NEW
Font size
WorksheetsPengayaan Bab Tembang Macapat
Total questions: 47
Worksheet time: 24mins
Tembung "tembang" kalebu leksikon basa Jawa ngoko, yen ragam kramane yaiku .....
macapat
sekar
kembang
tembang alit
Pranyatan sing trep gayut karo definisi tembang yaiku .....
kagunan seni sing endah lan kebak tembung-tembung ala
kasiling basa sing edi lan endah sing wujude arupa rerangken tembung-tembung bebas sing ora diatur pranatan
wujuding karangan sing didhasari lagu utawa metrum lan duweni sipat endah
lagu Jawa sing ora kaiket karo aturan baku utawa metrum
Tembang miturut periodene kabagi dadi tembang gedhe, tengahan, ......, lan ......
macapat lan ageng
ageng lan macapat
macapat lan dolanan
macapat lan tengahan
Diarani macapat miturut buku Mardawalagu yasane Raden Ngabehi Ranggawarsita yaiku tembang macapat mujudake urutan wacan kang kaping .....
siji
loro
telu
papat
Tegese tembang macapat sing ora trep yaiku .....
tembang macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat
tembang macapat tegese tembang sing anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda)
tembang macapat tegese maca kanthi nganggo iramaning tembang utawa metrum kang endah
tembang macapat tegese tembang sing endah mawa aturan metrum lan kudu papat-papat macane
Tembang macapat mujudake karya sastra basa Jawa Baru sing wis lumrah kanggo nulis buku-buku. Wiwitane dinggo nulis kasusastran Jawa yaiku nalikane abad kaping .....
15
16
17
18
Akeh gagasan sing nemtokake kapan tuwuhe tembang macapat. Bisa dipesthekake tembang macapat wiwit tuwuh yaiku antarane .....
pungkasaning abad 16 masehi tumeka wiwitane abad 19 masehi
pungkasaning abad 16 masehi tumeka wiwitane abad 20 masehi
pungkasaning abad 17 masehi tumeka wiwitane abad 19 masehi
pungkasaning abad 18 masehi tumeka wiwitane abad 19 masehi
Tembang Dhandhanggula digawe dening .....
Sunan Bonang
Sunan Kalijaga
Sunan Muria
Sunan Drajat
Yen Sunan Muria yasa tembang macapat Sinom lan Kinanthi, Sunan Drajat yasa tembang macapat .....
Asmarandana
Dhandhanggula
Pangkur
Pocung
Cacahe tembang macapat sing lumrah yaiku .....
10
11
12
15
Kapan tuwuh/timbule tembang tengahan lan macapat miturut cathetan sejarah?
Demak wiwitan
Mataram Islam
Pajang akhir
Majapahit akhir
Tembang macapat Sinom guru gatra kaping pitune yaiku .....
8i
7a
8a
6u
Macapat nduweni teges panca 'lima' lan repat 'kumpul' suwara lima, yaiku kajaba .....
swara nglegena
swara suku lan wulu
swara pepet
swara taling lan taling tarung
Tembang macapat kang dumadi saka 6 gatra uga guru wilangane kabeh ana 8 wanda, yaiku tembang .....
Pangkur
Asmarandana
Kinanthi
Mijil
Yuda kenaka iku sasmitane tembang macapat .....
Pangkur
Sinom
Dhandhanggula
Kinanthi
Gladhen nembang macapat sing becik iku kudu ngerti "luk"; wondene luk sana nada/titilaras sing mudhun lan munggah utawa suwalike kanthi mlumpat, nadane ora urut, tuladhane nada 2513, 7524, lan liya-liyane. Jinis luk sing kaya iku diarani luk .....
Ndhudhuk
Nyeklek
Niba
Tangi
Bapak Pocung rupane saengga gunung/ tan ana kang tresna/ saben uwong mesthi sengit/ yen kanggonan den elus-elus tinangisan. Cakepan tembang Pocung kasebut batangane yaiku .....
Kutil
Wudun
Kukul
Jerawat
Cakepan ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake tembung-tembung kawi, contone: "Sinerat ing Buda Manis, ....// Ing basa padintenan tembung "Buda Manis" duwe teges sing padha karo tembung .....
Minggu Kliwon
Rebo Pahing
Senen Pon
Rebo Legi
Tembung-tembung ing cakepane tembang macapat akeh kang nggunakake tembung “garba, plutan, wancahan”; gunane kanggo nyukupi guru …....
Gatra
Wilangan
Lagu/dhong-dhing
swara
Tembung “baliswara” kerep digunakake ing cakepane tembang macapat; gunane kanggu nyukupi guru …...
Lagu/dhong-dhing
wilangan
gatra
basa
Tembang macapat “Dudukwuluh” ana uga kang ngarani tembang macapat ….
Sinom
Megatruh
Kinanthi
Pangkur
“Kencana timbul ing warih” iku sasmitane tembang macapat ….
Maskumambang
Mijil
Durma
Dhandhanggula
Laras ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake “titilaras Kepatihan” laras Slendro lan Pelog. Laras Slendro iku pathete ana 3 (telu), kejaba laras Slendro pathet ....
Nem
Sanga
Manyura
Barang
Laras ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake “titilaras Kepatihan” laras Slendro lan Pelog. Laras Pelog iku pathete ana 3 (telu), kejaba laras Pelog pathet .... .
Nem
Lima
Manyura
Barang
Gatra ing tembang macapat kang guru wilangane dumadi 5 – 8 wanda prayogane dilagokake saknapas, ora prelu dipedhot ing satengahing wanda. Pedhotan kang ana satengahing tembung kang durung rampung iku diaranani pedhotan ora becik; kang diaranani pedhotan ….
