Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Padinan Geguritan

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki tegese geguritan, kejaba....
a)
reriptan minangka wujud saka wedharan gagasan utawa rasa pangrasane pangripta
b)
uran-uran utawi karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg
c)
iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal)
d)
karangan ingkang basanipun boten kaiket
2.
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku:
a)
kawiwitan "sun gegurit"
b)
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune boten sami
c)
cacahe wanda saben gatra iku padha
d)
paling sithik sapada ana 4 gatra
3.
1. Setya marang sakeh janji 2. Sun gegurit, 3. Bekti marang yayah wibi 4. Wateke wong kampung jati Geguritan ing dhuwur kasusun kanthi bener wiwit saka angka....
a)
2-3-4-1
b)
2-4-3-1
c)
3-4-2-1
d)
4-2-3-1
4.
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku:
a)
ora kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
b)
migunakake tembung pinilih
c)
migunakake purwakanthi
d)
manut paugerane lan pathokane
5.
Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku
a)
Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake.
b)
Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
c)
Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
d)
Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane.
e)
Duweni purwakanthi ab/ab
6.
Lintang Panjer Rina (Slamet S. A) Nalika bumi isih sepi Lintang panjer rahina wis tangi Menehi pepadhang sagung dumadi Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki Para among tani wis ndalidir mecaki galengan Tegese gumregah ngupaya rejeki yaiku:
a)
Golek pari
b)
Golek dhuwit
c)
Golek kerja
d)
Lagi tangi
7.
Sadurunge maca geguritan, bab kang kudu digatekake yaiku:
a)
Ora mudeng isine geguritan
b)
Nyetitekake para pamirsa nalika maca
c)
Mudeng surasane supaya bisa jumbuh karo kahanane
d)
Maca kanthi solah bawa sakepenake
8.
Wujud panulisane gatra geguritan kang bisa gawe maneka bentuk diarani....
a)
Biografi
b)
Tipografi
c)
Dhiksi
d)
Monografi
9.
Ing ngisor iki duweni gegayutan ngenani musikalisasi geguritan, kejaba....
a)
Geguritan kang ditembangake
b)
Geguritan diwaca kanthi sora
c)
Geguritan diwaca kairing piranti musik
d)
Geguritan kang diwaca banjur diiringi musik
10.
Saiki gawea geguritan sapada kang isine 4 gatra ngenani sekolahmu!
4 lines