Font size
WorksheetsBUDAYA WEWALER LATIHAN SOAL
Total questions: 100
Worksheet time: 33mins
Wigatosaken ukara ukara ngandhap!
1) aja lungguh nang ngarep lawang, mbokan dadi prawan tuwa
2) sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada
3) anane wewaler lelungan dina setu paing
4) aja seneng lungguhi bantal, mundak wudunen
5) aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu gugon tuhon isi wasita sinandhi yaiku nomer ….
A. 1 lan 2
B. 2 lan 3
C. 3 lan 4
D. 4 lan 5
E. 1 lan 4
Wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina setu paing amarga wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina setu paing. Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih saderengipun Adipati Banyumas seda, panjenenganipun paring wewaler mekaten.
Saka teks wewaler ing dhuwur kang dadi pokok-pokok isine yakuwe ….
A. Wong banyumas ora kena lelungan utawa duwe gawe ing dina setu paing
B. Wong banyumas olih lunga-lunga ing dina kapan wae
C. Wong banyumas kudu nindakna hajatan ing dina setu paing
D. Wong banyumas aja percaya anane wewaler setu paing
E. Wong banyumas bakal entuk begya ing dina setu paing
Pepali-ku ajinen mbrekati / Tur slamet sarta kuwarasan / Pepali iku mangkene: / Aja gawe angkuh / Aja ladak lan aja jail / Aja ati serakah / Lan aja celimut / Lan aja mburu aleman / Aja ladak, wong ladak pan gelis mati / Lan aja ati ngiwa /
Tembang ing dhuwur ngandhut wewaler kaya ing ngisor iki, kajaba ...
A. Aja seneng dialem
B. Dadi wong aja galak
C. Aja duwe sifat sekakah
D. Aja seneng nyolong
E. Aja seneng ngomongi liyan
"Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene". Filosofi/makna wewaler ana teks kasebut yaiku ...
A. Tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara bisa nular.
B. Menawa ngidohi sumur mengko lambene suwing
C. Ora kena ngidohi sumur sing digunakna kanggo adus
D. Menawa ora gelem lambene suwing berarti aja ngidohi sumur
E. Sumur ora kena diidohi mergane bisa gawe lambe suwing
Kang diarani gugon tuhon yaiku...
A. samubarang kang bisa nyembadani prakara
B. samubarang sing gawe rasa was sumelang
C. kanggo pengajarane wong Jawa
D. kapercayan wong Jawa marang sawenehing bab
E. samubatang kang bisa digugu lan dituhoni dening wong Jawa
gugon tuhon kaperang dadi...
A. 2
B. 3
C. 4
D. 5
E. 6
kang kalebu bocah sukerta yaiku...
A. Bocah cilik
B. Bocah ontang-anting
C. Bocah lima lanang kabeh
D. Bocah lara-laranen
E. Bocah rambut gimbal
“Bedhug-bedhug aja dolanan ana ing kali, mundhak ana setan ngibing”. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jenis…
A. Gugon tuhon wasita sinandhi
B. Gugon tuhon salugu
C. Gugon tuhon wewaler
D. Gugon tuhon pitutur
E. Gugon tuhon sukerta
“Bocah rambut gimbal yen kepengin lestari uripe kudu diruwat kanthi nanggap wayang lakon amurwa kala”. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jenis…
A. Gugon tuhon wasita sinandhi
B. Gugon tuhon salugu
C. Gugon tuhon wewaler
D. Gugon tuhon pitutur
E. Gugon tuhon sukerta
pituduh kang magepokan karo Kerohanian yaiku...
A. kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah
B. Jer basuki mawa bea
C. wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta tamenging negara
D. Sayojana iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojana aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi.
E. wong golek kamakmuran iku ora kalebu kadonyan
Wewaler asale saka tembung waler kang tegese ...
pepacuh
wejangan
piwulang
pitutur
nasihat
Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV.
Wiwitan ingkang prasapa,
Ki Ageng ing Tarup weling.
