wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Harian Materi Geguritan

Total questions: 10

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Sun gegurit

kama nalika isih jenaka

saiki gedha dadi bethara kala

uluk uluk jroning dhadha

winga winga tanpa suwara

gedhe tur wibawa

Geguritan ing dhuwur kalebu jinis geguritan....

a)

Gagrag anyar utawa modheren

b)

Geguritan gagrag lawas utawa tradhisional

c)

Geguritan gagrag enggal

d)

Geguritan gagrag klasik

2.

ELING

Para mudha elinga marang agama

agama kang dadi ageming aji

agama kang bisa dadi gegamaning ati

Nitik saka geguritan ing dhuwur kalebu ing jinis geguritan....

a)

lawas utawa tradhisional

b)

gagrag anyar utawa modheren

c)

gagrag klasik

d)

gagrag enggal

3.

Sun gegurit

kaanan jaman saiki

sipat pemudha pemudhi

srawunge saya ndadi

raket wewekane sepi

tan kadu duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati

Nitik saka panulise geguritan ing dhuwur kuwi kalebu ing geguritan gagrag lawas utawa tradhisional, amarga cacahing wanda saben gatrane ajeg, adat saben (a)   wanda

4.

Bekti kagem ibu

nyuwun tambahing pangestu

kula badhe angayahi

tanggung jawab marang bangsa

ugi mring ibu pertiwi

iki pancen kewajiban

keng putra wus kudu ngerti

Geguritan ing dhuwur kuwi kalebu geguritan gagrag anyar utawa modheren amarga sajak pungkasan mardika utawa...

(a)  

5.

Sun gegurit

kaanan jaman saiki

sipat pemudha pemudhi

srawunge saya ndadi

raket wewekane sepi

tan kadu duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati

Suarasa utawa isine geguritan ing dhuwur kang trep yaiku....

a)

swarunge nom-noman jaman saiki

b)

swarunge wong biyen lan saiki

c)

kahanan jaman biyen lan saiki

d)

bedane jaman biyen lan saiki

6.

Ngger...

Yen kesandhung sikilmu kesrimpung

Busik kulitmu, tatu atimu

Balia

Soken luhmu ing pangkonku

Takcucupe getihing tatumu

Nganti tuntas

Ngger...

Kanthi esem lan guyumu

Tak-undha sliramu

Methik lintang lan rembulan

Kanthi klilip lan luh ing netramu

Kene tak sapihe nganggo pucuking tapihku.

Adhedhasar geguritan ing dhuwur tema kang trep yaiku....

a)

Ibu

b)

Pangorbanan

c)

Katresnan

d)

Kasenengan

7.

Amrih rahayu

siswa aja den uja warah wuruh kang “nglegena”

nanging isenana “bibite lenga tala”

amrih kuwawa nabras krodhaane “mangsa kala”

yayah rena tan kuciwa nampa undhuh-undhuhane

guru mongkog lan lega

negara mundhak kuncara jembar kumandhange

Amrih rahayu, siswa aja den uja warah wuruh kang “nglegena

Ukara kasebut tegese…

a)

Siswa diwulang supaya dadi wong sugih

b)

Siswa diwulang wong kang bandhane akeh

c)

Siswa kudu diwulang wong sing omonge dhuwur

d)

Siswa aja diajari ngelmu kang marakake cilaka

8.

Bekti kagem ibu

nyuwun tambahing pangestu

kula badhe angayahi

tanggung jawab marang bangsa

ugi mring ibu pertiwi

iki pancen kewajiban

keng putra wus kudu ngerti

Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku (a)  

9.

Dhedhel pintere

uga gumantung wasise guru aweh  wawasan

siswa aweh kapitayan mekarake dhiri

nadyan ora pati wegig

waton bisa mandhiri iku agawe bungah

siswa ora butuh kae-kae

utamane ya mung tuladha

Tembung wasis ing geguritan dhuwur duweni teges (a)  

10.

Ora krasa wus telung taun

Awake dhewe ngudi elmu bebarengan

Seneng susah wus dilakoni

 

Saiki wus tekan wektune

Aku lan kowe kudu pepisahan

Nerusake laku manut dalane dhewe-dhewe

Muga kekancan iki bakal langgeng

Aku lan kowe seduluran salawase

Tema geguritan ing dhuwur kang trep yaiku (a)