wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pretest Unggah-Ungguh

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Basa krama iku digunakake kanggo sapa wae?

a)

Anak marang wong tuwa

b)

Wong tuwa marang anak

c)

Guru marang murid

d)

Simbah marang bapak

2.

Basa ngoko lugu iku digunakake kanggo sapa wae?

a)

Wong tuwa marang wong dewasa

b)

Siswa karo kancane

c)

Wong tuwa kang durung akrab

d)

Sapadha-padha kang durung kulina

3.

"Simbah menyang pasar tuku bubur".

Kepiye yen diowahi nganggo basa krama alus?

a)

Simbah kesah peken mundhut bubur

b)

Simbah tindak peken tumbas bubur

c)

Simbah kesah peken tumbas bubur

d)

Simbah tindak peken mundhut bubur

4.

Salsa arep takon jenenge Mas Dhimas. Becike kepiye anggone matur?

a)

Namanipun panjengan sinten?

b)

Asmanipun panjenengan sinten?

c)

Jenengenipun panjenengan sinten?

d)

Asmanipun sampen sinten?

5.

Nyuwun pangapunten Pak, kula badhe...........alamat dalemipun Bu Sari ingkang wonten Bantul.

a)

Tanglet

b)

Nyuwun pirsa

c)

Mundhut pirsa

d)

Matur

6.

Nalika sliramu liwat sakngarepe bapak utawa ibu kang lenggahan, becike matur..........

a)

Klamit Bu

b)

Mit Bu

c)

Nuwun sewu Pak

d)

Nuwun sewu, ndherek langkung Pak

7.

Kepiye anggonmu matur nalika pamit arep budhal sekolah?

a)

Bu, mangkat sik, ndi sangune?

b)

Bu, nyuwun pamit badhe budhal sekolah

c)

Bu, tindak sekolah riyen nggih

d)

Bu, nyuwun pamit badhe tindak sekolah

8.

Ing ngisor iki kang ora kalebet unggah-ungguh pamit sekolah yaiku......

a)

Salam

b)

Salim

c)

Ora kesusu

d)

Pamit karo mlayu

9.

"Kondur saking peken, ibu ngasta roti kalih kresek"

Ukara iku nganggo basa apa?

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama lugu

10.

Nalika Budhe Nurul.................saking kantor, Kula nembe.................sega kucing."

Tembung sing bener kanggo njangkepi titik-titik yaiku.................

a)

Wangsul, dhahar

b)

Wangsul, nedha

c)

Kondur, nedha

d)

Kondur, dhahar