Font size
WorksheetsASAS BHS JAWA KLS 6
Total questions: 90
Worksheet time: 1hrs 24mins
Desi ora seneng mangan Sate.
Ukara kasebut nganggo basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Basa krama alus/inggil dinggo dening....
kanca sapdha
wong tuwa marang anake
guru marang muride
anak marang wong tuwa
Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...
aku arep lunga mancing
kowe wis adus apa durung
bapak tindak semarang nitih kereta
anita lagi mangan sate
Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....
ngunjuk
ngombe
mangan
dhahar
Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....
anak marang wong tuwa
wong kang lagi tetepungan anyar
murid marang guru
wong kang wis pada tetepungan kanthi raket
Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....
kesah
lunga
tindak
pergi
Mas Rudi arep siram siki apa engko?
Ukara kasebut migunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kondur basa ngokone yaiku ....
mulih
wangsul
kondur
tindak
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....
bapak sampun tindak datheng Yogyakarta
kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?
pak iwan saiki wis rawuh apa durung?
irma ora mlebu sekolah jalaran lara.
Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...
teks informasi
teks penjelasan
teks pernyataan
teks berita
Wacanen kanthi patitis!
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.
miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...
pawarta
deskripsi
persuasi
pariwara
teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...
teks pawarta
teks persuasi
teks argumentasi
pariwara
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...
pawarta
deskripsi
persuasi
iklan/pariwara
gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...
pawarta
slogan
persuasi
sesanti
gambar ing ndhuwur iku kalebu...
sesanti
pariwara
iklan
pawarta
endi gambar ngisor iki sing kalebu iklan?
Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.
Irah-irahan sing mathuk kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku...
Rekreasi ing Baluran
Taman Nasional Baluran
Rekreasi Keluargaku
Padhang Savana ing Baluran
Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...
Deskripsi
narasi faktual
persuasi
eksposisi
Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...
teks deskripsi
teks pawarta
pariwara
slogan
Teks sing isine ngenani kadadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks...
Narasi
Argumentasi
Pawarta
Eksposisi
Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku...
Bener
Akurat
Lengkap
Manjila
Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya kuwi nuduhake menawa pawarta iku...
Bener
Akurat
Lengkap
Manjila
Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku...
Bener
Akurat
Lengkap
Manjila
Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.
Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia!?
Masyarakat
Pemerintah
Presiden
Kabeh warga negara Indonesia
Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.
Apa sing dijaga ing Taman Nasional kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli?
Alam
Tanduran
Kewan
Kabeh jawaban bener
Teks pawarta sing ana ing medhiya cithak yaiku...
TV
Radio
Kalawarti
Internet
Teks pawarta sing ana ing medhiya elektronik yaiku...
Ariwarti
Radio
Kalawarti
Tabloid
Tembung pitakon sing nakokake geneya bisa kedadeyan kaya mangkono yaiku...
Sapa
Ing ngendi
Kapan
Geneya
.... sing kok gawa?
Tembung pitakon sing trep yaiku...
Apa
Sapa
Kapan
Ing ngendi
Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…
ngoko
krama alus
krama lugu
ngoko andhap
Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…
wigatining atur
pangarep-arep
pambuka
salam pambuka
Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.
Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…
uluk salam
isi
pambuka/purwaka
panutup
Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
(1) ndhingkluk
(2) tangan ngapurancang
(3) nyawang tamu
(4) nguwasani pemirsa
Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…
(4)
(3)
(2)
(1)
Tujuan Sesorah kanggo nompo rawuhe para tamu kasebut ...
Atur Panglipur
Atur Pambagyo
Atur Pawarta
Pangajak
Busana kang dinggo nalika nindhakake sesorah kudu ...
resik, sopan
mewah
sopan, reged
reged, ora rapi
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...
adigang - adigung adiguna
rawe - rawe rantas malang - malang putung
kutuk marani sunduk
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...
intonasi saben ukoro kudu bener
intonasi ukoro ora kudu bener
tempo anggone maca ora kudu bener
pamedhote ukoro ora kudu bener
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
Pangucape tembung lan ukara ing sesorah kedu cetha diarani…
Lafal
intonasi
ekspresi
tempo
Apa tegese tembung sesorah ....
wacan
cerita
puisi
pidato
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....
pambukane sesorah
panutupe sesorah
isine sesorah
isine surat
Sesorah kudu ditindakake kanthi swara sing cetha kanthi tujuan ....
supaya pamiyarsa betah mirengake
supaya sing dingendikakake gampang ditampa
supaya katon bregas mrebawani
supaya padha seneng
Basa kramane ngomong
ngendika
dhahar
tindak
nitih
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ing sajroning tanggap wacana diarani ….
salam pembuka
pangarep-arep
pambuka
panyapa
Pidhato sing becik yaiku ...
suwe
akeh wong sing ngrungokake
singkat lan cetha
nganggo basa ngoko
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....
pambukane sesorah
panutupe sesorah
isine sesorah
isine surat
1. Bapak lan Ibu uga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo. Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah iku kudhu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama, lan manut marang Bapak ,Ibu Guru.
