wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Sumatif tengah semester Bahasa Jawa kelas 4

Total questions: 20

Worksheet time: 31mins

Name
Class
Date
1.

1. Hani: ''kabeh kudu manut karo aku,amarga aku anake kepala Sekolah''.

Watake Hani yaiku...

a)

boros

b)

serakah

c)

loma

d)

gumedhe

2.

2.     Seneng tetulung iku kelebu tumindak …

a)

becik

b)

ala

c)

kemaki

d)

pamer

3.

3.     Bapak nyerat layang kangge Pakdhe.

Ukara ing dhuwur kalebu migunakake basa …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

4.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 4-7!


Nyuwun Pangestu

Gani:”Bu, kula nyuwun pangestu, Benjing enjing badhe tes semester kalih.” 

Ibu:”Tak, pangestoni Le cah bagus. Sing garap ya ding tenang, aja seneng birun kancane ya!” 

Gani:”Boten, Bu. Kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kaca malih. Nirun, japlak menika boten sae ta Bu?”

Ibu:”Bener Le, tak dongakake muga-muga kowe bisa garap tes kanthi gampang lan biji sing apik!” 

Gani:”Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadiah buku wacan nggih, Bu?” 

Ibu:”Ya, saiki sinau dhisik supaya asile apik. Besuk menawa juara tak tukokne buku wacan.”

4.     Cacahe paraga pacelathon ing dhuwur yaiku …

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

lima

5.

5.  Surasane pacelathon kang ditindakake dening Gani lan Ibune yaiku jaluk …

a)

nyuwun duit

b)

nyuwun hadiah

c)

ngajak dolan

d)

pangestu nalika arep ujian

6.
  1. 6. Nalika guneman marang ibune ing pacelathon Gani migunakake basa…

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.
  1. 7. Hadiah/bebana kang dijaluk Gani menawa antuk juwara yaiku …

a)

sepatu

b)

buku wacan

c)

tas

d)

HP

8.

8.    Kang kudu digatekake nalika mertamu yaiku …

a)

   nyandhang panggone kudu sopan

b)

  polatan ora kena jelalatan

c)

sepedha sing dianggo mertamu

d)

wektune aja esuk banget

9.

9.  Nalika wis rampung mertamu kudu enggal …

a)

pamitan

b)

jupuk sangu

c)

diterusake jagongan

d)

ngenteni dikon muleh

10.

10.    Salam kang diucapake nalika ana tamu kang arep mulih yaiku …

a)

sugeng rawuh

b)

matur nuwun

c)

sugeng kondur

d)

nderek langkung

11.

11.   Crita rakyat kang gegayutan karo dumadine swijining panggonan yaiku …

a)

fabel

b)

legenda

c)

mitos

d)

sage

12.

12.   Dheweke  nuli  mangkat menyang kali.”

Tembung liyane saka tembung nuli yaiku …

a)

bubar

b)

banjur

c)

arep

d)

ora

13.

13.  “Duh Gusti, mugi-mugi kula saged angsal iwak akeh ing dina iki.”

Piwulang becik saka ukara ing dhuwur yaiku ...

a)

njaluk iwak marang gusti

b)

saben dino kudu oleh iwak akeh

c)

pegaweane kudu dibarengi dongo

d)

gusti wis pirsa kekarepane menungso

14.

14. Nalika mertamu thothok- thothok lawang becike kaping

….

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

limo

15.

15. Dewi:”Vit, welinge ibu, kowe didhawuhi ngasahi piring.

Sing ngokon Vita supaya ngasahi piring yaiku ….

a)

Dewi

b)

Ibu

c)

Vita

d)

Bapak

16.

Kepriye titikane pacelathon?

4 lines
17.

Geneya nalika guneman becike kudu nggatekake sapa wong kang diajak guneman?

4 lines
18.

   Jlentrehna wujude basa ngoko alus!

4 lines
19.

Sebutna 4 tembung sing mujudake sala mutawa ucapan rasa hormat nalika mertamu utawa ketemu wong liya!

4 lines
20.

Sebutna titikane crita rakyat!

4 lines