NEW
Font size
WorksheetsPacelathon
Total questions: 21
Worksheet time: 14mins
Gunem-guneman antarane wong loro utawa luwih babagan salah sawijinine bab kang ditindaake kanthi langsung diarani....
geguritan
parikan
pachelathon
tembang
wong Jawa yen pacelathon diatur dening ...
ungah-unguh kata
ungah-unguh basa
ungah-unguh kalimat
ungah-unguh wicara
cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ana ...
loro utawa luwih
akeh banget
siji utawa luwih
ora bisa dietung
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Manut naskah kasebut iku sing perlu digatekake maca geguritan yaiku ....
lafal lan intonasi
irama lan ekspresi
lafal, intonasi, ekspresi, lan irama
penjiwaan, ekspresi lan lafal
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....
ngoko alus
krama alus
krama lugu
ngoko lugu
Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ....
jenenge paraga
tema pacelathon
tujuwane pacelathon
swasana pacelathon
Tanda waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan ucapane yaiku ....
titik
petik
titik loro
koma
Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....
kanca sakelas
guru marang siswa
anak marang wong tuwa
wong tuwa marang anak
Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”
Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”
Candra : “Inggih , Bu!”
Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.
Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....
ngoko
krama
campuran
ngoko andhap
Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.
Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.
Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...
Ibu lan Bapak
Arka lan Bapak
Ibu lan Arka
Arka lan Rama
Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ...
Wujude omong-omongan (imbal wacana)
Migunakake ukara crita
Paraga mung wong siji
Nganggo ukara sing dawa
Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.
Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.
Pacelathon ing ndhuwur ditindakake wayah dina ...
Isuk
Awan
Sore
Bengi
saben pacelathon mesthi duweni ancas, kajaba....
sarana ngapusi
sarana pangajak
menehi hiburan
menehi informasi
Pacelathon kang nduweni tujuan supaya mitra tuture gelem nindakake apa kang dikarepake diarani....
Sarana ngapusi
Sarana Pangajak
Menehi Hiburan
Menehi Informasi
Ana ing teks pacelathon perangan kang manggon ana ing sisih kiwa diarani....
paraga
omongan
ringkesan
judul
Susi mangan kacang godhok lan ibune ... kripik pisang.
Ukara iku kudune dijangkepi tembung ....
dhahar
mangan
nedha
maem
Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko lugu yaiku ....
Kowe wingi neng ngendi?
Mbak, aku nyuwun jajan meneh.
Ibu kesah nyambut damel.
Ibu tindak nyambut damel.
miturut unggah-ungguh basa, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ...
basa ngoko lugu lan ngoko alus
basa krama lan basa ngoko
basa krama alus lan krama lugu
basa ngoko lugu lan krama alus
Pacelathon wong tuwa marang bocah enom nggunakake ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak ... dhateng Solo. Tembung sing trep yaiku
Lunga
Sare
Tindak
Siram
Bu guru nggawa buku. Tembung nggawa krama aluse ....
Mbeta
Ngasta
Nyangking
Pirsa
