NEW
Font size
WorksheetsTRYOUT BAHASA JAWA 2023/2024
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Gatekna geguritan iki!
Bocah sekolah iku
Wajibe kudu sregep sinau
Mituhu wong tuwa lan manembah Gusti
Bakal seneng urip iki
Gegayuhan mesthi klakon.
Isi geguritan ing dhuwur yaiku bocah sekolah iku gegayuhane bakal klakon yen ....
sregep sinau, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
bakal urip seneng, mituhu wong tuwa, lan manembah Gusti
sregep sinau, bakal urip seneng, lan mituhu wong tuwa
bakal urip seneng , manembah marang Gusti, lan wong tuwa
Wacanen kang patitis!
Prabu Yudhistira iku ratu ing negara Ngamarta. Garwane asma Dewi Drupadi.
Yudhistira ratu kang jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Sajrone dadi ratu, Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane. Mula negarane gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Isi wacan ing dhuwur yaiku ….
Prabu Yudhistira iku ratu kang jujur lan ora seneng ngalah, tansah tumindak adil, lan ngutamakake kapentingane kawulane
Prabu Yudhistira ratu ing Ngamarta watake luhur tansah tumindak adil lan ngutamakake kapentingan kawulane
Ngamarta negara gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Negara kondhang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, kawulane guyub rukun lan sengkut makarya.
Nyadran
Nyadran iku kalebu salah sawijining tradhisi adat Jawa kang dileksanani saben wulan Ruwah seminggu sadurunge dhugdheran ngadhepake wulan Pasa. Wujude tradhisi Nyadran yaiku tilik lan reresik kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda. Kang diancasana ing tradhisi Nyadran iki yaiku ndongakake para leluhur kang wis seda supaya diapura sakabehing dosane dening Gusti Allah.
Tradhisi Nyadran iki antarane desa siji lan desa liyane ora padha utawa ora bareng. Biyasane tradhisi Nyadran diwiwiti tanggal 15 sasi Ruwah. Dene dipungkasi ing punkasan wulan kira-kira tanggal 27. Malah ana sing ngepasi nganti tanggal 29. Panetepaning wektu kanggo ngleksanani tradhisi Nyadran gumantung rembuge warga desa.
Isine wacan ing dhuwur yaiku ….
acara Nyadran iku ndongakake para leluhur kang wis seda supaya dingapura dosane dening Gusti Allah.
tradhisi tilik lan reresik kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda kang dileksanani warga desa
Nyadran iku dileksanani saben wulan Ruwah kanthi reresik kubur sarta kirim donga kanggo para leluhur kang wis seda.
tradhisi reresik kubur lan kirim donga diwiwiti tanggal 15 nganti dipungkasi ing tanggal 29 ing sasi Ruwah .
Wacane ....
Adik dolanan boneka
Bapak tindak kantor
Aku lunga sekolah
Ibu tindak peken
Prabu Dewatacengkar ratu ing Medhangkamulan sing wengis lan seneng mangan daging wong. Mula kawulane padha ngungsi, wedi yen dadi pangane ratune. Ajisaka trenyuh atine banjur sabiyantu kawula Medhangkamulan. Ajisaka madhep marang Dewatacengkar menawa dheweke gelem dadi dhaharane, nanging njaluk syarat. Ajisaka njaluk lemah saambene ikete, lan Dewatacengkar nyaguhi. Bareng iket dibukak, Dewatacengkar kang nyeneng iket nganti tekan segara kidul. Ajisaka nyendhalake ikete njalari Dewatacengkar kecemplung segara lan malih dadi baya putih. Wiwit wektu kuwi Ajisaka dadi ratu ing Medhangkamulan lan kawulane urip ayem tentrem.
Dudutan utawa simpulan crita ing dhuwur yaiku ….
Ajisaka sing wengis lan seneng mangan daging wong.
Ajisaka wani marang Prabu Dewatacengkar.
Ajisaka mbiyantu rakyat Medhangkamulan.
Ajisaka dadi kawulane Prabu Dewatacengkar.
