wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Struktur Teks Drama Basa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Pangertene Drama sing didhefinisina ing Buku Paket Kirtya Basa Kelas 9 ya iku....

a)

pawarta (berita) sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon, lan tingkah laku.

b)

asil dhiskusi sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog, lan tingkah laku.

c)

crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog, lan tingkah laku.

d)

kabar sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog, lan tingkah laku.

2.

Conto pagelaran panggung sing ora kalebu drama tradisional ya iku....

a)

Lodrug

b)

Kethoprak

c)

Teater

d)

Wayang

3.

Tuladha irah-irahan utawa judhul ngisor iki sing ora kalebu drama modern ya iku...

a)

Mahabharata

b)

Ya Wis Ben

c)

Preman Pensiun

d)

Upin & Ipin

4.

Unsur basa kang biasane dienggo pagelaran Kethoprak ya iku....

a)

Basa Solo-Jogja

b)

Basa Surabayan

c)

Basa Wetanan

d)

Basa Mojokertoan

5.

Struktur  teks  drama/naskah  drama  dumadi  saka....

a)

dhialog, alur,

tokoh, plot.

b)

dhialog, tema,

tokoh, setting

c)

judhul, tema,

tokoh, plot.

d)

dhialog, tema,

tokoh, plot.

6.

Struktur tesk drama kang awujud inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane, diarani...

a)

dhialog

b)

tema

c)

tokoh

d)

plot

7.

Struktur tesk drama kang awujud rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah

drama,nanging uga ing saben adegan, diarani...

a)

dhialog

b)

tema

c)

tokoh

d)

plot/alur

8.

Plot utawa alur ing struktur teks drama dumadi saka....

a)

resolusi, komplikasi, klimak, anti klimak, ending

b)

eksposisi, komplikasi, klimak, anti klimak, ending

c)

eksposisi, komplikasi, klimak, anti klimak, refleksi

d)

eksposisi, narasi, klimak, anti klimak, ending

9.

Bageyan plot utawa alur sing nerangake konflik-konflik ing adegan-adegan sing muleg dadi konflik puncak, diarani...

a)

eksposisi

b)

komplikasi

c)

klimak

d)

ending

10.

Ana ing teks drama, unsur basa sing diandharake utawa dijelasake diwatesi ana ing wujud rakitane teks, yaiku teks dhialog lan gancaran. Sing diarani teks dhialog ya iku....

a)

Teks sing bakal diomongake utawa dilisanake para paraga.

b)

Teks sing manggon ing awal drama

c)

Teks sing manggon ing akhir/pungkasane drama

d)

Teks sing diwacakake narator utawa wong sing crita

11.

Tari kang biyasane kanggo ngawiti pagelaran Lodrug ya iku....

a)

Tari Jaranan

b)

Tari Rema

c)

Tari Reog

d)

Tari Gambyong

12.

Tontonan kang nduweni aturan pakem, nyritakake crita rakyat jaman kuna, crita kepahlawanan lan isine kadhang ora kalebu ing nalar iku kalebu ciri khase drama....

a)

modern

b)

komedi

c)

tradisional

d)

tragedi

13.

Drama kang nyritakake uripe manungsa jaman saiki, nyritakna masalah saben dina, utawa sing lagi viral sing nduweni tujuwan aweh patuladhan tumrap urip bebrayan diarani drama....

a)

modern

b)

komedi

c)

tradisional

d)

tragedi

14.

bageyan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing crita kasbeut, watak wantune, (karakter), latar papan, paggonan, lan wektu dumadine crita, lan minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita diarani....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

15.

Wong sing ngatur lakune drama diarani....

a)

Pengarang

b)

Sutradara

c)

Seniman

d)

Paraga

16.

Paraga kang nduweni watek ala/elek biasane diarani....

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Provogonis

17.

Naskah sing dienggo pathokan ana ing drama modern diarani...

a)

Kitab

b)

Skenario

c)

Sutradara

d)

Proposal

18.

Urut-urutane crita sajrone teks drama diarani ...

a)

Tema

b)

Latar

c)

Alur/Plot

d)

Setting

19.

Panggonan, wektu lan swasana crita sajrone teks drama kalebu ana ing struktur teks drama...

a)

Tema

b)

Latar/Setting

c)

Alur/Plot

d)

Amanat

20.

Nilai budi pekerti drama kang nggathukake, nyambungake, lan nyocogake nilai budi pekerti karo panguripan ing jaman saiki utawa dipadhakake ing panguripan sabendinane, diarani....

a)

Reformasi

b)

Resolusi

c)

Reaksi

d)

Relevansi