Miturut wacan kasebut sapa sing maringi wejangan?
Sing maringi wejangan yaiku ....
Bapak lan Ibu
Bapak,Ibu Guru
aku lan kancaku
aku lan adhiku
Uripe Manungsa
Iki ana cerita
kados uripe manungsa ingkang rekosa
amarga kakean dosa
ora gelem nindake dawuhe agama
geleme mung nyusahke wong tuwa
ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
uripe dadi daksia
Pesen sing kakandut ing geguritan kasebut yaiku ....
Wong sing rekosa amarga kakahen dosa banjur bahagia
Manungsa iku kebak dosa amarga nindakake barang nista
Wong sing ora nindaake dawuhe agama uripe bakal rekasa
Uripe manungsa iku kudu ditata awit ana ing ndonya
Aku weroh wong numpak sepeda motor nrobos lampu ....
Tembung camboran kanggo njangkepi ukara ing nduwur sing bener yaiku ....
bangjo
lunglit
dheklik
barbeh
Ukara pitakon ing ngisor iki sing bener yaiku ....
Ana ngendi daleme Bu Ana Sujona!
Nyapa sepedahmu kok, rusak!
Gineya sardi mau ora mlebu sekolah?
Pira regane buku Pepak Basa iku?
Tembung ing ukara ndhuwur sing nggunakake sandhangan panyigeg yaiku ...
1. Gatekna ukara acak ngisor iki !
1. Banyu godhokan dipindah ning gelas, dienteni sampek adem .
2. Jamu temulawakmu siap diombe !.
3. Sakwise umup gemulak , geni dicilikna nganti banyu sing digodhok kari kurang luwihe kira-kira 100 ml (1 gelas) banjur geni dipateni.
4. Siapna 200 ml banyu sing resik lan 5-6 iris temulawak sing wis garing.
5. Lebokna menyang panci lan digodhok nganti umup gemulak nganggo geni sing gede.
Ukara ing ndhuwur yaiku nerangake cara nggawe jamu temulawak, urutan sing bener yaiku ....
4 – 5 – 3 – 1 – 2
4 – 3 – 2 – 1 – 5
2 – 1 – 5 – 4 – 3
1 – 3 – 2 – 5 – 4
Tembang Macapat
Ratune ratu utama
Patihe patih linuwih
Pra nayaka tyas raharja
Panekare becik-becik
Parandene tan dadi
Paliyasing kala bendhu
Mandar mangkin andadra
Rubeda angribedi
Beda-beda ardaning wong sanegara.
Guru gatra tembang kasebut cacahe ana ....
9
8
7
6
Wacanen cerita wayang iki!
…. Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa. Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Pandu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra. Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.
Bimo nggendong adhine menyang ing ngendi ....
Mandura
Mandaraka
Ngastina
Amarta
Yen ditulis nganggo aksara latin dadine ...
katun nampi
katon apik
katon resik
dados apik
Pak Abdullah saben dina ... kanggo nyukupi kebutuhane kaluwargane .
Tembung entar sing cocok kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ...
adus segara
adus kali
adus banyu
adus kringet
Mbak Desi untune apik banget kaya ....
Tembung pepindhan sing cocok kanggo njangkepi ukaraing ndhuwur yaiku ....
miji timun
macan luwe
beras diinteri
blarak sempal
Mbak Sari ngombe jus apokat.
Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap yaiku ....
Mbak Sari ombe jus apokat
Jus apokat diombe Mbak Sari
Mbak Sari diombe jus apokat.
Jus apokat ngombe Mbak Sari.
Wacanen geguritan iki !