Iing satedhak turunira,
tan rinilan nganggo keris,
miwah waos tan keni,
kang awak waja puniku.
Lembu tan kena dhahar,
daginge lan nora keni,
anginguwa marang wong wandhan tan kena.
Tembung "tan" ing serat ndhuwur nggadahi teges ....
ya
ora
mesti
kudu
aswa
Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV.
Wiwitan ingkang prasapa,
Ki Ageng ing Tarup weling.
Iing satedhak turunira,
tan rinilan nganggo keris,
miwah waos tan keni,
kang awak waja puniku.
Lembu tan kena dhahar,
daginge lan nora keni,
............................
Wewaler saking Ki Ageng Tarup kangge keturunane manut serat ndhuwur yaiku ....
Ora kena nganggo keris lan tumbak saka wesi lan ora kena mangan daging kebo
Ora kena nganggo keris lan tumbak saka wesi lan ora kena mangan daging sapi
Ora kena nganggo keris lan tumbak saka baja lan ora kena mangan daging sapi
Ora kena nganggo keris lan tumbak saka baja lan ora kena mangan daging kebo
Ora kena nganggo keris lan tumbak saka baja lan ora kena mangan daging mendha
Aja seneng lungguh ing ...., mundhak wudunen!
Tembung kang trep kanggo njangkepi cecek-cecek ing ndhuwur yaiku ....
meja
kursi
kasur
dhingklik
bantal
Aja sok jag-jagan ning amben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Gugon tuhon iku becike dilakoni amarga ....
Bisa wudunen
Mengko angel anggone turu
Mengko angel anggone nggolek jodho
Reregedan kang nempel ing dlamakan sikil ngregedi kasur
Mengko bisa gawe awake lara
Apa kang njalari wewaler ing Banyumas ora kena lelungan nalika Setu Pahing?
Ki Ageng Mangir nemahi tiwas dening marasepuhe.
Adipati Banyumas kang nemahi tiwas ing Perang Pajang nalika dina Setu Paing.
Adipati Pajang kalah ing perang nalika dina Setu Paing.
Adipati Banyumas ora tau lelungan ing dina Setu Paing.
Adipati Banyumas lair ing dina Setu Paing.
Wewalere Sultan Agung Mataram, anak turune kudu bisa maca tembang ....
macapat
dolanan
kawi
ageng
tengahan
Anak turune Mataram ora kena dedolanan ing alas rawa-rawa. Wewaler kasebut ana ing Serat Wulangreh pupuh ....
Pocung
Gambuh
Durma
Sinom
Dhandhanggula
Panembahan Senapati ing Mataram uga duwe wewaler marang anak putune supaya ora nunggang turangga warna klawu kekuning-kuningan, .....
Tembung kang kagaris ngandhap dasanamane yaiku ....
kidang
jaran
mendha
gajah
menjangan
Yen mapan turu aja nganti gupak ..., mengko mimpine ketempelen ....
Tembung kang trep kanggo njangkepi wewaler ndhuwur yaiku ....
upa, cecek
upa, lintah
upa, uler
gendhis, lintah
gendhis, uler
Aja njagong ing tangah lawang, mundhak ....
adoh jodone
akeh jodone
cedhak bojone
dadi jodone
jodone dipek wong liya
Mbuwang sisa sega ing piring kanthi pawadan weteng wis wareg bias nuwuhake kedadeyan mbilaen. Kulawarga tansah congkrah, wiwit mung lok – lokan nganti kerengan sing njalari paten – pinaten.
Teks ing dhuwur kalebu wewaler jawa…..
Mbuwang sega
Mangan ing ngarep lawang
Mangan dhisiki wong tuwa
Lungguh ing tengah lawang
Ngalih enggon nalika pinuju mangan
Wewaler utawa ila-ila marang pakarti tinamtu asring kaucapake dening leluhur. Ora cetha kepriye mula bukane dene wewaler kasebut wekasan dadi kapercayan turun temurun. Dinuga ila-ila mau adhedhasar kedadeyan negatif sing tau kelakon lan mbebayani tumrap sing ngalami. Percaya orane sumangga, jalaran ana kene watonane mbok menawa mung ngelmu titen.