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Isi tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ....
pocapan kang trep bisa njalari cilaka
pocapan kang ora trep bisa njalari cilaka
solah bawa kang ora trep bisa njalari urip mulya
solah bawa kang trep bisa njalari nelangsa
Bima Bungkus
Raden Werkudara utawi Bima kagungan asma kathah sanget, kadosta: Bratasena, Balawa, Birawa, Bayusuta, lan Jagal Abilawa. Raden Werkudara punika putranipun Dewi Kunthi kaliyan Prabu Pandudewanata. Nalika miyos, Werkudara utawi Bima punika awujud bungkus. Badanipun kabungkus “selaput” kang mboten saged dipun suwek ngagem gaman punapa kemawon. Babagan punika ndadosaken Dewi Kunthi lan Prabu Pandudewanata manahipun mboten sekeca. Lajeng Begawan Abiyasa kaliyan Pandu mbucal bayi bungkus wonten ing tengah wana Krendhawahana.
Isine crita ing dhuwur yaiku ….
Raden Werkudara utawa Bima kagungan asma akeh banget, kayata: Bratasena lan Jagal Abilawa.
Raden Werkudara iku putra nomer loro saka Dewi Kunthi karo Prabu Pandudewanata.
Bima putrane Prabu Pandudewanata nalika lair awujud bungkus dibuwang ing tengah alas Krendhawahana.
Begawan Abiyasa karo Prabu Pandu mbuwang bayi bungkus ing tengah Alas Krendawahana.
Ukara “tukang gawe sega bakar” yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener ana ing nomer ….
1
2
3
4
Bapak lan Ibu Guru sarta para siswa, ana ing kalodhangan iki, Bapak arep ngandhakake bab kebersihan lan kuwarasan. Tegese mengkene, menawa sekolah kita resik, para siswa banjur bisa ngrasakake seneng ana ing sekolahan amarga sekolah iki asri lan endah. Kajaba saka kuwi, para siswa dadi sehat amarga adoh saka lelara. Mula, ayo kita kabeh kudu ngupaya kepriye carane sekolah iki bisa resik kapan wae, ora ana panggonan reged. Regu piket kudu sengkut anggone tugas. Dene sing pinuju ora piket, ya ayo padha melu njaga kebersihan. Muga-muga kanthi njaga kebersihan, para warga sekolah tansah sehat.
Tembung kang kacetak miring ana wacan ing dhuwur tegese ….
longgar wektu, kepenak dideleng
longgar wektu, panggonan kang sehat
sekolah, panggonan kang sehat
sekolah, kepenak dideleng
1. Wosipun sumpah saha prasetya punika dipunwarisaken dhumateng putra wayah lan mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.
2. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak lan Ibu Guru saha sedaya para rawuh ingkang kula mulyaaken. Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah Ingkang Mahaagung ingkang tansah paring nikmat dhumateng kula lan panjenengan sami.
3. Cekap semanten ingkang saget kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggen kula matur, nyuwun agunging samudra pangaksama.
4. Mbok bilih ing tanggal 28 Oktober menika Bangsa Indonesia mengeti Dinten Sumpah Pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan ingkang nedahaken, dhateng kita sedaya bilih Bangsa Indonesia nggadhahi gegayuhan ingkang makantar-kantar.
Urutane supaya dadi pidhato kang trep yaiku ….
2 – 1 – 4 – 3
2 – 1 – 3 – 4
2 – 4 – 1 – 3
2 – 4 – 3 – 1
Adipati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senopati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging Karna wis kaputangan budi karo Duryudana, Ratu Ngastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese gelem mbelani Ngastina.
Isine wacan ing dhuwur yaiku ….
setya marang negara
tumindak kang becik
setya marang Duryudana
bekti marang wong tuwa
Kang aran Adipati Karna yaiku gambar nomer ….
1
2
3
4
Ukara kang kacithak miring ing wacan dhuwur, menawa diowahi dadi basa krama kang trep yaiku …
Kathah warga ingkang boten saged bidhal nyambut damel.
Kathah warga ingkang boten saged tindak nyambut damel.
Kathah warga ingkang boten saged mangkat nyambut gawe.
Kathah warga ingkang boten saged bidhal nyambut gawe
Ukara iki yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….
Mimi nulis aksara jawa.
Mami nulis aksara jawa.
Maman nulis aksara jawa.
Mimin nulis aksara jawa.
