Font size
WorksheetsUH GEGURITAN 3.2
Total questions: 20
Worksheet time: 3hrs 20mins
Asil karya sastra Jawa modern ing dhuwur ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ....
geguritan
parikan
langgam
tembang macapat
Endahe geguritan iku saka pamilihane tetembungan kang ...
akeh basa kawine, angel
pantes, mentes, mantesi
ringkes, padhet, mbulet
apa anane, salugune
1) ringkes, padhet, mentes
2) migunakake basa Jawa kuna
3) ora kaiket guru gatra, wilangan, lan lagu
4) nduweni paugeran, ora asipat bebas
Manut pranyatan ing dhuwur kang kagolong ciri-cirine geguritan yaiku ....
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 3
2 lan 4
Kanggo nggampangake nulis geguritan kudu mangerteni langkah-langkah ing ngisor iki, kajaba ....
ngematake barang, kahanan utawa ndudhah panangen-angen
nemtokake tema lan irah-irahan
ngapalake sakabehane tembung kawi
ngrakit tetembungan kang selaras karo tema
Aspek kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....
mimik, volume swara, kostum
kinetik, lafal,artikulasi, mimik
lafal, intonasi, andhegan, ekspresi
iringane, wirama, wirasa, lafal
Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa dikongkon
Wanci sekolah miwiti pasinaon. Ukara kasebut ngandhut purwakanthi ....
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
purwakanthi lumaksita
Supaya bisa mangerteni isine geguritan ana bab-bab sing kudu digatekake, kajaba ....
negesi tetembungan sing angel
mangerteni makna ing saben gatra
nggatukake maknane gatra siji lan liyane
mangerteni sapa sing nggurit geguritane
Basa sing asring digunakake ing geguritan iku basa ....
krama inggil
kedhaton
ngoko
bagongan
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu ....
mangerteni macane
mangerteni isine
mangerteni tulisane
mangerteni wujude
Saka geguritan ing dhuwur, piweling utawa pesan moral kang bisa dijupuk yaiku ....
nglestarekake lingkungan supaya penak disawang
urip guyub rukun kanggo mbangun negara Indonesia
ngajak bangsa iki maju kanthi nyinaoni budaya manca
aja ngresula lan nelangsa kudu wani nglakoni samubarang
Urip bebarengan, guyub rukun mbangun karaharjaning urip
Tembung “karaharjaning” nduweni teges ....
katentremane
katrampilane
kapenake
kanugrahan
Tharik-tharik pulo-pulone ... endah ing netra
Tegese tembung “netra” yaiku ....
mripat
kuping
lambe
irung
Pawongan sing ngasilake karya sastra awujud geguritan diarani ....
panggurit
niyaga
komposer
penyanyi
Saka geguritan ing dhuwur, piweling utawa pesan moral kang bisa dijupuk yaiku ....
aja kegoda karo kesenengan donya
kudu nyuwun pitulungan dhateng Gusti
aja ngresula lan nelangsa kudu wani nglakoni samubarang
ngajak jaga keslametane bumi
Aja ngresula lan nelangsa
Tembung “ngresula” ing dhuwur tegese ....
mandeng namatake samubarang
getun lelakon sing wis-wis
kelakon sing diarep-arep
sambat amarga rekasa
Kang diarani "aja pegat ing pandonga" yaiku ....
aja mandheg anggonmu dedonga
aja ngalangi ing dalan
aja kegoda penake donya
aja pegat pepisahan
Goleka tembung entar loro (2) wae banjur gawea ukara saka tembung kasebut!
Goleka tembung dasanama loro (2) wae banjur gawea ukara saka tembung kasebut!
Goleka tembung saroja loro (2) wae banjur gawea ukara saka tembung kasebut!
Goleka tembung garba loro (2) wae banjur gawea ukara saka tembung kasebut!