Saka pethikan teks kasebut, bisa didudut menawa wewaler iku ana ing satengahe masyarakat mecungul saka ….
wong sing niteni prastawa sing dialami
wong sing percaya marang ramalan
wong sing ngerteni babagan IPTEK
wong sing percaya marang wisik
wong sing ngerti sadurunge winarah
Wewaler iku kalamangsane isine pancen ora bisa ketemu nalar, ananging pranyata akeh sing ngemot pitutur sinandi. Mula jroning nampa wewaler prayogane ….
ditampa wantah apa anane tanpa takon maneh
ditindakake manut adat tradhisi kang lumaku
ora usah digugu amarga ora ana mumpangate
dipercaya apa anane amarga wis turun tumurun
ditlisik luwih dhisik makna lan sebabe wewaler
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
Yen angop kudu ditutupi tutuke, mundhak dileboni setan.
Menawa dinalar, pitutur kang kinandhut ing wewaler kasebut yaiku ….
tutuke mundhak klebon kewan
tutuke mundhak klebon kewan
tutuke mundhak klebon kewan
setane mundhak mlebu kabeh
untune mundhak katon kabeh
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
Barang kang diwenehake, aja dijaluk meneh, mundhak gondhongen.
Menawa dinalar, pitutur kang kinandhut ing wewaler kasebut yaiku ….
wong weweh kudu kanthi etungan
yen dijaluk maneh marai padudon
wong weweh barang iku kudu ikhlas
mengko mundhak diarani bocah aleman
wong weweh iku pantes nampa genten
Wigatosaken ukara ukara ngandhap!
1) aja lungguh nang ngarep lawang, mbokan dadi prawan tuwa
2) sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada
3) anane wewaler lelungan dina setu paing
4) aja seneng lungguhi bantal, mundak wudunen
5) aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu gugon tuhon isi wasita sinandhi yaiku nomer ….
1 lan 2
1 lan 3
1 lan 4
2 lan 3
2 lan 5
Wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina setu paing amarga wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina setu paing. Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih saderengipun Adipati Banyumas seda, panjenenganipun paring wewaler mekaten.
Saka teks wewaler ing dhuwur kang dadi pokok-pokok isine yakuwe ….
Wong banyumas ora kena lelungan utawa duwe gawe ing dina setu paing
Wong banyumas olih lunga-lunga ing dina kapan wae
Wong banyumas aja percaya anane wewaler setu paing
Wong banyumas kudu nindakna hajatan ing dina setu paing
Wong banyumas bakal entuk begya ing dina setu paing
Pepali-ku ajinen mbrekati / Tur slamet sarta kuwarasan / Pepali iku mangkene: / Aja gawe angkuh / Aja ladak lan aja jail / Aja ati serakah / Lan aja celimut / Lan aja mburu aleman / Aja ladak, wong ladak pan gelis mati / Lan aja ati ngiwa /
Tembang ing dhuwur ngandhut wewaler kaya ing ngisor iki, kajaba ...
Aja seneng dialem
Dadi wong aja galak
Aja duwe sifat serakah
Aja seneng nyolong
Aja seneng ngomongna liyan
"Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene". Filosofi/makna wewaler ana teks kasebut yaiku ...
Tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara bisa nular.
Menawa ngidohi sumur mengko lambene suwing
Menawa ora gelem lambene suwing berarti aja ngidohi sumur
Ora kena ngidohi sumur sing digunakna kanggo adus
Sumur ora kena diidohi mergane bisa gawe lambe suwing
gugon tuhon kaperang dadi...
2
3
4
5
6
kang kalebu bocah sukerta yaiku...
Bocah cilik
Bocah lara
bocah ontang-anting
Bocah lima lanang kabeh
Bocah rambut gimbal
“Bedhug-bedhug aja dolanan ana ing kali, mundhak ana setan ngibing”. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jenis…
gugon tuhon wasita sinandi
gugon tuhon salugu
gugon tuhon pitutur
gugon tuhon sukerta
gugon tuhon wewaler
“Bocah rambut gimbal yen kepengin lestari uripe kudu diruwat kanthi nanggap wayang lakon amurwa kala”. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jenis…
gugon tuhon wasita sinandi
gugon tuhon salugu
gugon tuhon pitutur
gugon tuhon sukerta
gugon tuhon wewaler
pituduh kang magepokan karo Kerohanian yaiku...
kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah
Jer basuki mawa bea
Sayojana iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojana aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi.
wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroning praja, gawe kukuh sarta tamenging negara
wong golek kamakmuran iku ora kalebu kadonyan
Gugon tuhon lumrahe ditujokake kanggo ....
Wong tuwa
Leluhur
Para mudha
Pamong
Prajurit
Wewaler bisa ditegesi minangka sawijining larangan.
Tembung larangan bisa diganti tembung ....
Kawigaten
Pepali
Titah
Lelewa
Prastawa
Ngisor iki kang ora klebu titikane teks eksposisi yaiku ....
Wose wacan adhedhasar kasunyatan
Duweni struktur tesis, argumentasi, lan dudutan
Wose duweni sipat subjektif
Ngemot sawijining panemu
Didhapuk kanthi analisis
Mangan ora entek, mundhak ....
Pitike mati
Guwang sega
Ora ngregani dhuwit
Ora ngajeni kang mangsak
Ora bisa lemu
Ngisor iki kang ora klebu gugon tuhon utawi welawer Jawa yaiku ....
Ngrubuhake dandang
Ngliwet sega
Mangan lungguh jegang
Nglungguhi bantal
Ngidoni sumur
Ingkang boten kalebet pola pengembangan paragraf eksposisi
conto, perbandingan
proses
analogi
urutan wektu
sebab akibat
Aja ngidoni sumur, mengko ....
lambene juwing
lambene gatel
lambene abuh
lambene nggula satemplik
dadi kembang lambe
Aja nglungguhi bantal, mengko ....
setruken
wudunen
kankeren
jantungen
koronanen
Tembung gugon tuhon dumadi saka tembung "gugu lan tuhu" tuhu tegese ....
Tenanan
Ajeni
Ditiru
Larangan
Pepali
menawa mangan lan ngombe iku nganggo tangan tengen, aja tangan kiwa
gugin tuhon kasebut ngandhut pitutur ing babagan
agama
tata krama
sosial
moral
pendhidhikan
Budaya wewaler utawa gugon tuhon menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud ....
Ceramah
Basa
Pitutur luhur
Ngronce tembung
Pituduh ala
Ing ngisor iki kalebu tujuane paragraf eksposisi yaiku ....
Supaya wong kang maca bisa njupuk informasi lan pengetahuan sing gamblang
Gawe yakin wong kang maca
Gawe senenge wong kang maca
Gawe wong sing maca kaya ngalami dhewe
Ngajak pemaos nindakake sing nang tulisan
Wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina setu paing amarga wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina setu paing. Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih saderengipun Adipati Banyumas seda, panjenenganipun paring wewaler mekaten.
Saka teks wewaler ing dhuwur kang dadi pokok-pokok isine yakuwe ….
A. Wong banyumas ora kena lelungan utawa duwe gawe ing dina setu paing
B. Wong banyumas olih lunga-lunga ing dina kapan wae
C. Wong banyumas kudu nindakna hajatan ing dina setu paing
D. Wong banyumas aja percaya anane wewaler setu paing
E. Wong banyumas bakal entuk begya ing dina setu paing
Aja sok jag-jagan ning amben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Gugon tuhon iku becike dilakoni amarga ....
Bisa wudunen
Mengko angel anggone turu
Mengko angel anggone nggolek jodho
Reregedan kang nempel ing dlamakan sikil ngregedi kasur
Mengko bisa gawe awake lara
Aja njagong ing tangah lawang, mundhak ....
adoh jodone
akeh jodone
cedhak bojone
dadi jodone
jodone dipek wong liya
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
Yen angop kudu ditutupi tutuke, mundhak dileboni setan.
