wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS Basa Jawa 8 Genap 23/24

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Crita cekak kalebu golongane ....

a)

Sastra fiksi

b)

Sastra nonfiksi

c)

Nonsastra fiksi

d)

Nonsastra nonfiksi

2.

Crita cekak kuwi wujude arupa ...

a)

Gancaran

b)

Geguritan

c)

Pacelathon

d)

Gatra

3.

Crita cekak duweni saperangan titikan utawa ciri-ciri. Kang kalebu titikane crita cekak yaiku ....

a)

Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni

b)

Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni

c)

Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basa dimangerteni

d)

Critane saklepasan, isine padhet, basane endah

4.

Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak gunakake ....

a)

Basa baku

b)

Basa standar

c)

Lelawaning basa

d)

Basa padinan

5.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....

a)

Panguripan saben dina

b)

Prastawa sejarah

c)

Kedadean sajerone kraton

d)

Kedadean apa anane

6.

Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ....

a)

Njarwakake

b)

Nyadhur

c)

Ngrepek

d)

Nganggit

7.

Perangan cerkak kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

konflik

8.

Cerkak kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik. Kang ora kalebu perangane unsur intrinsik yaiku ...

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Tokoh

9.

Cerkak kasusun saka unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Kang kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku ....

a)

Sudut pandang

b)

Tema

c)

Panguripan panulis

d)

Amanat

10.

Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Pamecahe masalah

11.

Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) kang sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Kang kalebu unsur intrinsik crita cekak, yaiku...

a)

Kabudayan

b)

Pendidikan

c)

Setting

d)

Pariwisata

12.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.

Manut wacan ing ndhuwur, kang dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Adhik

d)

Aku

13.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!

Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.

Sudut pandang kang digunakake sajrone crita cekak kasebut, yaiku ....

a)

Wong katelu paraga utama

b)

Wong kapisan paraga utama

c)

Wong katelu paraga tambahan

d)

Wong kapisan paraga tambahan

14.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!

Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.

“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”

Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.

Watak kang digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...

a)

Bungah

b)

Susah

c)

Jujur

d)

Curiga

15.

Kang ora kalebu titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku...

a)

Critane Cekak

b)

Perkara kang dicritakake mung siji

c)

Cacahe paraga mung sethithik

d)

Basane krama inggil

16.

Sanajan dadi juwara, Roni ora mundhak gedhe endhase. Gedhe endhase nduweni teges ...

a)

Gedhe atine

b)

Gedhe endhase

c)

Gedhe akale

d)

Gumedhe

17.

Kacang ora ninggal lanjaran.

Ukara ing ndhuwur nuduhake tuladha unen-unen kang mawa tembung entar, yaiku...

a)

Saloka

b)

Bebasan

c)

Pepindhan

d)

Paribasan

18.

Ngeplak nyilih tangan.

Ukara ing ndhuwur nuduhake tuladha unen-unen kang mawa tembung entar, yaiku...

a)

Saloka

b)

Bebasan

c)

Pepindhan

d)

Paribasan

19.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempela

(4) iwak klebu ing wuwu

Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

20.

(1) nututi layangan pedhot

(2) tengu ngedu gajah

(3) mikul dhuwur mendhem jero

(4) emprit abuntut bedhug

Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

21.

Tembung "pantes" menawa ditulis mawa aksara Jawa kang trep yaiku ....

a)

b)

c)

d)

22.

Tembung "muncu-muncu" yen ditulis mawa aksara Jawa kang trep yaiku ....

a)

b)

c)

d)

23.

Diwaca apa?

a)

toko paku

b)

toko buku

c)

tuku paku

d)

tuku buku

24.

Kepiye macane?

a)

aku duwe

b)

aku suwe

c)

aku luwe

d)

aku kowe

25.

Ayo diwaos!

a)

Ngendhelaken kebat mlumpatipun

b)

Ngendhelaken kebat lumpatipun

c)

Ngendelaken kebat lumpatipun

d)

Ngendelaken kebat mlumpatipun