Tembang Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Ukara kang kacithak miring iku tegese ….
diudi sapa wae
digawe sapa wae
diudi awan lan bengi
dilakoni awan bengi
Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk Made Pandan. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang. Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe ing sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang –arang. ”He, sedulurku kabeh padha gatekna,”pangandikane Raden Pandan Arang marang para pendhereke. “Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek. “Sawangen! Ing sela-selane tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane Raden Pandan Arang. “Oh, nggih leres Raden.” Tumanggape wong-wong sing ndherekake. “Ning kok sajak nyalawadi temen,” pitakone wong-wong mau rada gumun. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene iki.” “Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke.
Tokoh utamane yaiku ....
Pandan Arang
Raden Pandan
Sultan Demak
Wali Demak
Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk Made Pandan. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang. Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe ing sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang –arang. ”He, sedulurku kabeh padha gatekna,”pangandikane Raden Pandan Arang marang para pendhereke. “Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek. “Sawangen! Ing sela-selane tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane Raden Pandan Arang. “Oh, nggih leres Raden.” Tumanggape wong-wong sing ndherekake. “Ning kok sajak nyalawadi temen,” pitakone wong-wong mau rada gumun. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene iki.” “Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke.
Pitutur ing crita yaiku ….
anggene ngendikan aja nyalawadi
yen nandur wit asem aja arang-arang
kita kudu manut pituture wong tuwa
lemah kang subur kudu ditanduri wit asem
Srikandi Madeg Senopati
Perang Bharatayuda Jayabinangun wus lumaku 13 dina. Perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa iku dumadi ing Tegal Kurusetra. Akeh para prajurit lan senopati kang seda ing paprangan iku. Saka Kurawa kang gugur antarane Raden Rukmarata, Patih Tuhayata, Wikatha Boma, lan Boma Wikatha. Dene saka Pandhawa kang wus gugur yaiku Raden Wiratsangka, Raden Utara lan Resi Seta. Katelune gugur ing astane Resi Bisma.
Prabu Kresna enggal nimbali Raden Arjuna supaya ngutus garwane kang asma Dewi Srikandii supaya dadi senopati. Sanadyan rada mangu-mangu, Raden Arjuna tetep ngutus Srikandi madeg dadi senopatine Pandhawa tandhing klawan Resi Bisma.
Srikandi sendika ing dhawuh, awit pancen watak satriya kudu lila legawa mbelani negara. Sigra Dewi Srikandi maju perang nitih jaran warna ireng. Nadyan wanodya nanging Srikandi trampil ing yuda lan trampil ulah gegaman.
Kelakon Srikandi tandhing yuda klawan Resi Bisma. Perange rame banget. Sauntara anggone tandhing yuda, Srikandii menthang langkap. Panah kalepasake lan mlesat kaya thathit tumama ing jajane Resi Bisma. Sanalika Resi Bisma rubuh sanadyan ora seda.
Watake Srikandi ing crita kasebut yaiku ….
j
jirih getih
wegah maju perang
seneng grusa-grusu
wani mbelani negara
Isine crita " Srikandi Madeg Senapati " yaiku ….
Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Bisma. Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandi.
Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Wratsangka, Utara, lan Resi Seta kang seda saka tangane Resi Bisma. Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandi.
Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Seta. Resi Seta dhewe rubuh nalika tandhing karo Resi Bisma.
Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Wratsangka lan Utara. Resi Bisma rubuh nalika tandhing karo Srikandi.
wacanen ....
kucinge Warso manak telu.
kucinge Warsi manak pitu.
kucinge Marno manak telu.
kucinge Marni manak telu.
Dhugdheran
Dhugdheran iku salah sawijiné adicara padatan Kutha Semarang kang dianakaké sedina sadurungé Pasa. Tembung dhugdhèran iku dumadi saka "dhug-dhug" kang tegesè bedhug lan "dhèr" kang ngemu surasa swara mriem. Padatan Dhugdhèran dianakaké ana ing Pasar Johar, nanging saiki dhugdhèran dianakaké ana ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah. Dhugdhèran racaké diramekaké kanthi pasar , jajan-jajan pasar, dolanan-dolanan, lan sapanunggalané. Dolanan kang khas ana ing dhugdheran yaiku warak ngendhog lan dolanan pasaran kang digawé saka lemah (grabah). Acara pungkasan ing dhugdhèran racaké dianakaké sedina sadurungé pasa diwiwiti. Adicara iku diramekaké kanthi nganakaké karnaval warak ngendhog kang ditindakake para pejabat ing Kutha Semarang, para siswa kang kapilih, para seniman,lan sapanunggalané.
Dhugdheran saiki dianakake ing ….
Mesjid Kauman Semarang
Mesjid Baiturrahman
Mesjid Agung Jawa Tengah
Ngarep Stasiun Tawang
Dhugdheran
Dhugdheran iku salah sawijiné adicara padatan Kutha Semarang kang dianakaké sedina sadurungé Pasa. Tembung dhugdhèran iku dumadi saka "dhug-dhug" kang tegesè bedhug lan "dhèr" kang ngemu surasa swara mriem. Padatan Dhugdhèran dianakaké ana ing Pasar Johar, nanging saiki dhugdhèran dianakaké ana ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah. Dhugdhèran racaké diramekaké kanthi pasar , jajan-jajan pasar, dolanan-dolanan, lan sapanunggalané. Dolanan kang khas ana ing dhugdheran yaiku warak ngendhog lan dolanan pasaran kang digawé saka lemah (grabah). Acara pungkasan ing dhugdhèran racaké dianakaké sedina sadurungé pasa diwiwiti. Adicara iku diramekaké kanthi nganakaké karnaval warak ngendhog kang ditindakake para pejabat ing Kutha Semarang, para siswa kang kapilih, para seniman,lan sapanunggalané.
Isine wacan ing dhuwur yaiku ….
Dhugdheran iku padatan saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Pasa. Mbiyen dianakake
ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Mesjid Agung Jawa Tengah.
Dhugdheran iku padatan saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Syawal. Mbiyen dianakake ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Mesjid Agung Jawa Tengah.
Dhugdheran iku padatan saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Pasa. Mbiyen dianakake ing ngarep Stasiun Tawang. Nanging saiki dianakake ing sakiwa tengene Pasar Johar.
Dhugdheran iku padatan saka Kutha Semarang kang dianakake kanggo mapag tekane sasi Syawal. Mbiyen dianakake ing Pasar Johar. Nanging saiki dianakake ing Alun-Alun Simpang Lima.
Dhugdheran
Dhugdheran iku salah sawijiné adicara padatan Kutha Semarang kang dianakaké sedina sadurungé Pasa. Tembung dhugdhèran iku dumadi saka "dhug-dhug" kang tegesè bedhug lan "dhèr" kang ngemu surasa swara mriem. Padatan Dhugdhèran dianakaké ana ing Pasar Johar, nanging saiki dhugdhèran dianakaké ana ing sakiwa tengene Masjid Agung Jawa Tengah. Dhugdhèran racaké diramekaké kanthi pasar , jajan-jajan pasar, dolanan-dolanan, lan sapanunggalané. Dolanan kang khas ana ing dhugdheran yaiku warak ngendhog lan dolanan pasaran kang digawé saka lemah (grabah). Acara pungkasan ing dhugdhèran racaké dianakaké sedina sadurungé pasa diwiwiti. Adicara iku diramekaké kanthi nganakaké karnaval warak ngendhog kang ditindakake para pejabat ing Kutha Semarang, para siswa kang kapilih, para seniman,lan sapanunggalané.
Sadurungé karnaval warak ngendhog diwiwiti, adicara iku diwiwiti kanthi donga bareng-bareng supaya kutha Semarang lan wargané dadi luwih apik kabèh.
Dhugdhèran saliyané kanggo sarana panglipur, uga mengku karep kanggo sarana dhakwah Islam.
Dudutan utawa kesimpulan wacan ing dhuwur yaiku …
Dhugdheran iku padatan ing Kutha Semarang kanggo mapag sasi Ruwah.
Dhugdheran iku padatan ing Kutha Semarang kanggo mapag tahun baru.
Dhugdheran iku padatan ing Kutha Blora kanggo mapag sasi Pasa
Dhugdheran iku padatan ing Kutha Semarang kanggo mapag sasi Pasa.