Menawa dinalar, pitutur kang kinandhut ing wewaler kasebut yaiku ….
tutuke mundhak klebon panganan
tutuke mundhak klebon kewan
untune mundhak klebon panganan
setane mundhak mlebu kabeh
untune mundhak katon kabeh
Gatekna pranyatan ing ngisor iki!
Barang kang diwenehake, aja dijaluk meneh, mundhak gondhongen.
Menawa dinalar, pitutur kang kinandhut ing wewaler kasebut yaiku ….
wong weweh kudu kanthi etungan
yen dijaluk maneh marai padudon
wong weweh barang iku kudu ikhlas
mengko mundhak diarani bocah aleman
wong weweh iku pantes nampa genten
Piwulangan kang kamot ing wewaler ora intuk nglungguhi kijing yaiku .....
primpeni
pekewuh
ngisin-ngisini
kuwalat
ngadohi
Gugon tuhon iku kaperang dadi 3, yaiku .....
salugu, wasita sinandhi, wewaler
salugu, pepeling, wewaler
salugu, wasita sinandhi, pepeling
pepeling, wasita sinandhi, wewaler
salugu, wasita kriya, wewaler
wewarah ing masarakat kang pantes digugu yaiku ....
pepeling
gugon tuhon
geguritan
pepacuh
pitutur
Ngisor iki klebu bebendu kang ora percaya marang wewaler, kajaba ....
Bisa adoh rejekine
Tansah lelara
Entuk pituduh saka Gusti
Ora kedawa uripe
Uripe tansah sengsara
Wewaler lumrahe ditujokake kanggo ....
Wong tuwa
Leluhur
Para mudha
Pamong
Prajurit
Jinis paragrap eksposisi kang pangrembakane nggunakake gambaran sederhana utawa wujud nyata salah sawijining panemu yaiku eksposisi ....
Klasifikasi
Definisi
Laporan
Proses
Ilustrasi
Tembung kang bisa dadi jejer lan lesan diarani tembung ....
Kriya
Aran
Kriya tanduk
Sesulih
Kriya tanggap
Kang diarani "berbudi bawa leksana" yaiku becik kanggo ....
Awake dhewe uga kanggo liyan
Awake dhewe
Wong tuwa
Kanca
Tangga
Wewaler bisa ditegesi minangka sawijining larangan.
Tembung larangan bisa diganti tembung ....
Kawigaten
Pepali
Titah
Lelewa
Prastawa
Ngisor iki kang ora klebu titikane teks eksposisi yaiku ....
Wose wacan adhedhasar kasunyatan
Duweni struktur tesis, argumentasi, lan dudutan
Wose duweni sipat subjektif
Ngemot sawijining panemu
Didhapuk kanthi analisis
Lusan yaiku wewaler adat Jawa kang ora kena dilanggar. Lusan tegese katelu ketemu kapisan, yaiku anak nomer siji ketemu anak nomer telu. Lusan menawa diterusake nganti rabi bakal nemoni bebendu, kayata salah siji anggota kulawargane bakal ana sing mati. Mula supaya ora ngalami bebendu iki, wong Jawa ora kena nglanggar wewaler lusan.
Miturut ukara bakune, paragrap ing dhuwur klebu jinis paragrap ....
Deduktif
Induktif
Ineratif
Deduktif induktif
Tanpa gagasan baku
Kuku punika wangunipun gepeng landhep, menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken kulit. Menapa malih anggenipun kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng raos sakit, namung sakeca raos gatel kinukur. Wekasan babak ing wanci siyang punika lajeng ngungun getun.
Wewaler kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku ....
Aja nggunting kuku wayah wengi
Aja ngingu kuku nganti dawa
Aja ngingu kuku mundhak dipanggoni setan
Aja sok ngingu kuku mundhak lelara
Aja sok ngingu kuku yen ceklek mundhak getun
Mangan ora entek, mundhak ....
