Font size
WorksheetsPengayaan Soal Basa Jawa
Total questions: 149
Worksheet time: 1hrs 19mins
Buta buta galak kuwi salah sijine contoh tembang ...
Nasihat
Dolanan
Pucung
Buta galak tegese ...
Sing nyenengake
Sing medeni
Sing lucu
Lagu gundhul pacul asale saka ...
Jawa Barat
Jawa Timur
Jawa Tengah
Aksara jawa kuwi cacahe ana ...
15
20
30
Dude numpak sepeda ugal-ugalan, Dude tiba nganthi babak....
Waras
Tugel
Bundhas
Rucah
Ora perlu metani lupute liyan.
Tembung lupute tegese....
Benere
Rambute
Jawabane
Salahe
Pak Mardi uripe rekasa, amarga anake akeh, paribasan....
Kacang ora ninggal lanjaran
Kebo kabotan sungu
Kutuk marani sunduk
Kere munggah bale
Pitik walik saba meja = ......
nanas
sulak/ kemocing
andha
celengan
Sega sakepel dirubung tinggi = ......
salak
nanas
andha
sulak
Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung
Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha
pesawat
montor
andha
Trek
Lawa lima kalong telu, pira? = ......
loro
siji
wolu
telu
Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....
andha
sumur
geni
genteng bocor
Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......
geni
banyu
lemah
angin
Duwe rambut ora nduwe endhas = ......
jagung
pari
sulak
nanas
Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......
sulak
nanas
salak
andha
Gajah numpak beccak ketok apane ? = .......
gedhe
ngapusi
awake
becake
Jenenge padha karo rasane = ......
keset
legi
asem
pait
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....
cangkriman
plesedan
unen-unen
paribasan
Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....
cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)
cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan
cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan
cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan
Jenise utawa wujude cangkriman kuwi ana...macem.
siji
telu
papat
enem
Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.
Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....
pepindan
irib-iriban
sinawung ing tembang
wancahan/cekakan
Pakbo letus, batangane...
tipak kebo meletus
tibake pak rebo duwe lele satus
tipak kebo lelene satus
ngidak kebo lan lele satus
Jurang isi banyu, gumuk isi watu
ukara ing nduwur iku cekakan saka tembung....
tulus kerda
tuwok rawan
rangsinyu, muksitu
pakbo beletus
Untu krowok larane ora karu-karuan.
ukara ing nduwur iku wancahan saka tembung....
burnas kopen
buta buri
gerbong tulis
tuwok rawan
Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....
tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung
Bosok malah enak
Wong adol krambil dikepruki.
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dikethok malah mundhak dhuwur.
Batangane...
sabuk
clana
pring
nanas
Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku...
dikethok malah dhuwur
sego sakepel dirubung tinggi
burnas kopen
Ana gajah numpak becak, ketok apane?
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Cangkriman ing nduwur kalebu jenise cangkriman kang awujud...
cekakan
sinawung ing tembang
plesedan
pepindan
Bapak pucung amung sirah lawan gembung,
Padha kinunjara,
Mati sajroning ngaurip,
Mijil baka si pucung dadi dahana.
Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...
sepur
jun/wadah banyu
pentol korek
salak
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngoningone sang bupati
yen lumaku si pucung lambeyan grana.
batangane cangkriman kuwi...
sepur
sabuk
gajah
jun/wadah banyu
Cangkriman kang awujud tembang ing ngisor iki sing batangane SABUK yaiku...
Bapak pucung, saben dina transah bingung,
badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira
bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngoningone sang bupati
yen lumaku si pucung lambeyan grana
renteng renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pocung mung turut kutha
bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
tangan papanira,
nuduhake rina wengi,
lamun mati bingung wektu sang bendara
bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
tangan papanira,
nuduhake rina wengi,
lamun mati bingung wektu sang bendara
Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...
sepur
gajah
kalung
jam tangan
Unen unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi guru swara diarani....
Cangkriman
Parikan
Wangsalan
Sengkalan
Sawo kecik ditandur ing tengah latar,
Luwih becik kudu ulah ati sabar.
Parikan ana ing ndhuwur ngemu pitutur...
Kudu tumindak kanthi sabar
Ngajak nandur sawo ing latar
Sawo bisa gawe ati sabar
Wong kang sabar kudu nandur sawo kecik
Ngasah arit kudu landhep.
......
Larik isi kang trep kanggo parikan ing ndhuwur yaiku...
Dadi murid nganti tuwa
Dadi murid kudu pinter
Dadi murid kudu sregep
Dadi murid kudu bekti
Ukara kapisan saka parikan diarani...
