Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN GEGURITAN 9

Total questions: 20

Worksheet time: 29mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan yen ana ing Bahasa Indonesia padha karo . . .

a)

Puisi

b)

Prosa

c)

Pantun

d)

Karangan

2.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

3.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

4.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

5.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
6.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

7.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

8.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

9.

kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan amanat

b)

diksi lan tipografi

c)

enjambemen dan lelewaning basa

d)

purwakanthi lan wirasa

e)

panyitra lan diksi

10.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

11.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
12.

Geguritan, yaiku: ....

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok.

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok.

e)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening

salah siji paugeran (aturan)

13.

"Senajan panggonmu neng ngisor, sering reged lan kudanan, nanging aku butuh kowe kanggo sekolah" isi geguritan ngenani . . .

a)

Sepatu

b)

Pulpen

c)

Tas

d)

Buku

e)

topi

14.

Gusti...

Aku pengen bali

Ndandani kabeh kaluputan

Awakku kebak nista

Mugi Panjenengan paring pangapura


Panulis geguritan ing dhuwur lagi ngrasakake....

a)

seneng

b)

getun

c)

gumbira

d)

belasungkawa

15.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

b)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

16.

Nalika gawe geguritan kudu nganggo tembung kang mentes. Apa tegese tembung kang mentes iku?

a)

Tembung kang waton apik

b)

Tembung kang ana isi/maknane

c)

Tembung kang dawa

d)

Ringkes

17.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku .....

a)

tembunge mentes lan endah

b)

pilihan tembung sakkarepe sing nulis

c)

irah-irahan ora kudu trep karo isine

d)

tembunge kena akeh banget

18.

Gatekna tata urutan nulis geguritan ing ngisor iki!


1. Golek idhe/gagasan

2. Ngedit lan nyampurnakake panulisan

3. Ngangen-ngangen lan ngleremake idhe/gagasan

4. Nulis geguritan


Tata urutan jroning nulis geguritan sing bener yaiku….

a)

1 – 2 – 3 – 4

b)

1 – 3 – 2 – 4

c)

1 – 2 – 4 – 3

d)

1 – 3 – 4 – 2

19.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Tresna kuwi sepele

Tresna kuwi ya kowe karo aku

Tresnamu kaya surya

Nanging ya kaya samudra

Tresnamu bisa nekakake mega

Nanging saiki tresnamu kaya dahana

Awit aku mbok tinggalna

Langit data peteng

Ora ana candra apa maneh kartika

Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela

Maruta, kandhakna yen aku isih tresna


Geguritan ing nduwur judule yaiku....

a)

Tresna

b)

Isih tresna

c)

Suwasana ati

d)

Kowe karo aku

20.

Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur batin teks geguritan :

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Swasana

d)

Purwakanthi