NEW
Font size
WorksheetsTembung Entar
Total questions: 15
Worksheet time: 12mins
Bagyo iku gedhe endhase dumeh anake wong sugih , gedhe endhase tegese . . .
A. Sirahe gedhe
B. Seneng nyolong
C. Sombong, gumedhe
D. ngelu
Aja glethak-glethek yen ndheleh barang, amarga Marsiyem iku dawa tangane, tegese seneng . . .
A. tuku
B. nyilih
C. nyolong
D. dolan
Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek . . .
A. Dhuwit
B. Gaweyan
C. Ilmu
D. kanca
Menawa nonton TV aja nganti wengi, amarga sesuk kepancal sepur anggone sekolah. Kepancal sepur tegese . . .
A. kecelakaan
B. telat/kaseb
C. ditabrak sepur
D. kesed
Suryani iku pancen ati dhondhong tenan, karo kancane cengkiling/seneng nggepuk. Ati dhondhong, tegese elek . . .
A. omahe
B. bijine
C. atine
D. klambine
Tugino dikandhani ngono wae abang kupinge. Abang kupinge tegese . . .
A. kupinge wernane abang
B. nesu / ngamuk
C. kupinge lara
D. nangis
Dina pancen bocahe ayu lan lurus atine. Lurus atine tegese . . .
A. elek atine
B. nakal
C. jujur
D. loma
Si Gombloh kae pancen doyan mangan, menyang endi-endi mesthi nggawa panganan. Tembung entare bocah sing panganane akeh, yaiku weteng . . .
A. plastik
B. wakul
C. karung
D. kadhut/karet
Indri karo Runi sabendina nggosip utawa ngrasani kancane. Seneng nyatur/ nggosip tembung entare . . . ilate
A. dawa
B. putih
C. gatel
D. lunyu
Rai gedheg, tegese . . .
ora oleh opo-opo
njarag sing ora luput
ora ndue isin
ora ndue ilmu
Wedi getih, tegese . . .
jirih
nesu
entuk kesempatan
ora ndue isin
Ngemut driji, tegese . . .
ora oleh apa-apa
ora ndue isin
rembuge kepenak
gedhe gegayuhane
Empuk rembuge, tegese . . .
ora ndue isin
ora oleh opo-opo
akeh wong padha nangis
rembuge kepenak dirungoke
Gunemane mencla-mencle, tembang entare yaiku . . .
lunyu ilate
gatel untune
tangane lara
lara watuk
Wong sing wegah nyambut gawe mesti rekasa uripe. Tembung entar saka wegah nyambut gawe yaiku . . .
padhang pikire
rupak atine
ngekep dhengkul
luhur budhine