Purwaka
Isi
Wasana
Parwaka
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi murid, sing sregep sinau.
parikan wonten ing nginggil kedadeyan saking pinten ukara?
Setunggal
Kalih
Tiga
Sekawan
Pitik blorok, manak siji
Jare kapok, malah ndadi
Parikan wonten ing nginggil kadadosan saking pinten wanda?
(2 wanda + 2 wanda) x 2
(4 wanda + 4 wanda) x 2
(6 wanda + 6 wanda) x 2
(8 wanda + 8 wanda) x 2
Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?
Dara mangan pari, durung bada wis nganyari
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge Ali
Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
Ajar kenal karo aku.
Supaya dadi parikan, purwaka kang pas kanggo ukara mau yaiku....
Semarang kaline banjir
Gunungkidul kaline jembar
Srayu ana banyumas
Kendal kaline wungu
Kembang menur, sinebar den awur-awur.
Yen wis makmur, aja lali mring .........
Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku...
Kanca
Wong tuwa
Sedulur
sanak kadang
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid aja seneng keceh .....
Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ana ing dhuwur yaiku...
Arta
Dhuwit
Toya
Banyu
Parikan : Abang-abang ora legi, tiwas dagang . . . .
mesti payu
ora lali
ora bathi
ora sugih
Ireng-ireng gorengan kopi, ....
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....
Legi-legi rasane gula
Ati seneng juwara siji
Bocah cilik ajar ngaji
Ngenteni bocah sing keri
Parikan kanti paugeran (4 wanda + 6 wanda) x2
ana gajah ngidak pari
ana bocah ora duwe wedi
tuku klasa ning warunge Imah
wedi dosa ayo ngibadah
lunga pasar tuku gula Jawa
ayo ajar basa Jawa
Gula Jawa rasane kok legi
dadi siswa kudu sing gemati
Kang diarani purwakanthi guru swara yaiku tetembungan kang runtut ing...
tulisane utawa sastrane
tembunge
aksara vokale
aksara konsonane
Isa gambang ora isa nyuling
.................................................
Isa ngendang ora isa nyanting
Isa nyawang ora isa nyanding
Isa ngomong ora isa aweh tuladha
Isa ngarang ora isa mangsuline
Numpak andhong sakdhokare,...
gotong-royong ro kancane
najan gosong enak rasane
kursine kosong ro mejane
kulite gosong kakehan dhedhe
Sawo kecik ditandur ing tengah latar,
Luwih becik kudu ulah ati sabar.
Parikan ana ing ndhuwur ngemu pitutur...
Kudu tumindak kanthi sabar
Ngajak nandur sawo ing latar
Sawo bisa gawe ati sabar
Wong kang sabar kudu nandur sawo kecik
Gula Jawa rasane legi
mring wong tuwa kudu bekti
Parikan kasebut isi ....
pitutur
lelucon
pitakon
sindiran
Ana bungah, ana susah, iku wis lumrah
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Ridwan awan-awan mangan mendoan ing lapangan
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Laras, lurus, leres, laris
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Raja putra, putrane Raja Alengka
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa
Wong rabi iku kudu bobot, bibit, bebet
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Rujak dhondhong, dhondhonge sisaning kalong
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Cah wadon iku kudu regen, tegen, mugen
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Siti Susiati saiki seneng susu sapi
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Jaman bubrah, sing salah malah disembah-sembah
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakwanthi guru basa
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....
Cangkriman
Geguritan
Wangsalan
Bebasan
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge
Paribasan
Bebasan
Saloka
Wangsalan
Becik ketitik ala ketara, tegese ....
tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan
bia njunjung drajate wong tuwa
wong tuwa njaluk warah wong enom
wis nate lunga teka ngendi-ngendi
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....
wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak
luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane
wong duwe kekarepan sing mokal kelakone
prakara cilik dadi gede
Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....
Kebo nusu gudel
Kebo kabotan sungu
Kebo lagi turu
Kebo mangan suket
Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...
Asu rebutan balung
Becik ketitik, ala ketara
Gupak pulute ora mangan nangkane
Mlakune kaya macan luwe
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Mikul dhuwur mendhem jero
Cebol nggayuh lintang
Jer basuki mawa beya
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Rukun agawe santosa, crah agawe ....
susah
sedih
bungah
bubrah
Wong tuwa sing kuwalahan ngramut anake digambarake kaya...
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
durung pecus keselak besus
ancik ancik pucuking eri
Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.
Paribasane ...
Busuk ketekuk pinter keblinger
Becik ketitik ala ketara
Adigang adigung adiguna
Jer basuki mawa beya
Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...
wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae
wis ditulungi malah ora matur suwun
nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan
wong asor naging sugih kapinteran
Dasanamane angin yaiku ...
