wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

HER PIWULANGAN BAB CARITA RAKYAT

Total questions: 20

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.
  1. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….

a)
  1. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

b)
  1. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

c)
  1. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.

d)
  1. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik

2.

Raden Said putranr Adipati Wilaktikta, seneng sesrawungan karo penjudhi lan penjahat.
Tembung "sesrawungan" nduweni teges yaiku ....

a)

barengan

b)

kekancan

c)

dolanan

d)

grebegan

3.

Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

  1. Teks ing nduwur kalebu struktur .…

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

4.

“Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”

  1. Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean .

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

5.

“ Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?”


tuladha ing nduwur migunakake ukara ...

a)

langsung

b)

ora langsung

c)

lamba

d)

camboran

6.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Sawijine dina, ana raseksa sing kepengin nalamar Rara Anteng. Rara Antenglan keluwargane dadi bingung anggone nolak. Yen ditolak, raseksa sing kejem lan sekti kuwi mesthi bakal ngamuk lan bakal gawe cilakane wong sadesa. Jaka Seger sing kuwat wae kira-kira durung mesthi bisa ngalahake raseksa mau. Nanging yen are nampa, Rara Anteng sajake kok ya kabotan, semono uga keluwargane. Mula Rara Anteng njaluk wektu kanggo mikirake bab kuwi.

Teks wacan ing ndhuwur yen dideleng saka strukture teks mujudake perangan ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

7.

Tuladha ing ngisor iki sing kasebut ukara ora langsung yaiku ....


a)

"Delengen lan sawangen kaendahaning alam iki. kowe bakal tansah eling marang kaagungane sing nyiptakake. ora liya ya Gusti Allah," mangkono pituture Kanjeng Sunan.


b)

Tirose bapak niki wau bahde nitih sepeda motor.

c)

Murid liane nyambung lan ngabentuk barisan sing dowo soko pesantren Ar-Rahman.

d)

Kacarita ing tlath blambangan ketekan Prabu Jaya sing kasebut Adipati Wilaktita.

8.

Ing isor iki kalebu unggah ungguh basa krama inggil, yaiku ....

a)

Nderek langkung kagem bapak kalian ibu.

b)

Sampun makaten ta Kangmas. Menawi panjenengan nundhung piyambakipun, lajeng piyambakipun bahde manggen wonten pundi?

c)

Delengen kae ana wit gedhang ambruk.

d)

Wiwit angin topan muter nyang tengah sawah, Adipati lan patih e ora bisa menyang tlatah Blambangan.

9.

Kang kelebu ukara lamba ing isor iki yaiku ....

a)

Endang Retnowati iku putrane Prabu Brawijaya ing Majapahit.

b)

Akeh nom-noman kang kesengsem karo Endang Retnowati.

c)

Ora sethithik para Pangeran lan putra ratu sing kepingin ngepek Putri Majapahit mau minangka garwa.

d)

"Putraku Endang Retnowati, sliramu wis dewasa. Wis wayahe emah-emah. anging, geneya nganti saiki atimu isih tinutup kanggo wong lanang?"

10.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Endang Retnowati iku putrane Prabu Brawiiaya ing Majapait. Kejaba ayu rupane, tangkepe uga grapyak semanak marang sapa wae. Babar pisan ora mbeda-mbedakake drajad lan pangkat. Akeh nom-noman kang kesengsem karo Endang Retnowati. Ora sethithik para Pangeran lan putra ratu sing kepengin ngepek putri Majapait mau minangka garwa. Ewadene ora ana siji wae sing bisa ngrebut atine Endang Retnowati.

"Putraku Endang Retnowati, Sliramu wis diwasa. Wis wayahe kagungan garwa. Nanging, geneya nganti saiki atimu isih tinutup kanggo priya?" ngendikane Prabu Brawijaya marang Endang Retnowati.

"Nyuwun duka, Kanjeng Rama. Kula dereng badhe emah-emah menawi dereng kasembadan gegayuhan kula,” ature Endang Retnowati kanthi kurmat.

"Sing dadi gegayuhanmu iku apa, Ngger?"

"Kula kepengin gesang wonten ing laladan ingkang sepi. Kula kepengin sinau bab agami, Kanjeng Rama.

