Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Cangkriman

Total questions: 15

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Bapak pucung isih cilik kemul sarung

Bareng wis diwasa

Lukar sarung lukar klambi

Sepuh pisan den pocung nggo dandan-dandan

Tembang pucung ing dhuwur ngemot cangkriman kang batangane kang trep kaya ngisor iki....

a)

Wit pari

b)

Wit klapa

c)

Wit empring

d)

Wit gedhang

2.

Kang kalebu cangkriman blenderan/plesedan, yaiku....

a)

Pitik walik saba kebon

b)

Kayu mati ginubed ula mati

c)

Mau ana bakul wedhus ditaleni

d)

Anake diidak-idak embokne dilus-elus

3.

Rasane padha karo jenenge, cangkriman iku bedhekan saka....

a)

Gedhang

b)

Sepet

c)

Lemper

d)

Nagasari

4.

Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. Cangkriman iku bedhekan saka....

a)

Banyu

b)

Angin

c)

Geni

d)

Segara

5.

Cangkriman kang bedhekane nanas yaiku....

a)

Pitik walik saba meja

b)

Pitik walik saba amben

c)

Pitik walik saba kursi

d)

Pitik walik saba kebon

6.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Dawa kaya ula

Ancik-ancik wesi miring

Lunga teka si pocung ngumbar suwara

Tembang pocung ing dhuwur iku kalebu bedhekan saka....

a)

Sepur

b)

Bis

c)

Montor mabur

d)

Odhong-odhong

7.

Kulite sungsun-sungsun

Jroning kulit wonten rambutipun

Jroning rambut wonten untu padha baris

Jroning untu iku balung

Jroning balung iku kopong

Jawaban saka cangkriman tembang kinanthi mau yaiku...

a)

Klapa

b)

Gedhang

c)

Dondong

d)

Jagung

8.

Gajah numpak becak ketok apane ?

a)

Ketok ngapusi

b)

Ketok awake

c)

Ketok becake

d)

Ketok sirahe

9.

Sawah rong kedhok galengane sitok. Unen-unen iki menawa dibedhek batangane…

a)

Godhong gedhang

b)

Godhong randhu

c)

Godhong mlinjo

d)

Godhong kemangi

10.

Bocah cilik blusak-blusuk neng kebon, batangane….

a)

Tikus

b)

Ula

c)

Dom

d)

Lawa

11.

Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pocung dadi dahana
Cangkriman awujud tembang ing dhuwur batangane....

a)

penthol korek

b)

penthol cilok

c)

penthol bakso

d)

penthol cireng

12.

siksiklas reng-reng

cangkriman wancahan ing dhuwur tegese....

a)

resik-resik kelas bareng kowe

b)

resik-resik kelas bareng-bareng

c)

resik-resik kelas nalika piket

d)

resik-resik kelas ing wayah peteng

13.

wong wudunen iku sugih pari?

apa jawabane cangkriman iku?

a)

parikan

b)

paringisan

c)

paribasan

d)

paringan

14.

Yen ibune siji, anake loro, yen anake siji, ibune loro, yen ibune telu, ora nduwe anak.
cangkriman pepindhan iku jawabane....

a)

salak

b)

kates

c)

gedhang

d)

rambutan

15.

Bapak pucung dudu mega dudu mendhung

ngambah dirgantara

darbe swiwi pindha peksi

lunga teka si pocung ngumbar suwara

cangkriman tembang ing dhuwur batangane....

a)

montor

b)

montor mabur

c)

bis

d)

sepur