Wara
Bayu
Ari
Rikma
Dasanama kang cocok kanggo gambar ing ndhuwur yaiku ..
Candra
Bagaskara
Yasa
Duhita
Tembung "raditya" iku dasanama saka tembung ...
Srengenge
Rembulan
Langit
Lintang
Dasanama kang ora trap kanggo gambar ing ndhuwur yaiku ...
Buwana
Jagawana
Jagad
Pratiwi
"Antariksa" iku dasanama saka tembung ...
Langit
Banyu
Geni
Gunung
Tembung "riwut" iku dasanama saka ...
Angin
Watu
Sepi
Rame
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas.
Tresnaku sundhul wiyati.
Tembung dasanama kang kacithak miring ana ing pratelan ndhuwur tegese ...
Udan
Langit
Angin
Rembulan
"Sitaresmi" iku dasanama saka ...
Rembulan
Langit
Srengenge
Bumi
Tembung "braja" iku dasanama saka tembung ...
Angin
Donya
Bumi
Wiyati
Sinau online kudu sregep, ora pareng ....
umuk
turu
kesed
dolan
Sikilku gunane kanggo ..........
ngrungokake sing apik
ngomong sing apik
mlaku mangkat sekolah
Aku ngaji lan sinau jam 08.00 bengi. Banjur ngresiki kasur kanggo ........
dolanan
turu
lungguh
Adiku ono loro.
Basa Krama loro yaiku .....
tigo
kaleh
setunggal
Menthok-menthok, Gundhul Pacul, lan Jaranan diarani tembang ........
dolanan
pop
mocopat
Tembang dolanan iku ditembangake bocah-bocah naiko ......
sinau
dolanan
turu
Akbar dipundhutake kertas. Dipundhutake basa ngokone yaiku ....
Digaweake
Ditukukake
dijupukake
Ibu tuku gula. Tuku krama aluse ....
mundhut
tumbas
nyuwun
Bapak sampun sare. Basa ngoko lugune ukara ing sisih yaiku ....
Bapak wis turu
Bapak lagi turu
Bapak wis waras
Pakdhe mirsani TV. Tembung mirsani krama lugune yaiku ....
ndeleng
nonton
ningali
Budhe dahar rawon. Dhahar basa ngokone yaiku ....
ngombe
mangan
ngunjuk
Supoyo pinter kudu sregep ....
turu
males
sinau
Guneman karo wong tuwa kudu nganggo ....
swara banter
tata krama
solah tingkah
tatanen supaya dadi ukara kang bener
putri – ndongeng – simbah – lagi
simbah putri lagi ndongeng
ndongeng lagi simbah putri
putri simbah ndongeng lagi
apa sebabe untu iso putih lan resik
sregep tetulung
sregep sikatan
males sikatan
Pilihen 3 tembung pitakon ngoko ing ngisor iki!
(Pilihlah 3 kata tanya ngoko di bawah ini)
apa
ora
sapa
kepriye
Pilihen 3 tembung pitakon krama!
(Pilihlah 3 kata tanya krama)
menapa
wonten pundi
pinten
mboten
Sing kalebu ukara pitakon yaiku . . . .
(Yang termasuk kalimat tanya yaitu)
Bocah kae saka ing endi?
Tulung jupukna andha!
Tamune gaweknaunjukan?
Aku tanduran
Wohku gedhe-gedhe
Wohku yen mateng dadi buah
Dene yen mentah bisa bisa dimangsak dadi sayur
Jenengku ...
semangka
tomat
kates
Tetanduran kang kena kanggo tamba diarani ...
warung hidup
warung obat
apotek hidup
Ing ngisor iki endi kang kalebu undha usuk basa?
krama lugu / krama madya
krama alus / krama inggil
ngoko alus
ngoko lugu / andhap
tata tembung
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor
Cerita kang wis tau dideleng utawa dilakoni saben dinane diarani...
Cerita Cekak
Cerita Pengalaman
Cerita Wayang
Cerita Fiksi
Sing ora kalebu pigunane cerita pengalaman yaiku...
Minangka piwulang/guru kang utama
Minangka panglipur
Minangka gawe reruweting pikir
Nambahi kawruh
Cangkriman yaiku...
Unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang
Unen-unen sing gambarake percakapan
Unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca
Unen-unen sing penak digawe tetembangan
Cangkriman bisa kabedakake dadi 4,yaiku...