Wiwit esuk tekan awan
Ngangsu kawruh golek ilmu
Para guru nggulawentah kanthi sabar
Mulang lan ndidik para siswa kanthi gemi
Sekolahku
Panggonan nomer loro sawise omahku
Sekolahku
Dididik mring guru
Supaya dadi bocah kang mituhu
Geguritan kasebut nerangake kahanan ana ....
omahku
omahe guru
sekolah
wiwit esuk
Wacan cerita rakyat kanggo soal nomor 14-15
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" pitakone Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang banjur nanggepi Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Bandung Bandowoso banjur takon maneh.
"Gawekna aku 1000 candi tapi mung sewengi!" syarat saka Roro Jonggrang. Ing bengi kuwi, Bandung Bandowoso ngumpulne anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokake perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan banjur langsung nggarap apa sing diperintahake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi penggaweane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedhi yen Bandung Bandowoso isa ngrampungke apa sing disyaratake. Roro Jonggrang banjur ngumpulake para dayang. Roro Jonggrang ngongkon dayange mbakar damen, ngonekke lesung lan naburake kembang sing wangi. Jin lan setan sing lagi nggawe candi mau wedhi lan nyangka wis isuk. Jin lan setan langsung mandeg olehe nggawe candi sing cacahe wis ana 999. Bandung Bandowoso ngamuk amarga ngrasa diapusi Roro Jonggrang, banjur ngesabda Roro Jonggrang dadi patung kang ke 1000.
Paraga utama cerita ing ndhuwur yaiku ....
Bandung Bandawasa
jin lan setan
para dayang
Roro Jonggrang
Ing carita kasebut, watak paraga Roro Jonggrang yaiku ...
andhap asor
iri dengki
mblenjani janji
welas asih
Diskripsi gambar kasebut yaiku yaiku ....
Kelinci iku kewan kang senengane wortel, nduweni
kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot.
Kelinci iku kewan kang senengane suket, nduweni kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot.
Kelinci iku kewan kang senengane wortel, nduweni kuping kang ciut, lan mlakune mencolat-mencolot.
Kelinci iku kewan kang senengane gedhang, nduweni kuping kang amba, lan mlakune mencolat-mencolot
Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang mboten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…
(Karya : Intan Nukhi Adhiya)
Isi geguritan kasebut yaiku ....
Nyenyuwun marang gusti ing dedalan kang padhang
Manungsa ora perlu eling lan ngibadah maranng Gusti
Manungsa ora bisa kegoda kasenengan donya
Ayo njaluk marang gusti kasenengan donya
Tembung gampil gripil ing geguritan kasebut tegese ....
angel pecah
gampang pecah
ora pecah
korat-karit
Guru ngendika, “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi ukara crita yaiku ....
Guru ngendika dadiya murid sing sregep sinau supaya pinter !
Murid Ngendika , dadi guru iku sing sregep sinau ben pinter.
Ngendikane murid, guru kudu sregep sinau ben tambah ilmu.
Ngendikane guru, yen dadi murid iku kudu sregep sinau ben pinter.
Budhe tuku klambi ana Toko Matahari.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa kramaalus yaiku ....
Budhe tuku ageman wonten Toko Matahari
Budhe mundhut klambi wonten Toko Matahari
Budhe mundhut ageman wonten Toko Matahari
Budhe mundhut rasukan anaToko Matahari
Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....
1
2
3
4
Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen sing ajeg panganggone, ora nganggo jejer, ora nganggo gegambaran, lan tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
ula marani gepuk
gajah nguntal slangkrah
Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....
jer basuki mawa beya
kriwikan dadi grojogan
anak polah bapa kepradah
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....
bathok bolu isi madu
gupak pulut ora melu mangan nangkane
ana gula ana semut
sepi ing pamrih rame ing gawe
Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....
wong asor nanging sugih kapinteran
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora tau rukun
Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
njarag marani bebaya
paseduluran sing ora tau rukun
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
Ula marani gepuk, tegese yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora bisa rukun
njarag marani bebaya
melu sengsarane ora melu senenge
Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
ana gula ana semut
ula marani gepuk
Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane ....
ana gula ana semut
jer basuki mawa beya
bathok bolu isi madu
kebo nusu gudel
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Unen-unen Basa lan Kasusastran Jawa sing nganggo jejer yaiku ....
pepindhan
bebasan
paribasan
saloka
Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....
ana gula ana semut
kriwikan dadi grojogan
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....
Cangkriman
Geguritan
Wangsalan
Bebasan
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
paribasane ....
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Negara mawa tata, Desa mawa cara
Jer basuki mawa bea
Adigang adigung adiguna
