wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bahasa jawa kelas 6

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….

a)

Bu, kula bidhal rumiyin, nggih

b)

Panjenengan adus rumiyin!

c)

Bu, kula tindak rumiyin

d)

Kula badhe siram rumiyin

2.

Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....

a)

kanca sakelas

b)

guru marang siswa

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anak

3.

Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….

a)

nulis

b)

micara

c)

maca

d)

nyemak

4.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

5.

Cangkriman iku padha karo....

a)

Lok-lokan

b)

Paribasan

c)

Bedhekan

d)

Omong-omongan

6.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

7.

2. Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sangkamu ing sabrang

Ngon – ingone sang bupati

Yen lumampah , si pucung lembehan grana

Batangane tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

A. macan

b)

B. badak

c)

C. jerapah

d)

D. gajah

8.

10. Cangkriman “pesok mbulan” batangane “ tempe bosok kanggo bumbu kelan” tuladhane cangkriman awujud ....

a)

A. pepindhan

b)

B. wancahan

c)

C. plesetan

d)

D. sinawung ing tembang

9.

9. Unen- unen utawa tetembungan kang kudu dibatang isine diarani ...

a)

A. cangkriman

b)

B. plesetan

c)

C. wancahan

d)

D. cekakan

10.

8. Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke, tuladhane cangkriman awujud ….

a)

A. pepindhan

b)

B. wancahan

c)

C. plesetan

d)

D. sinawung ing tembang

11.

7. Pitik putih ngendhog ing segara getih, batangane manggis. tuladhane cangkriman awujud ...

a)

A. pepindhan

b)

B.  wancahan

c)

C. plesetan

d)

D. sinawung ing tembang

12.

6. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

Tangan papanira,

Nuduhake rina wengi,

Lamun mati bingung wektu sang bendara.

Batangane yaiku ….

a)

A. tasbih

b)

B. ali-ali

c)

C. binggel

d)

D. gelang jam

13.

5. Wit thoyung , batangane yaiku ….

a)

A. yen dijiwit atho biyung       

b)

B. ana uwit ditoto karo payung

c)

C. lare alit kelangan biyung

d)

D. kopi pahit wetenge kembung

14.

4. Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman wancahan yaiku ….

a)

A. Bosok malah enak

b)

B. Rangsinyu, muksitu

c)

C. Wong adol krambil dikepruki

d)

D. Bocor malah kebak

15.

3. Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman plesetan yaiku …

a)

A. Sega sakepel dirubung tinggi.     

b)

B. Tibane ngisor, digoleki ndhuwur.

c)

C. Dikethok malah mundhak dhuwur

d)

D. Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug.

16.

1. Wong buang bathang tikus sing dicekel dhisik apane ….

                                                      

                                                       

a)

A. kupinge  

b)

B. irunge

c)

C. buntute 

d)

D. sikile

17.

pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)

a)

kebon

b)

sawah

c)

ratan

d)

kali

18.

sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)

a)

tinggi

b)

semut

c)

laler

d)

angkrang

19.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...

Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...

a)

mandheg

b)

lungguh

c)

diliwati

d)

ngadeg

20.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung