wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Basa Jawa Kelas 6

Total questions: 20

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani ....

a)

cangkriman

b)

paribasan

c)

geguritan

d)

saloka

2.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

Batangane tembang ing dhuwur yaiku....

a)

gajah

b)

sepur

c)

macan

d)

sepedhah

3.

Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....

a)

bosok malah enak

b)

adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati

c)

segara beldhes

d)

sega sakepel dirubung tinggi

4.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku ....

a)

majune teknologi

b)

masyarakat tansaya maju

c)

lunture rasa nasionalisme

d)

anane pasar global

5.

Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....

a)

enem

b)

papat

c)

telu

d)

lima

6.

Burnas kopen kalebu cangkriman ....

a)

awujud pepindhan

b)

sinawung ing tembang

c)

awujud plesetan

d)

awujud wancahan

7.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” kang ateges "bola dunia" banjur dadi global sing tegese ....

a)

donya

b)

mendunia

c)

ing donya

d)

kabeh

8.

Bosok malah enak, batangane ....

a)

tela

b)

gedhang

c)

tape

d)

gethuk

9.

Bapak pucung, tanpa untu darbe siung

badan ira panjang

tutuk ira panpesagi

dina-dina si pucung mangan buntut ira

Batangane tembang pucung ing ndhuwur yaiku ....

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

gelang

d)

sabuk

10.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake.

Ukara ing dhuwur tuladhane cangkriman kang awujud ….

a)

wancahan/cekakan

b)

irib-iriban

c)

pepindhan

d)

sinawung ing tembang

11.

Pitik walik saba meja, batangane yaiku ….

a)

andha

b)

nanas

c)

celengan

d)

sulak

12.

Cilik dadi kanca, gedhe dadi mungsuh, yaiku ….

a)

andha

b)

geni

c)

sumur

d)

prau

13.

Pak demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk, batangane .....

a)

b)

c)

d)

14.

Wong mbuwang bathang tikus sing dicekel dhisik apane?

a)

buntute

b)

sikile

c)

kupinge

d)

irunge

15.

Bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung

ngambah jumantara

kaya manuk rajawali

wira-wiri nggawa barang lan manungsa

batangane .....

a)

sepur

b)

sabuk

c)

ula

d)

kapal mabur

16.

Wit adhikih woh adhakah, batangane ....

a)

semangka

b)

rambutan

c)

duren

d)

beringin

17.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....

a)

ilange budaya asli

b)

lunture rasa nasionalisme

c)

komunikasi tansaya gampang

d)

ilange pakulinan gotong royong

18.

Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ....

a)

andha

b)

benik

c)

prau bocor

d)

gendheng bocor

19.

Dikethok malah dhuwur kalebu cangkriman ....

a)

awujud pepindhan

b)

awujud blenderan

c)

sinawung ing tembang

d)

awujud wancahan

20.

Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ....

a)

panen mrica

b)

wong menek klapa

c)

kulakan mrica

d)

wong menek kates