Pitike mati
Guwang sega
Ora ngregani dhuwit
Ora ngajeni kang mangsak
Ora bisa lemu
Gugun tuhon salugune kayadene crita dongeng kuno kang medharake bocah sukerta menawa ora diruwat bakal dipangan dening Bathara Kala.
Ngisor iki kang diarani bocah sukerta sarimpi yaiku ....
Bocah lanang siji tanpa tunggal
Bocah wadon siji tanpa tunggal
Bocah wadon loro kakang adhi
Bocah papat lanang kabeh kakang adhi
Bocah papat wadon kabeh kakang adhi
Mulih saka layat kudu adus kramas.
Ukara ing dhuwur ngemot tembung ....
sesulih
katrangan
wilangan
panggandheng
ancer-ancer
Ngisor iki kang ora klebu wewaler Jawa yaiku ....
Ngrubuhake dandang
Ngliwet sega
Mangan lungguh jegang
Nglungguhi bantal
Ngidoni sumur
Pratelan ing ngisor iki kang ora klebu wewaler yaiku ....
Mulih layat adus kramat
Mangan ora entek mundhak pitike mati
Nglungguhi bantal mundhak wudunen
Mbedholi pitik karo guneman
Turu kemulan slimut
Bocah sukerta lamun wis .... ora klebu memangsane Bathara Kala.
Tembung kanggo njangkepi tembung ing dhuwur yaiku ....
dicukur rambute
diruwat
dibancaki
diguyang kembang setaman
disajeni
Wacana ingkang beberaken analisis proses kanthi narasi
Teks narasi
Teks deskripsi
Teks eksposisi
Teks persuasi
Teks argumentasi
Ingkang boten kalebet pola pengembangan paragraf eksposisi
conto, perbandingan
proses
analogi
urutan wektu
sebab akibat
Wewaler tegesipun
ora ilok
larangan
ora apik
pituduh
budaya
Aja ngidoni sumur, mengko ....
lambene juwing
lambene gatel
lambene abuh
lambene nggula satemplik
dadi kembang lambe
Aja nglungguhi bantal, mengko ....
setruken
wudunen
kankeren
jantungen
koronanen
Aja mangan karo turon, mengko dadi ....
ayam
jaran
ula
kethek
kucing
Yen nyapu ora resik, mengko bojone ....
kumisen
gundul
brewoken
gondrong
jenggoten
Aja dolanan beras, mengko drijine ....
kotor
kithing
gatel
dawa
kraket
Aja mangan ing tengah lawang, mengko jodhone ....
balik maneh
seneng
akeh
susah
gampang pegatan
Aja payungan ing jero omah, mengko ....
dikira edan
diguyu wong
disamber bledhek
diomong wong
nyamplok lampu
Yen isih jaka utawa prawan aja mangan kebel, mengko jodhone ....
adoh
duda
randha
lunga
mlayu
Aja dolan wayah surup/sandikala/maghrib, mengko ....
digondhol kuntilanak
digondhol tuyul
digondhol pocong
digondhol kalongwewe
digondhol jin
Yen ngandhut aja metu wayah purnama, mengko ....
jabang bayine dipangan kurawa
jabang bayine dipangan buta
jabang bayine dipangan rahwana
jabang bayine dipangan dewa
jabang bayine dipangan bathara kala
Aja singsot wayah bengi, iku ngundhang ....
mala
bahaya
setan
bencana
prakara
Yen nuding kuburan, drijine kudu ....
diemut
dilat
dicokot
dicucrup
didamuni
Yen wis aweh aja dijaluk maneh, mengko ....
gondhoken
amandel
gulune dawa
telake radang
ngomonge pelo
Aja nganggo kalmbi ijo ing gisik/pante, mengko ....
digeret ombak
digeret prau
digeret Nyi Rara Kidul
digeret iwak
digeret nelayan
Aja ngetoki kuku wayah ....
esuk
sore
awan
bengi
bedhug
Yen lagi ngandhut aja mateni kewan, mengko ....
anake duraka
anake nakal
anake cacad
anake aleman
anake mati
Aja dol tinuku ... ing wayah bengi.
dom
kaca
jungkat
benang
sembako
Wewaler kuwi salah sawijining gugon tuhon. Apa asal tembung saka GUGON TUHON?
