NEW
Font size
WorksheetsKuis Bahasa Jawa Kelas 8
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Ing ngisor iki kalebu jenising cerkak, kajaba
alaming lelembut
romance
cerita bersambung
cerkak sejati
unsur instrinsik cerkak kang nerangake bab watak e para paraga ing carita diarani....
pamaragan
sudut pandang
plot
alur
kang ora kalebu jinise alur yaiku....
maju
mundur
tengahan
campuran
latar sajroning cerkak wujude arupa....
wayah, swasana, prolog
kahanan, swasana, panggonan
wektu, panggonan, swasana
wektu, kahanan, epilog
ing ngisor iki kang ora kalebu titikan utawa ciri-ciri cerkak yaiku...
ukarane gampang dimangerteni
ceritane dawa
macane mung butuh wektu sedela
ceritane ringkes
Guyub rukun, ayem tentrem rerentengan reruntungan anggenipun mbangun bale wisma. Tembung ayem tentrem nuduhake panganggone tembung…
wangsalan
garba
entar
saroja
Pak Narto ing desane kondhang wong kang kari lungguhi kepenak nampa warisan lan pamor derajat pangkate wong tuwa nanging ora gelem rekasane. Yen diumpamakake kaya unine bebasan… .
ngglungguhi klasa gumelar
adigang, adigung, adiguna
durung becus keselak pecus
kakehan gludug kurang udan
“Pak, bu kula mangkat rumiyin nggih”, ature Jarwo ing saben-saben arak mangkat sekolah. “Ya le ngati-ati ya, ibu urung isa menehi sangu merga wingi dagangane mung okeh sing dadi potangan. Ora papa ya le?”, ibune nyaut pamite Jarwo kanthi rasa rada sedhih genea ora bisa menehi sangu anake kang mung siji kuwi. “Boten menapa bu, sangu ingkang wingi taksih kok”, saurane Jarwo kanggo ngandhahake penggalihe ibu. Saka cuplikan cerkak ing dhuwur, kepiye watake Jarwo… .
egois
ngerti basa
pangerten
apik
Unen-unen kang ajeg panganggone, nduwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingke kahanan lan ulah kridhane manungsa diarani….
pepindhan
bebasan
paribasan
sanepa
Sajroning cerkak babagan kang nuduhake urut-urutaning carita diarani....
koda
tema
setting
alur
Wis dadi pakulinane Rani saben bubar sekolah langsung mulih, ora mampir-mampir. Kaya wis dadi pagaweyane yen teko ngomah banjur salin klambi banjur mangan. Bubar ngreksa awake langsung ndelok panggawean ngomah sing kena ditindhakake kaya ta isah-isahan ana apa ora, jogan wis disapu apa durung. Yen kabeh mau durung ndang age-age anggone nandhangi. Arep kepriye maneh iku kwajibane sajroning urip mung wong loro karo bapake… .Perangane cerkak iku latar panggonane ing ngendi…
latar omahe Rani
dalan mulih sekolah
omahe Rani
sekolahe Rani
Sing kudu digatekake nalika gawe cerita cerkak, kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba… .
tulisane sing becik, cetha, ora urek-urekan
judul karangan sing cekak nanging narik kawigaten sing maca
judul migunakake ukara sing dawa
judul bisa nggambarake isi karangan
Urutaning crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani…
plot
amanat
sudut pandang
setting
“Aku tansah ndonga, muga-muga keturutan apa sing dikarepake.” Yen digawe ngango basa rinengga dadi... .
kula ndonga muga bisa keturutan
kula tansah ndedonga, muga-muga bisa jumbuh kang ginayuh lan sembada kang sinedya
kula tansah ndedonga muga kasil apa sing dikarepake
kula tansah ndedonga muga bisa keturutan apa sing dadi gegayuhane.
Cerita cerkak kang nyritakake bab cerita mistis kang paragane bangsa lelembut diarani….
roman sacuil
alaming lelembut
cerkak sejati
cerita detectif
tenbung entar "kembang lambe" tegese....
kembang sing thukul neg ngarep lambe
dadi omongane wong
kembang sing jenenge lambe
ngei kembang ing lambene wong
tembung loro kang padha tegese dienggo bebarengan diarani tembung....
entar
saloka
saroja
bebasan
paribasan kang tegese saben tingkah polahe anak iku tanggungane wong tuwa yaiku....
jer basuki mawa beya
cebol nggayuh lintang
kebo nusu gudel
anak polah bapa kepradah
bebasan kang tegese nindakake tumindak ala kanthi kongkonan wong liya yaiku....
sedhakep awe-awe
gajah ngidak rapah
nabok nyilih tangan
nututi layangan pedhot
ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku....
sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti
nututi layangan pedhot
gajah ngidak rapah
ancik-ancik pucuking eri
unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan diarani....
bebasan
paribasan
saloka
tembung entar
unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan sing dipadhakake polah tingkahe manungsa dirani....
tembung saroja
bebasan
saloka
tembung entar
ing ngisor iki tuladhane tembung entar yaiku.....
babak bundhas
adus kringet
abang mbranang
kembang setaman
paribasan kang tegese tumindak becik lan ala bakal ketara lan kabuka ing tembe mburi, yaiku.....
ana catur mungkur
ana awan ana pangan
jer basuki mawa beya
becik ketitik ala ketara
tuladhane tembung saroja yaiku.....
edi peni
kembang lambe
bakul dhawet
mangan angin