Kendho
Kenceng
Tangi
Lamban
Gregel utawa membat mentuling swara kanggo gawe edi lan endahing swara ing tembang macapat iku lumrahe mapan ana pungkasaning gatra. Tuladhane: “Mingkar mingkuring angkara. Gregel iku diarani ......
Hanung
Andhap
Madya
Tangi
Luk ‘penghias lagu’ ing tembang macapat kang titilarase ‘nada, notasi’ ora urut bisa saka ngisor mandhuwur utawa suwalike lan mlumpat; tuladhane nada: 2567, 7532, 6576; iku diarani luk ......
Niba
Ndhudhuk
Nyeklek
Kenes
Yen tembang macapat cacahe ana 15, mula metrum tembang sing ditambahne yaiku metrum .....
Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan Girisa
Jurudemung, Gambuh, Balapak, lan Pangkur
Asmarandana, Dhudhukwuluh, Balabak, lan Girisa
Wirangrong, Dhudhukwuluh, Jurudemung, Pocung
Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya kanggo nglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa kang sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Wondene guna paedahe sinau tembang macapat, yaiku .....
Nyenengake kang padha maca utawa nembang, amarga menawa waleh/bosen cengkok utawa laras siji, bisa ganti cengkok utawa laras liyane.
Nyusahake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang diwujudake ing tembang macapat.
Nggibur masarakat sing ngrungokake merga tembang macapat suwarane samar-samar ora jelas
Kanggo sarana sinau ngelmu pengetahuan sing bisa marakake ati dadi sedhih
Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang ........ lan ......., supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake.
Edi lan elek
sopan lan lucu
alus lan kaku
edi lan endah
Pangripta tembang macapat lumrahe nggunakake basa ..... supaya endah.
padintenan
rinengga
kasar
dhagelan
Guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur gatra kaping 4 yaiku .....
7a
7u
8u
12u
Tembang macapat sing cacah larike paling sithik yaiku .....
Pocung lan Gambuh
Gambuh lan Maskumambang
Mijil lan Pocung
Pocung lan Maskumambang
Tembang sing duwe watak seneng, gumbira, asih tresna, lan jumbuh kanggo pitutur/nasihat yaiku .....
Asmarandana
Kinanthi
Mijil
Dhandhanggula
Tembang sing duwe watak luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh kanggo nggambarake sakabehe suwasana/kawontenan yaiku tembang ......
Mijil
Maskumambang
Pangkur
Dhandhanggula
Watake tembang macapat Pangkur sing trep yaiku .....
Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah ‘kreatif’.
Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak, pitutur. Jumbuh/cocok kanggo nggambarake rasa asih tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.
Gumregah,semangat, nesu, perang. Jumbuh/cocok kanggo paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya, ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.
Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur; pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran. Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur, pendidikan, panembah.
Sasmita tembang yaiku aran utawa jeneng liyane tembang. Lumrahe sasmita tembang mapan ana ing .....,
Wiwitaning lan pungkasaning pupuh
ana ing ngendi wae rata
irah-irahan
pada sing padha
Duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, lan aruh yaiku sasmita tembang saka tembang .....
Gambuh
Durma
Megatruh
Mijil
Anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, lan logondhang yaiku sasmitane tembang ......
Pangkur
Asmarandana
Sinom
Dhandhanggula
Sasmitane tembang Kinanthi, Pangkur, lan Dhandhanggula sing bener kanthi urutan yaiku .....
gandheng, yuda kenaka, kasmaran
kekanthen, kukur, roning kamal
kanthi, yuda kenaka, hartati
yuda kenaka, logondang, hartati
Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing, pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu mangerteni 5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: .....
guru lagu lan guru basa Jawa
ala lan beciking pasuryan
wataking tembang
tetembungan bangsa manca
Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan ......, kajaba
laras utawa nada (Slendro lan Pelog)
titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe
cengkok, pedhotan, pakecapan, lan luk
regane buku tembang macapat
Gregel sajroning macapat bisa dibedakake dadi 2, yaiku ....
gregel andhap lan gregel hanung
gregel andhap lan gregel inggil
gregel hanung lan gregel alus
gregel andhap lan gregel alus
Jinise "Luk" ana ing tembang macapat yaiku ana 4, antarane ana luk ......, ......, ......., lan .......
Ndhudhuk, Niba, Tangi, Nyeklek
Ndhudhuk, Niba, Turu, Nyeklek
Ndhudhuk, Tangi, Nyeklek, Alus
Ndhudhuk, Niba, Tangi, Kenes
Tembang macapat iku miturut filosofine yaiku nggambarake .....
Uripe manungsa wiwit mati tekan akherat
Uripe manungsa wiwit ing kandhungan nganti mati
Uripe manungsa wiwit ing kandhungan nganti dadi manten
Uripe manungsa wiwit ing kandhungan nganti saklawase urip
Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip kang akeh banget; kaya kasebut ing isor iki, kajaba .....
pitutur kanggo para prajurit lan generasi mudha kang utama
panyaruwe (kritik sosial)
cangkriman (teka-teki), lelucon, lan guyonan
tontonan sing ala
Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka kasebut ing isor iki, kajaba .....
sakehe cengkok ‘model, gaya’ tembang macapat (papan panggonan/dhaerah, asmaning priyantun)
anane sasmita tembang
Bagus orane, ayu eleke wong sing nembang
wataking tembang macapat
