WorksheetsLatihan soal bab pewayangan
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Wayang kulit biasane digawe saka...
kulit wedhus
kulit pithik
kulit kebo
kulit sapi
Kain putih sing digawe latar belakang ing mburine pagelaran wayang kulit arane...
blencong
kelir
gedebog
kepyak
Apa gunane gedebog ing pagelaran wayang kulit? ...
kanggo madhangi pagelaran wayang
ngewenehi tanda ganti crita
kanggo ngencepake wayang
kanggo latar belakang pagelaran wayang
Lampu sing digawe madhangi pagelaran wayang kulit arane...
cempala
kelir
kepyak
blencong
Unen-unen lan tetembangan sing biyasane ngiringi pagelaran wayang kulit arane...
keroncong
gamelan
sasando
kecapi
Wayang purwa iku ing jaman Erlangga ratu ing ... .
Kahuripan
Kediri
Singosari
Majapahit
Wayang kulit kuwi sakothak paling sethitik isine ... iji.
120
115
110
130
Papan kanggo nancepake wayang wit gedhang arane ... .
pucang
tebon
glugu
debog
Wong kang gaweane nglakokake wayang jenenge ... .
waranggana
wiyaga/niyaga
dhalang
wira swara
Crita wayang ana 2 lakon yaiku...
Ramayana lan Narayana
Mahabharata lan Mahayana
Narayana lan Mahabharata
Ramayana lan Mahabharata
Raden Gathutkaca satriya ing Pringgodani, yen Raden Janaka satriya ing ... .
Jodipati
Mandura
Mandaraka
Maduraka
Prabu Kresna ratu Dwarawati kagungan senjata cakra kang ampuh, yen prabu Pandhu kagungan ... .
gada rujak polo
keris polanggeni
senjata kunta
keris kalanadhah
Aji-aji Ardadedali iku kagungane Raden Janaka, yen kuku Pancanaka kagungane ... .
R. Werkudara
R. Gathutkaca
Prabu Baladewa
Adipati Karna
Prabu Kresna ratu ing ... .
Ngamarta
Dwarawati
Ngastina
Mandura
Kumbakarna duwe aji-aji ... .
pancasona
gedhongmenga
mundri
pancasona
Watake satriya Pandhawa yaiku ing ngisor iki, kajaba (kecuali) ...
sabar nrima
seneng tetulung
welas asih marang manungsa
angkara murka
Ing ngisor iki kalebu ing seduluran Kurawa, kajaba (kecuali) ...
Duryudhana
Dursasana
Arjuna
Destharata
Raden Arjuna kuwi satriya ing negara...
Dwarawati
Pancawati
Nanggala
Madukara
Gegaman Keris Kalanadhah kagungane Prabu Pandhu, yen Gegaman cakra kagungane ... .
Prabu Baladewa
Prabu Ramawijaya
Prabu Janaka
Prabu Pandhu
Badan PBB sing ngakoni wayang kuwi budaya luhur warisan ndunya saka Indonesia yaiku...
UNESCO
UNICEF
WHO
ILO
Perange kadang Pandhawa mungsuh Kurawa diarani perang ... .
(a)
Prabu Baladewa ratu ing Mandura, yen Prabu Dasamuka ratu ing ... .
(a)
Bathara Surya iku dewaning srengenge yen dewaning rembulan ... .
(a)
Adipati Karna duwe gaman senjata Kunta, yen jimat Kalimasada iku aji-ajine ... .
(a)
Satriya Maduraka kang bagus lan pinter manah asmane ... .
(a)
