wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN ASAJ BAHASA JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

1.    Bapak lan Ibu uga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo. Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah iku kudhu  iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama, lan manut marang Bapak ,Ibu Guru.    

Miturut wacan kasebut sapa sing maringi wejangan?

Sing maringi wejangan yaiku ....

a)

Bapak lan Ibu

b)

Bapak,Ibu Guru

c)

aku lan kancaku

d)

aku lan adhiku

2.

Uripe Manungsa

Iki ana cerita
kados uripe manungsa ingkang rekosa
amarga kakean dosa

ora gelem nindake dawuhe agama
geleme mung nyusahke wong tuwa
ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
uripe dadi daksia

Pesen  sing kakandut ing geguritan kasebut yaiku ....

a)

Wong sing rekosa amarga kakahen dosa banjur bahagia

b)

Manungsa iku kebak dosa amarga nindakake barang nista

c)

Wong sing ora nindaake dawuhe agama uripe bakal rekasa

d)

Uripe manungsa iku  kudu ditata awit ana ing ndonya

3.

Aku weroh wong numpak sepeda motor  nrobos lampu ....

Tembung camboran kanggo njangkepi ukara ing nduwur sing bener yaiku ....

a)

bangjo

b)

lunglit

c)

dheklik

d)

barbeh

4.

Ukara pitakon ing ngisor iki sing bener yaiku ....

a)

Ana ngendi daleme Bu Ana Sujona!

b)

Nyapa sepedahmu  kok, rusak!

c)

Gineya sardi mau ora mlebu sekolah?

d)

Pira regane  buku Pepak Basa iku?

5.

Tembung ing ukara  ndhuwur sing nggunakake sandhangan panyigeg yaiku ...

a)

b)

c)

d)

6.

1.      Gatekna ukara acak ngisor iki !

1.      Banyu godhokan dipindah ning gelas, dienteni sampek adem .

2.  Jamu temulawakmu siap diombe !.

3.  Sakwise umup gemulak , geni dicilikna nganti banyu sing digodhok  kari kurang luwihe kira-kira 100   ml (1 gelas) banjur geni dipateni.

4.  Siapna 200 ml banyu sing resik lan 5-6 iris temulawak sing wis garing.

5.  Lebokna menyang panci lan digodhok nganti umup gemulak nganggo geni sing gede.

Ukara ing ndhuwur yaiku nerangake cara nggawe jamu temulawak, urutan sing bener yaiku ....

a)

4 – 5 – 3 – 1 – 2

b)

4 – 3 – 2 – 1 – 5

c)

2 – 1 – 5 – 4 – 3

d)

1 – 3 – 2 – 5 – 4

7.

Tembang Macapat

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parandene tan dadi

Paliyasing kala bendhu

Mandar mangkin andadra

Rubeda angribedi

Beda-beda ardaning wong sanegara.

Guru gatra tembang kasebut cacahe ana  ....

a)

9

b)

8

c)

7

d)

6

8.

Wacanen cerita wayang  iki!

            …. Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa. Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Pandu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra. Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.

Bimo nggendong adhine menyang ing ngendi ....

a)

Mandura

b)

Mandaraka

c)

Ngastina

d)

Amarta

9.

Yen ditulis nganggo aksara latin dadine ...

a)

katun nampi

b)

katon apik

c)

katon resik

d)

dados apik

10.

Pak Abdullah saben dina  ...  kanggo nyukupi kebutuhane kaluwargane .  

    Tembung entar sing cocok kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ...

a)

adus segara

b)

adus kali

c)

adus banyu

d)

adus kringet

11.

Mbak Desi  untune apik banget kaya ....

    Tembung pepindhan sing cocok kanggo njangkepi ukaraing ndhuwur yaiku ....

a)

miji timun       

b)

macan luwe

c)

beras diinteri

d)

blarak sempal

12.

Mbak Sari  ngombe jus apokat.

      Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap yaiku ....

a)

Mbak Sari ombe jus apokat

b)

Jus apokat diombe Mbak Sari

c)

Mbak Sari diombe jus apokat.

d)

Jus apokat ngombe Mbak Sari.

13.

Wacanen geguritan iki !

Wiwit esuk tekan awan

Ngangsu kawruh golek ilmu

Para guru nggulawentah kanthi sabar

Mulang lan ndidik para siswa kanthi gemi

Sekolahku

Panggonan nomer loro sawise omahku

Sekolahku

Dididik mring guru

Supaya dadi bocah kang mituhu

     Geguritan kasebut nerangake kahanan ana  ....

a)

omahku

b)

omahe guru

c)

sekolah

d)

wiwit esuk

14.

Wacan cerita rakyat kanggo soal nomor 14-15

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" pitakone Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang banjur nanggepi Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

"Apa iku syarate?" Bandung Bandowoso banjur takon maneh.
"Gawekna aku 1000 candi tapi mung sewengi!" syarat saka Roro Jonggrang. Ing bengi kuwi, Bandung Bandowoso ngumpulne anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokake perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan banjur langsung nggarap apa sing diperintahake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi penggaweane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedhi yen Bandung Bandowoso isa ngrampungke apa sing disyaratake. Roro Jonggrang banjur ngumpulake para dayang. Roro Jonggrang ngongkon dayange mbakar damen, ngonekke lesung lan naburake kembang sing wangi. Jin lan setan sing lagi nggawe candi mau wedhi lan nyangka wis isuk. Jin lan setan langsung mandeg olehe nggawe candi sing cacahe wis ana 999. Bandung Bandowoso ngamuk amarga ngrasa diapusi Roro Jonggrang, banjur ngesabda Roro Jonggrang dadi patung kang ke 1000.

Paraga utama cerita ing ndhuwur yaiku ....

a)

Bandung Bandawasa

b)

jin lan setan

c)

para dayang

d)

Roro Jonggrang

15.

Ing carita kasebut, watak paraga Roro Jonggrang yaiku ...

a)

andhap asor

b)

iri dengki

c)

mblenjani janji

d)

welas asih

16.

Diskripsi gambar kasebut yaiku yaiku  ....

a)

Kelinci iku kewan kang senengane wortel, nduweni

kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot.

b)

Kelinci iku kewan kang senengane suket, nduweni kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot.

c)

Kelinci iku kewan kang senengane wortel, nduweni kuping kang ciut, lan mlakune mencolat-mencolot.

d)

Kelinci iku kewan kang senengane gedhang, nduweni kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot

17.

Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang mboten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti… 

                                             (Karya : Intan Nukhi Adhiya)

Isi geguritan kasebut yaiku ....

a)

Nyenyuwun  marang gusti ing dedalan kang padhang

b)

Manungsa ora perlu eling lan ngibadah maranng Gusti

c)

Manungsa ora bisa kegoda kasenengan donya

d)

Ayo njaluk marang gusti kasenengan donya

18.

Tembung gampil gripil ing geguritan kasebut tegese ....

a)

angel pecah

b)

gampang pecah

c)

ora pecah

d)

korat-karit

19.

  Guru ngendika, “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”

      Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi ukara crita yaiku ....

a)

Guru ngendika dadiya murid sing sregep sinau supaya pinter !

b)

Murid Ngendika , dadi guru iku sing sregep sinau ben pinter.

c)

Ngendikane murid, guru kudu sregep sinau ben tambah ilmu.

d)

Ngendikane guru, yen dadi murid iku kudu sregep sinau ben pinter.

20.

Budhe tuku klambi ana Toko Matahari.

Ukara kasebut yen diowahi dadi basa kramaalus yaiku ....

a)

Budhe tuku ageman wonten Toko Matahari

b)

Budhe mundhut klambi wonten Toko Matahari

c)

Budhe mundhut ageman wonten Toko Matahari

d)

Budhe mundhut rasukan anaToko Matahari