku....
Guru
Wong tuwa
Kancane
Sedulure
Ibu, wanodya utama
Asok sih mring putra
Tresnamu mbanyu mili
Tanpa kendhat siyang dumugining ratri
Sakehing bebaya kokadhepi wani
Ora angluh ora bekah bekuh
Amung kepengin nyembadani
Mukti raharjane putramu
Tema geguritan ing dhuwur kang trep yaiku....
Panguripan
Ibu
Pangorbanan wong tuwa
Anak
Siswa bebasan dluwang memplak
tanpa sunggingan
abang birune gumantung pamulase Sang Dwija
siswa butuh kawicaksanan
ora mung owah-owahan
Adhedhasar geguritan ing dhuwur, tegese tembung dluwang memplak yaiku.....
Isih suci
Bocah pinter
Bocah ugungan
Kaya kertas
Bener luput ala becik lawan beja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
mulane den ngati-ati,
sakeh dirgama,
singgahana den eling
Isine tembang Durma ing dhuwur kang trep yaiku....
Ala becik, bener luput iku saka wong liya marang awake dhewe. Mulane dhewe kudu ngati-ati karo wong liya.
Ala becik, bener luput bisa saka awake dhewe uga bisa saka wong liya. Mula awake dhewe kudu ngati-ati, lan kudu waspada.
Ala becik, bener lupur iku saka awakmu dhewe, mula dhewe kudu waspada marang wong liya.
Ala becik, bener luput, iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mula urip iku kudu ngati-ati, kudu tansah eling lan waspada.
Lawan aja maoni sabarang karya
sithik-sithik memaoni,
samubarang polah, tan
kena wong kumlebat,
ing masa mengko puniki,
apan wus lumrah,
uga padha maoni
Adhedhasar tembang ing dhuwur cacahe guru gatrane yaiku....
5
6
7
8
Ingkang eling iku padha angilangna,
marang sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis,
teka menenga,
mung aja sok ngrasani
kang duweni guru wilangan lan guru lagi 9i yaiku....
Mung aja sok ngrasani
Yen tan nggugu liya uwis
Mangkono tindakira
Marang sanak kanca kang lali
Apan ana sesiku telung prakara,
nanging gedhe pribadi,
puniki lilira,
yo kang telung prakara,
poma ywa nggunggung sireki,
sarta lan aja,
nacat kepati pati
1Guru lagu lan guru wilangan tembang Durma gatra wiwitan lan pungkasan yaiku…
12e lan 7i
12a lan 7i
12u lan 7a
12a lan 7u
Wasana cekap mekaten atur kula. Mbokbilih anggen kula matur kirang suba sita miwah tatakrama, saestu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Adhedhasar teks ing dhuwur kalebu.......sesorah
Salam panutup
Panutup
Dudutan
Pangare-arep
1. Salam pambuka
2. Surasa basa/isi sesorah
3. Dudutan/kesimpulan
4. Pambuka
5. Pangarep-arep
6. Salam panutup
7. Panutup
Urutan teks sesorah ing dhuwur kuwi salah, supaya dadi bener urut-urutane kang trep yaiku......
4-1-2-3-5-7-6
1-4-2-3-5-6-7
1-4-2-3-5-7-6
1-4-3-5-2-7-6
Putra siswa kelas IX kang banget dak tresnani. Aja lali sanajan wis ora sekolah ing kene, putra siswa kudu bisa njunjung lan mikul dhuwur SMP mu iki. Sing temen anggone ngudi elmu, tansah gondhelan tata krama lan suba sita. Kanthi mangkono muga-muga uripmu manggih basuki raharja nir ing sambekala
Pratelan kasebut ing perangane sesorah diarani…
Salam pambuka
Pambuka
Surasa basa/isi
Dudutan/kesimpulan
Kula kinten cekap semanten atur kula. Kupat kecemplung santen, sedaya lepat…
Paribasan kasebut yen dijangkepi unine…
nyuwun pangapura
nyuwun pangapunten
nyuwun sedanten
nyuwun ngapunten
Seni pentas (drama) tradhisiyonal sing asale saka Surakarta lan ngrembaka ing tlatah Ngayogyakarta, diarani....
Sandhiwara tradhisional jawa/kethoprak
Tonil
Drama
Sandhiwara modheren
Raseksa : “He manungsa aja dadi kageting atimu!”
Pak Taya : “Ora kaget piye. Ora ngerti sangkan paraning ngerti-ngerti ana wewujudan
nggenggirisi. Sapa kowe?”
Apa tegese tembung nggegirisi ing petilan sandhiwra ing dhuwur?
Nyusahi
Medeni
Ngageti
Apik banget
Raden Sadara: “Inggih, sowan kula wonten ing kadipaten Bojanegara menika estunipun mundhi dhawuh rama Siralawe ing Tuban saperlu nanjihaken bab jejodhohan antawisipun kakang Wiratmaya kaliyan kangmbok Retna Kumala, Paman.”
Adipati Sasranagara: “Ha..ha..ha..ha..pancen nalika semana aku klawan ramamu kuwi duwe kekarepan bakal ngraketake paseduluran kanthi srana njodokake Wiratmaya klawan putriku Retna Kumala… Apa pancen ramamu ngersakake jejodhohan iki diterusake?”
Adhedhasar petilan sandhiwara ing dhuwur setting panggonan sing trep yaiku ana ing....
kadipaten Bojanegara
Tuban
kadipaten Bojonegara
Kadipaten Tuban
Raden Sadara : “Kekarepanmu bisa klakon yen wis bisa nyempal bau kanan kiringing
Sadara.”
Patih Indrasekti : “Patembayanmu takwujudi.”
Patembayanmu takwujudi. Ukara kasebut tegese…
Panjalukmu takturuti
Pangajakmu takturuti
Pandongamu takturuti
Panantangmu takturuti
Aksara jawa iku cacahe ana....., dene aksara rekan iku cacahe.....
20 lan 6
20 lan 4
20 lan 5
20 lan 7
Wujude aksara rekan Kha sing bener yaiku....
Aksara Jawa kuwi yen diwaca unine....
Mangan roti
Mangan nanas
Mangan roti lan nanas
Mangan panas
Gunung Sindoro katon apik nalika wayah awan.
Tembung katon apik yen ditulis mawa aksara Jawa sing bener yaiku.....
Coba gambarake pangrasamu nyinaoni basa Jawa ing dina iki!