Gugon, Tuhon
Gugo, Tuho
Gugu, Tuhu
Gugo, Tuhu
Tembung gugu duweni arti..., dene tuhu artine...
Percaya, temenan
Tiru, temenan
Percaya, tiru
Temenan, tiru
Wewaler kuwi...
pitutur tulisan kang awujud nasehat turun temurun
pitutur lisan kang awujud nasehat turun temurun
pitutur tulisan kang awujud larangan turun temurun
pitutur lisan kang awujud larangan turun temurun
Wewaler kuwi bisa dimangerteni asal usule saka...
sejarah
logika
turun temurun
jaman kuno
Aja ngintip, mundhak timbilen. Makna wewaler kasebut yaiku…
menawa ngintip mengko bisa ndadekake mripate timbilen.
tegese mripat kang sehat bisa kena debu utawa kotoran saka bolongan kang dinggo ngintip saengga marakake timbilen.
tegese yen ora kepengin timbilen ora kena ngintip.
mripat kang timbilen disebabake dening kebiasaan seneng ngintipi wong.
bolongan ora kena dingo ngintip amarga marakake timbilen.
Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene. Makna wewaler kasebut yaiku…
A. kena diidohi amarga bisa gawe lambe suwing.
ora kena ngidohi sumur sing digunakake kanggo adus.
menawa ora gelem lambene suwing berarti aja ngidohi sumur.
tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara bisa nular.
menawa ngidohi sumur mengko bisa ndadekake lambene suwing.
Aja ngethoki kuku ing wayah bengi! Makna wewaler kasebut yaiku…
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana senthir kang padang lan anggone ngethoki kuku karo arit, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen padha wedi marang pepadhang lan anggone ngethoki kuku karo bendho, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana lampu kang padang lan anggone ngethoki kuku karo bendho, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen padha wedi marang pepadhang lan anggone ngethoki kuku karo peso, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
ing wayah wengi, jaman biyen durung ana lampu kang padang lan anggone ngethoki kuku karo peso, pramila bakal bebayani yen ngethoki kuku ing wayah kuwi.
Aja lungguh ing ngarep lawang mundhak dadi prawan tua! Makna wewaler kasebut yaiku…
jaman biyen wong wadon kuwi dikongkon kanggo ngowahi omah supaya dadi bojo kang rajin, bab lelungguhan ing ngarep lawang uga ora apik amarga ngalang-ngalangi wong kang arep liwat.
jaman biyen wong wadon kuwi disinauni kanggo reresik omah supaya dadi bojo kang rajin, bab lelungguhan ing ngarep lawang uga ora apik amarga ngalang-ngalangi wong kang arep liwat.
jaman biyen wong wadon kuwi disinauni kanggo ngowahi omah supaya dadi bojo kang rajin, bab lelungguhan ing ngarep lawang uga ora apik amarga ngalang-ngalangi wong kang arep liwat.
jaman biyen wong wadon kuwi dikongkon kanggo reresik omah supaya dadi bojo kang rajin, bab lelungguhan ing ngarep lawang uga ora apik amarga ngalang-ngalangi wong kang arep liwat.
jaman biyen wong wadon kuwi disinauni kanggo ndhekem ing omah supaya dadi bojo kang rajin, bab lelungguhan ing ngarep lawang uga ora apik amarga ngalang-ngalangi wong kang arep liwat.
Wewaler "Ora entuk mangan daging banyak" yen ditelusuri asale saka...
sejarah
logika
pitutur
lisan
turun temurun
Wewaler "Ora entuk singsot ing wayah wengi lan ora entuk dolanan kenthongan" kuwi yen ditelusuri saka sejarahe kuwi padha amarga singsot lan kenthongan kuwi minangka...
kode nalika perang lan kode ing masyarakat
kode ing masyarakat lan kode nalika perang
weweden bocah cilik
weweden jin lan setan