Peperangan bengi kuwi medeni banget. Gathutkaca kelakon mateni Kurawa sing jenenge Lembusa. Nanging dheweke dhewe kelangan paklike, yaiku Brajalamadan lan Brajakesa.
Pungkasane Gathutkaca ayun-ayunan karo Karna, kang duwe senjata kuntawijayadanu. Gathutkaca enggal nggawe kembaran cacah sewu, saengga Karna rumangsa bingung. Awit saka pituduh bapake Karna, yaiku Batara Surya, Karna bisa nemu Gathutkaca kang sejati. Dheweke menthang senjata kunta menyang anggane Gathutkaca.
Gathutkaca mabur sadhuwur-dhuwure. Nanging sukmane Kalabendana dumadakan jumedhul nangkep Kuntawijayadanu karo ngenteni pawarta saka Kahyangan menawa pesthine Gathutkaca wis tumeka ing wengi kuwi.
Raden Gathutkaca iku watake ….
julig
jirih
kendel
culika
Para Pandhawa ngandelake Gathutkaca dadi senopati ngadhang lakune wadya bala Kurawa. Peperangan bengi kuwi medeni banget. Gathutkaca kelakon mateni Kurawa sing jenenge Lembusa. Pungkasane Gathutkaca ayun-ayunan karo Karna, kang duwe senjata kuntawijayadanu. Karna menthang senjata kunta menyang anggane Gathutkaca. Gathutkaca mabur sadhuwur-dhuwure. sukmane Kalabendana dumadakan jumedhul nangkep Kuntawijayadanu karo ngenteni pawarta saka Kahyangan menawa pesthine Gathutkaca wis tumeka ing wengi kuwi.
Gathutkaca pasrah marang pesthine saka para jawata. Nanging dheweke duwe piweling supaya kunarpane bisa dinggo mateni mungsuh. Kalabendana sarujuk. Dheweke banjur namakake sanjata kunta mring pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur saknalika
Isine crita ing dhuwur yaiku ....
Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Gathutkaca supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Kalabendana, panah kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka Kusuma bangsa.
Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Werkudara supaya dadi senapati. Sang Gathutkaca uga maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Kalabendana, panah kunta kasil njojoh pusere Werkudara. Werkudara gugur minangka Kusuma bangsa.
Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Kalabendana supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Duryudana. Prabu duryudana nglepas panah kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Gathutkaca, panah kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka kusuma bangsa.
Prajurit Kurawa mangkat perang ing tengah wengi. Pandhawa banjur ngutus Arjuna supaya dadi senapati. Gathutkaca maju perang ayun-ayunan karo Prabu Karna. Prabu Karna nglepas panah kunta. Kanthi daya kekuatan sukmane Jayadrata, panah kunta kasil njojoh pusere Gathutkaca. Gathutkaca gugur minangka kusuma bangsa.
Adipati Karna iku watake ….
setya marang negara
Julik lan licik
gampang nesu
seneng ngurusi liyan
Ing crita “Gathutkaca Gugur” kang nduweni watak ala yaiku ….
Karna
Duryudana
Kalabendana
Gathutkaca
Wacanen tembung kang ora runtut ing ngisor iki !
1) Numpak pit anyar nabrak cagak listrik.
2) Entuk hadiyah hp anyar pas ulang tahun.
3) Munggah kelas kanthi biji pas-pasan.
4) Plesir menyang Jakarta wektu prei semesteran.
5) Numpak dolanan jet koster karo dheg-dhegan.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu pengalaman sing nyenengake yaiku nomer ….
1, 2, 4
1, 3, 5
2, 3, 4
2, 4, 5
Pratelan ngisor iki kang kalebu pengalaman sing ora nyenengake yaiku ….
didukani Pak Guru amarga ora nggarap PR
ketemu karo kanca lawas sing wis pisah suwe
ulangan basa Jawa entuk biji apik dhewe
piknik bareng karo kanca sakelas
Dina Minggu esuk Rudi melu lomba nggambar ing Simpanglima. Sadurunge lomba diwiwiti, Rudi ndelok kahanan Simpanglima kang nyenengake. Akeh wong dodolan dolanan maneka warna. Wong-wong padha mlaku-mlaku rame banget. Rudi numpak sepedha hias bareng karo mbakyune lan adhine. Rudi seneng atine. Nalika lombane wis diwiwiti, Rudi gambar kanthi temen lan telaten. Rudi seneng banget amarga nalika diumumake, dheweke entuk juwara loro. Rudi entuk hadiah sepedha karo dhuwit.