Cangkriman wantah, pepindhan, plesedan, wujud tembang
Cangkriman wancahan, pepindahan, plesedan, tembung
Cangkriman wancahan, pepindhan, plesedan, tembang
Cangkriman wantahan, pepindhan, plesedan, tembang
kang ora klebu paugeran parikan
Kedadean saka rong ukara
Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindo wosse
Migunakake purwakanti guru basa
Migunaake puwakanti guru swara
Parikan kanti paugeran 4+6 x2
ana gajah ngidak pari
ana bocah ora duwe wedi
tuku klasa ning warunge Imah
wedi dosa ayo ngibadah
lunga pasar tuku gula Jawa
ayo ajar basa Jawa
Gula Jawa rasane kok legi
dadi siswa kudu sing gemati
Sega sak kepel dirubung tinggi. Unen-unen iku kalebu cangkriman awujud...
Tembang
Pepindhan
Wancah
Plesedan
Panulise ukara ing basa Jawa sing bener manut tata panulise yaiku
adhiku loro weteng
motone kucing ana loro
sawise angka wolu yaiku angka sanga
aku moco aksara jowo
Bapak lagi .... dene aku lagi .....
Kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur, sing bener yaiku...
sare, turu
sare, siram
dhahar, dhahar
nedha, dhahar
basa kramane angka 23 yaiku ...
(a)
Panulise tembung ing basa jawa manut tata panulis sing bener yaiku tembung ...
kutha
budal
sandhal
bathi
ukara ngango basa ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus.
Yen ibu sida lunga menyang omahe simbah sesok, aku arep turu neng omahe budheku.
Saka Tembang Pangkur ing ngisor iki guru gatrane cacahe ana …
Sekar Pangkur kang Winarna,
Lelabuhan kang kangge wong aurip,
Ala lan becik punika,
Prayoga kawruh ana,
Adat waton punika dipunkadulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesthi siyang ratri
7
9
6
8
10
Saka Tembang Pangkur ing ngisor iki gatra kaping 6 guru lagune yaiku …
Sekar Pangkur kang Winarna,
Lelabuhan kang kangge wong aurip,
Ala lan becik punika,
Prayoga kawruh ana,
Adat waton punika dipunkadulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesthi siyang ratri
Taling/ e
Talingtarong /o
Wulu/ i
Suku / u
Nglegena/ a
Saka Tembang Pangkur ing ngisor iki cacahing wanda gatra kaping 3 yaiku …
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kertarto, pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawi,
Agama-ageming aji.
10
6
7
8
12
Saka Tembang Pangkur ing ngisor iki tembung “Kang tumrap neng tanah Jawi” tegese yaiku …
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kertarto, pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawi,
Agama-ageming aji.
Ana ing tanah Jawa
Saka tanah Jawa
Saka wong Jawa
Kanggo wong Jawa
Dadi wong Jawa
Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh anangisor wit randhu, oranglegewa yen Winartowis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesenkang kakandhut yaiku ….
Sumiyati putra kang bekti marang ibune
Sumiyati mung predhuli marang Winarto
Sumiyati putra kang bhekti marang ibune
Winarto seneng ndelikngamati Sumiyati
Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto
Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan minangka panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang kagiyatan suci sanesipun.
Saka pethilan wacaningdhuwur, nilai-nilaikangkakandhutyaiku …
Pendhidhikan
Religi
Moral
Sosial
Etika
Ing ngisor iki, jenis paraga ing crita cekak yaiku ...
Pantagonis, protagonis, utama
utama, kepindho, katelu
protagonis, antagonis, tritagonis
antagonis, tritagonis, figuran
protagonis, utama, figuran
Ing ngisor iki kang ora kalebu ciri-ciri cerkak yaiku ...
Critane dawa
Critane ringkes
Ana gegayutan karo lelakone manungsa
Ana alur crita
Cacahe tembung kurang saka sewu tembung
“Dina Sabtu, 6 November 2021 ing SMK Satya Pratama Salaman ana kegiyatanVaksinasi Covid-19 dosis 2.”
Saka pethilan pawarta ing dhuwur, unsure pawarta sing ora ana yaiku …
When
Where
Who
Why
What
Para pamiyarsa, sugeng enjang, pawarta ingkang sepisan inggih menika Magelang katerjang banjir lahar saking Redi Merapi.
Miturut andharan kasebut pawarta digiyarake lumantar …
Tivi
Koran
Radio
Ariwarti
Internet
Sifat pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas yaiku ...
OpinI
Objektif
Aktual
Wigati
Congkrah
Perangan omah joglo kang dumunung ing ngarep dhewe,fungsi utamane kanggo nampa tamu lan tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Perangan omah iku kasebut…
Gandhok
Senthong
Dalem Agung
Pringgitan
Pendhapa
Perangan omah joglo kang digunakake kanggo nggelar ringgit utawa upacara tradhisional. Perangan omah iku kasebut ...