"Yen mung kepengin sinau bab agama, ora perlu ndadak mapan ing laladan kang mencil. Ing sanjerone kraton kene we, sliramu uga bisa nyinau Kitab Suci," ngendikane Sang Prabu kanthi sareh.

"Ngene ya Ngger, luwih becik sliramu tetep manggon ing kraton. Rama bakal nggolekake guru agama sing paling becik."

Paraga lan wewatakan sing dituduhake ukara ing ngisor iki, yaiku ...

a)

Prabu Brawijaya watake kereng, wicaksana, lan mbedak-mbedakake marang sapa wae.

b)

Prabu Brawijaya watake adil, wicaksana, tanggung jawab, sarta tresna marang putrane.

c)

Endang Retnowati watake grapyak semanak lan ora mbedak-mbedakake marang sapa wae.

d)

Endang Retowati watake ngalem, sakarepe dhewe, yen duwe kekarepan kudu kelakon.

11.

"Nyuwun duka, Kanjeng Rama. Kula dereng badhe emah-emah, menawi dereng kasembadan gegayuhan kula," ature Endang Retnowati kanthi kurmat.

Tembung emah-emah duweni teges yaiku ...

a)

omah-omahan

b)

kagungan krama

c)

seneng karo wong

d)

katresnan

12.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

amanat

13.

Cerita rakyat kuwi dicritakake kanthi saka generasi menyang generasi, uga diarani ....

a)

turun-tumurun

b)

lisan

c)

kanggone dolanan

d)

carita sing ora nyata

14.

Pangertene struktur resolusi cerita rakyat yaiku ....

a)

Mujudake paragraf sing njelasake menawa kedadeyan lan prekara kang dumadi katon ruwet banget kang mujudake pucuking perkara ing antarane para paraga.

b)

Mujudake paragrag kang njelasake dalan utawa cara kanggo ngudhari ruwete masalah sing diadhepi para paraga lan mujudake pungkasane crita.

c)

Mujudake paragraf pambuka kang isine ngenalake para paraga (tokoh) lan settinge (papan panggonan, wektu, lan swasana jroning crita rakyat).

d)

Mujudake paragraf sing njelasake kedadeyan wiwit anane dredah ing antarane para paraga kang dumadi saka situwasi/kahanan, kedadeyan sing njalari dumadine klimaks.

15.

Pangertene struktur komplikasi yaiku ....

a)

Mujudake paragraf sing njelasake menawa kedadeyan lan prekara kang dumadi katon ruwet banget kang mujudake pucuking perkara ing antarane para paraga.

b)

Mujudake paragrag kang njelasake dalan utawa cara kanggo ngudhari ruwete masalah sing diadhepi para paraga lan mujudake pungkasane crita.

c)

Mujudake paragraf pambuka kang isine ngenalake para paraga (tokoh) lan settinge (papan panggonan, wektu, lan swasana jroning crita rakyat).

d)

Mujudake paragraf sing njelasake kedadeyan wiwit anane dredah ing antarane para paraga kang dumadi saka situwasi/kahanan, kedadeyan sing njalari dumadine klimaks.

16.

ukara ing isor iki kang kinandut unggah ungguh basa ngoko lugu yaiku ....

a)

"pasrahna kabeh donya brana sing kokgawa!"

b)

"keparenga kula dados muride panjenengan, kanjeng sunan."

c)

bebraengan kalian murid-muride panjenengan banjur nerusake lampah.

d)

brandhal lokajaya ngantos pirang-pirang dintenmboten wangsul.

17.

Raden Said kerep nyuwun dhuwit marang ibune.

Tembung Raden Said kasebut kalebu stuktur ukara yaiku ...

a)

jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

katrangan

18.

Minangka wali kang pinunjul panjenengane wis pirsa menawa kang ana ngareppe iku Brandhal Lokajaya, manungsa pilihan kang durung kebukak atine.

ukara ing nduwur termasuk ukara ....

a)

lamba

b)

camboran

c)

langsung

d)

ora langsung

19.

Pinunjul nduweni teges yaiku ....

a)

linuwih

b)

antinen

c)

sakawit

d)

nguningani

20.

Sunan Bonang ngutus Brandhal Lokajaya, supaya tetep manggon ing pinggir kali kono ngenteni rawuhe Sunan Bonang saka Demak.

ukara kasebut kalebu ukara ....

a)

langsung

b)

orang langsung

c)

camboran

d)

lamba