Underane / topike crita ing dhuwur yaiku ….
numpak sepedha hias
kahanane Simpanglima
hadiah lomba nggambar
lomba nggambar ing Simpanglima
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga keksi
Kosok baline tembung kang kacithak miring yaiku ....
ayu banget
gedhe banget
lemu banget
cilik banget
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga keksi
Pitutur tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku wong tetulung ….
sing padha derajat lan sugihe
aja mbedak-mbedakake rupa lan kahanan
kudu nggatekake rupa lan kahanan
kudu nggatekake derajat lan pangkat
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga keksi
Isine tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku ….
Anoman weruh wanita ayu kang awake kumel ing njero taman.
Anoman mudhun saka wit nagasari nyedhaki wanita ayu.
Gelunge Anoman rusak merga mlumpat wit nagasari.
Anoman mlumpat ing wit nagasari ing njero taman.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Pinangka wakilipun kanca-kanca, kula ugi nyuwun pangapunten menawi anggen jula matur kathah klenta-klentu lan lepatipun. Nuwun.
Pethilan teks sesorah ing dhuwur iku perangan ....
isi
pambuka
panutup
salam panutup
1. Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.
2. Bapak Ibu Guru ingkang tuhu kinurmatan, rencang-rencang SD Arum Dalu ingkang minulya.
3. Wasana cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agenging pangaksami.
4. Kanthi punika panitia rumaos entheng anggenipun nindakaken acara. Mugi-mugi acara perpisahan punika saged kaleksanan kanthi sae.
5. Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sadaya kemawon ingkang kersa paring pambiyantu amrih kaleksananipun perpisahan punika.
6. Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Urutane sesorah sing bener yaiku ....
1, 2, 3, 4, 5, 6
1, 5, 3, 4, 2, 6
6, 2, 5, 4, 3, 1
6, 2, 4, 3, 5, 1
Bapak Kepala Sekolah, Saha Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, Bapak/ Ibu tiyang sepuh murid ingkang kula bekteni, ugi para kanca ingkang kula tresnani, … ingkang paring nikmat dhumateng kita saengga saged makempal ing papan pepisahan kelas 6 dinten punika.
Ukara sing trep kanggo ngganepi teks sesorah ing dhuwur yaiku ….
Sumangga kula dherekaken kondur dhateng dalem.
Sumangga kita tansah ngabekti dhumateng ibu pertiwi.
Sumangga kita munjukaken syukur dhumateng Gusti.
Sumangga kita sami-sami nyuwun idi pangestu.
Mbok bilih ing tanggal 28 Oktober menika Bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken, dateng kita sedaya bilih Bangsa Indonesia nggadhahi semangat juang ingkang inggil.
Wosipun sumpah saha prasetya menika kula lan panjenengan sedaya gadhah tanggel jawab angajak dhumateng putra wayah supados mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja. Kita minangka siswa nggadhahi kawajiban supados mempeng anggenipun sinau.
Isine perangan sesorah ing dhuwur yaiku ….
pengetan dinten Sumpah Pemuda, siswa nggadhahi kewajiban supados mempeng anggenipun sinau
pengetan Kamardikan dipun warisaken putra wayah mujudake kamardikan
gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi
kita Bangsa Indonesia nggadhahi semangat juang ingkang inggil
Gatekna pacelathon iki !
Topik pacelathon ing dhuwur yaiku ….
Lunga ana ngendi wae aja nganggo masker
Lunga ana ngendi wae kudu nganggo masker.
aja nganggo masker nalika ing pasar.
Ibu mundhut masker ing pasar.
Ukara pitakone Sekar kang trep yaiku ….
Bu Lurah asmane sinten, nggih?”
Bu Lurah kagungan dalem pinten. nggih?”
Wonten pundi daleme Bu Lurah, nggih?
Putrane Bu Lurah wonten pinten, nggih?
Paraga Adi duwe watak….
andhap asor
tanggung jawab
seneng tetulung
seneng ngapusi
