wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian 1 Kelas 8 Semester Genap

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Gambar wayang kang ana ing layar minangka gambar wayang apa?

a)

Prabu Ramayana

b)

Prabu Dasamuka

c)

Resi Jatayu

d)

Resi Briswawa

2.

Resi Jatayu duweni sadulur kang cacahe telu, ing ngisor iki kang ora kalebu sadulure Jatayu yaiku.......

a)

Garudha Harna

b)

Garudha Brihawan

c)

Garudha Sempati

d)

Garudha Briswawa

3.

Peksi Jatayu duweni jejuluk resi amarga................

a)

Peksi Jatayu minangka putrane Resi Briswawa

b)

Peksi Jatayu minangka sawijining manuk kang awujud Garudha

c)

Peksi Jatayu tansah eling marang Sang Hyang Agung

d)

Peksi Jatayu minangka wayahe/putune Dewa Brahma

4.

Rura basa diarani tembung kang rusak utawa salah nanging tembunge lumrah dianggo. Ukara-ukara ing ngisor iki kang kalebu rura basa yaiku.............

a)

Andri lagi menek wit klapa ing ngarep omah

b)

Saben isuk Ani mesthi nggodhog banyu kanggo gawe wedang kopi

c)

Pagaweane Lek Sarto saben dinane kuwi ndhudhuk sumur kanggo nyukupi keluargane

d)

Tahun baru wingi Irma lan kancane nyunduki daging kanggo gawe sate

5.

Bulik Sarmi saben dina mbunteli tempe kanggo disade ing peken.

Tembung mbunteli tempe iku kalebu rura basa kang tegese...............

a)

Mbunteli dhele nganggo tempe

b)

Mbunteli godhong nganggo dhele

c)

Mbunteli tempe nganggo godhong

d)

Mbunteli dhele kanggo gawe tempe

6.
  1. (1.) Anton lagi menek wit klapa ing pinggir omah

  2. (2.) Budhe Lasmi ngguleg sambel kanggo cocolan iwak bakar

  3. (3.) Saben sore aku ngewangi ibuk kanggo mbunteli kedele supaya dadi tempe

  4. (4.) Saben malem taun baru para warga nduwe agenda nyunduki sate lan bakar jagung

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu rura basa yaiku ukara nomer...............

a)

1 lan 3

b)

2 lan 4

c)

2 lan 3

d)

1 lan 4

7.

Watak adigang, adigung, lan adiguna iku watak kang ora becik.

Swara "a" in tembung watak, adigang, lan adigung iku padha swara "a" ing tembung..........

a)

Lunga, Mrana, padha

b)

Jaran, panas, sabar

c)

Bata, lima, kanca

d)

Saka, Semangka, Raja

8.

Swiwine Resi Jatayu sengkleh, dheweke banjur tiba ana ing lemah.

Swara "i" ing tembung swiwine, Resi, lan Tiba iku padha karo swara "i" ing tembung..............

a)

isi, roti, wani

b)

luwih, tulis, arit

c)

uwit, garing, kalih

d)

kursi, nangis, becik

9.

Mau bengi aku turu jam sanga dene bapak sare jam sewelas.

Swara "u" ing tembung mau, aku, lan turu padha karo swara "u" ing tembung........

a)

kalung, matur, semur

b)

sumur, jamur, kasur

c)

lugu, sapu, kuru

d)

adus, kaum, rabuk

10.

Dasa iku angka 10, wisati iku angka 20, pancasad iku 50, dene angka 80 wilangan kawine yaiku............

a)

Hastasad

b)

Saptati

c)

Sadti

d)

Asiti

11.

Sumpah pemuda kuwi dipengeti nalika tangga 28 Oktober tahun 1928.

Wilangan Kawi angka 28 yaiku...........

a)

Eka hasta

b)

Hasta Wisati

c)

Eka wisati

d)

Sapta Wisati

12.

Panca ing tembung PANCASILA iku tembung wilangan kawi. Panca tegese lima, dene Nawa duweni teges..........

a)

9

b)

6

c)

8

d)

7

13.

Siska nangis nggero-nggero amarga (Jiwit) dening adhine.

Tembung ing jero kurung yen diwenenhi seselan -in- dadi...........

a)

Jiwitin

b)

Jiwinit

c)

Jiniwit

d)

Injiwit

14.

Karo tangga teparo iku kudu rukun lan seneng (tulung-tulung).

Tembung ing jero kurung yen diwenenhi seselan -in- dadi...........

a)

Tinulung-tulung

b)

Tulung-tinulung

c)

Tinulung-tulung

d)

intulung-tulung

15.

Rikmane Dewi Srikandi (elus-elus) Raden Janaka.

Tembung ing jero kurung yen diwenenhi seselan -in- dadi...........

a)

Elus-ingelus

b)

Ingelus-ingelus

c)

elus-elusin

d)

Ingelus-elus

16.

"Merga untune simbah lara mula dheweke ora gelem mangan".

Manut unggah-ungguhe, ukara ing dhuwur kurang trep. Mula yen diowahi nganggo basa ngoko alus dadi..........

a)

Merga wajane simbah gerah mula panjenengane ora gelem dhahar

b)

Merga wajane simbah sakit mula piyambake ora gelem dhahar

c)

merga untune simbah gerah mula sampeyane ora gelem nedha

d)

merga untune simbah gerah mula panjenengane ora kersa dhahar

17.

(1). Wingi bengi bapak lagi dhahar sate ayam

(2). Bu Guru tindak dhateng kelas ngasta buku paket Basa Jawa

(3). Pak Rudi nitih sepesha badhe dhateng dalemipun Pak RT

(4). Bulik Harti arep tindak Semarang karo Mas Anung

Manut unggah-ungguhe, ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko alus yaiku nomer..........

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

2 lan 3

d)

3 lan 4

18.

"Mau bengi aku turu jam sanga dene bapak turu jam wolu"

Manut unggah-ungguhe, ukara ing dhuwur kurang trep. Mula yen diowahi nganggo basa ngoko alus dadi.........

a)

wau dalu kula tilem jam sanga dene bapak sare jam wolu

b)

mau bengi aku turu jam sanga dene bapak sare jam wolu

c)

mau bengi aku sare jam sanga dene bapak tilem jam wolu

d)

mau bengi kula tilem jam sanga dene bapak sare jam wolu

19.

Ing kebun binatang ana macan cilik kang lagi mangan pitik.

Tembung macan cilik yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku..........

a)

b)

c)

d)

20.

Tulisan Jawa iki salinen nganggo aksara latin.......

a)

Sedaku hana desekah bumi

b)

Desaku ana sedekah bumi

c)

Dosaku hana sidikah bumi

d)

Dosaku ana sedekah bumi