Gandhok
Pendhapa
Senthong
Pringgitan
Dalem Agung
Jinis sandhangan mandaswara ana 5. Ing ngisor iki kang ora kalebu sandhangan mandaswara yaiku ...
Sandangan cakra
Sandhangan panyigeg
Panjing Wa
Sandangan keret
Sandangan pengkal
Sandhangan Mandaswara duweni pirang-pirang fungsi. Ing ngisor iki fungsi Sandhangan mandaswara kang trep yaiku ...
Panulisan aksara vokal
Panulisan saka Basa Arab
Panulisan saka Basa Asing
Panulisan angka jawa
Panulisan gugus konsonan
Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar ing ngisor iki yaiku …
Pemerintah Yogyakarta nganakake sunatan massal
Pemerintah Yogyakarta nganakake pengetan 10 Suro
Pemerintah Yogyakarta nganakake pengetanMaulid Nabi
Pemerintah Yogyakarta nganakake buko bareng bocah yatim
Pemerintah Yogyakarta nganakake cek kesehatan
Gambar ing ngisor iki perangan omah joglo kang diarani ….
Pendhapa
Senthong
Pringgitan
Gandhok
Dalem Agung
Gambar ing ngisor iki perangan omah joglo kang diarani ...
Gandhok
Pringgitan
Dalem Agung
Pendhapa
Senthong
Saka wacan ing ngisor iki nyritakake babagan ...
Tliti nulis aksara Jawa
Tliti maca aksara Jawa
Pinter nulis aksara Jawa
Pinter maca aksara Jawa
Trampil maca aksara Jawa
Saka wacan ing ngisor iki Candi Borobudur kajaba kanggo objek wisata uga kanggo papan piranti ...
Gelar kesenian budaya
Resepsi penganten
Upacara agama Budha
Pagelaran ringgit purwa
Panggonan dedonggo
Tibaning swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....
Guru sastra
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Guru pada
Cacahing wanda saben sagatra diarani ....
Guru sastra
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Guru pada
POCUNG
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,
kaseselan hawa,
cupet kapepetan pamrih,
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Tembung ‘kawruh’ padha tegese karo…
Nulis
Maca
Nyemak
Ngelmu
Paham
POCUNG
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,
kaseselan hawa,
cupet kapepetan pamrih,
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Tembung hawa tegese....
Ngerti kahanane liyane
Banget prihatine
Rasa bekti
Tumindak kabecikan
Sipat nepsu
POCUNG
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,
kaseselan hawa,
cupet kapepetan pamrih,
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Tembung “mring” kadhapuk saka tembung “maring” kang wanda ngarep sengaja diilangi kanggo nyuda guru wilangan. Paugeran anggitan kang kaya mangkono iku diarani....
Uluran
Plutan
Wancahan
Titilaras
Sandhi asma
Tembung ‘piwulang’ tegese…
Tatacara tingkah-laku
Unggah-ungguh basa
Wohing pamikir
Pitutur kang migunani
Manpangati wong akeh
POCUNG
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul,
kaseselan hawa,
cupet kapepetan pamrih,
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Gancaran kang jumbuh mungguh cakepan gatra kaping siji, yaiku....
Kang tansah netepi kawruh.
Durung paham ngelmu nanging kesusu marai.
Ngelmu iku dilakoni kanthi prihatin.
Tumindak becik iku kayata nglatih laku.
Sipat angkara kang ngambra-ambra ing badan.
Cupet kapepetan pamrih. Perkara kang ora entuk pamrih miturut tembang kasebut yaiku perkara..........
Sinau kanthi tekun
Kacampur hawa lan nepsu
Wewarah ngelmu marang wong liya.
Ngupaya budi pakerti
Tansah sabar ngadhepi kahanan
Beda karo karya sastra kang awujud gancaran/prosa kayata: crikak, novel lan cerbung. Tembang
Pocung iku minangka karya sastra Jawa kang kalebet puitis, saengga carane mangerteni piwulange kudu mangerteni saben-saben tembunge dhisik, sawise iku banjur...
Digawe gancarane
Dimangerteni ukarane
Digawe pitakone
Dipahami metrume
Digawe wangsulane
Tembang macapat iku kalebu tembang yasan. Apa tegese tembang yasan?
Nembangke kanthi medhot wanda papat-papat
Tembang kang migunakake titilaras
Ngewrat bab pitutur luhur
Kerep kanggo iringan wayang
Dianggit dening sawijining tiyang
