wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PSAJ BHS JAWA GADING 23-24

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

PESISIR PULO MERAH

Pesisir Pulo Merah kang uga diarani Red Island kuwi minangka salah sijine obyek wisata sing kawentar ing Kabupaten Banyuwangi. Pesisir Pulo Merah saiki dadi primadhona wisata ing Banyuwangi. Panggonane ana ing Desa Sumberagung, Kecamatan Pasanggaran Kabupaten Banyuwangi.

Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani pesisir sing manggon ing Desa Sumberagung kasebut. Diarani Pesisir Pulo Merah jalaran wedhi ing sadawane pesisir rupane semu abang. Saka pesisir nyawang mangidul katon pulo-pulo sing apik banget. Ing mangsa ketiga pulo-pulo mau yen kena sunare srengenge mantulake cahya warna semu abang, jan nengsemake banget. Apa maneh sesawangan mau dideleng nalika ngancik sore, wayah srengenge meh angslup.

(Sumber : Buku Kirtya Basa SMP/MTs kanthi ewah-ewahan sawetara).

 

Wosipun paragraf setunggal wacan  ing nginggil ngenani ......

a)

Panggenanipun obyek wisata pesisir Pulo Merah

b)

Obyek wisata ing Kabupaten Banyuwangi

c)

Tegesipun Red Island

d)

Primadhona wisata ing Banyuwangi

2.

Ki Narto Sabdo menika salah satunggalipun maestro kesenian tradisional Jawa. Karya-karya seni saking Ki Narto Sabdo sampun  kawentar ing Nuswantara mliginipun ing wewengkon tanah Jawa Tengah. Asma kondhang  Ki Narto Sabdo sampun kaserat minangka “empu” kesenian tradisional Jawa. Panjenenganipun  kondhang minangka  seniman karawitan lan dhalang ingkang mumpuni.

Teks ing inggil kalebet perangan struktur teks profil tokoh  ....

a)

orientasi

b)

prastawa

c)

masalah

d)

reorientasi

3.

Bapak     : “ Rin, kowe mau teka jam pira?”

Rinda     : “ ... (1)… sampun …(2)…jam wolu kalawau Pak”

     Wangsulane Rinda sing bener dijangkepi tembung…

a)

(1) Dalem, (2) rawuh

b)

(1) Aku, (2) mulih

c)

(1) Kula, (2) dugi

d)

(1) Aku, (2) wangsul

4.

Crita ing wayang kulit kapethik saking lakon-lakon ing babad purwa, inggih menika ....

a)

A.      Babad tanah Jawa

b)

Punakawan; semar, gareng, petruk, lan bagong

c)

Mahabharata lan Ramayana

d)

Pandhawa lan Kurawa

5.

Tembang Menthog- menthog:

 

Menthog-menthog tak kandhani

Mung rupamu angisin-ngisini

Mbok ya aja ngetok, ana kandhang wae

Enak-enak ngorok, ora nyambut gawe

Menthog-menthog mung lakumu, megal-megol gawe guyu

 

Punapa wosipun tembang menthog-menthog ing inggil ?

a)

Menthog menika kalebet kewan ingonan

b)

Menthog menika kewan ingkang males boten purun nyambut damel.

c)

Menthog minangka gambaranipun tiyang ingkang tumindak awon.

d)

Menthog nggambaraken tiyang suci, kados wulunipun ingkang pethak

6.

1.      Tanpa tutur katula-tula katali                           

2.   Kapatuh pan dadi awon

3.   Kang cinatur polah kang kalantur

4.   Kadalu warsa katutuh

5.   Sekar gambuh ping catur

 

Urutaning gatra tembang gambuh kang bener yaiku.…

a)

3-5-2-4-1

b)

2-5-4-3-1   

c)

5-3-1-4-2               

d)

1-3-2-5-4

7.

Ukara sambawa ing ngisor iki sing nduweni teges muga-muga yaiku ….

a)

Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.

b)

Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

c)

Narti maneh lulusa, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

d)

Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng

8.

Pak Guru mundhut pirsa bab kepriye guru gatrane tembang macapat sing lagi  disinau. Kanggo

         ngaturi wangsulan iku  mula sing kudu ditindakake para siswa yaiku ....

a)

A.   Ngetung cacahe wanda saben gatra

b)

Nliti tibaning swara ing pungkasaning gatra  

c)

Ngetung cacahe gatra saben sapada

d)

Nliti bab tegese tembung-tembung

9.

Gatekna tembang macapat iki !

Maskumambang

       nadyan silih bapa biyung kaki nini,

                                   sadulur myang sanak,

kalamun muruk tan becik,

nora pantes yen den nuta

 

Gatra/larikingngisoriki,kangguruwilanganepadha karogatrakapindhotembang Maskumambang ing ndhuwuryaiku....

a)

A.   Miwah bapa biyung   

b)

Iku pantes sira tirua ta kaki   

c)

Amuruk watekan becik

d)

Iku kaki estokena

10.

Gatekna andharan ing ngisor iki !

Gatekna andharan iki!

“ Bapak Kepala Sekolah ngendika menawa para siswa kudu taberi anggone sinau,

kabeh mau padha karo ngendikane ibu guru paring wewarah marang para siswa nalika

pasinaon ing kelas”. Ukara kasebut miturut unggah-ungguh basa kalebu....

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus