wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 6- BASA JAWA

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

**Soal No 1-2

Riaya Idul Fitri

Dina preian lebaran wingi aku lunga menyang omahe embahku neng kampung karo Ibu, Bapak lan adikku. 

Sak keluwarga podo numpak sepur neng omah e simbah bar salam-salaman neng omah. Omahe embahku ana ing ndesa. 

Latar e masih jembar, akeh wit-witan gede, wit jambu, wit pelem, sawah e masih ijo-ijo, nggawe seger neng mripat. 

Aku seneng banget bisa preian ing omahe mbahku. Ora mung silaturahmi karo keluarga laine, nanging juga bisa dolan-dolan neng kebon karo sawahe embah. 

Cedek omahe mbahku juga ana kali sing banyune tesih bening. Aku diajak embahku neng kana adus-adusan neng kali, Bapak lah embah ngunjuk kopi nasgithel.

Seger banget banyune ing kali, masih akeh watu-watuane. Bapakku ngajak nginep rong ndina neng umah mbahku. Padahal aku masih pingin dolan neng kana, sing tek tekani pas liburan tok.

Batangane cangkriman nasgithel yaiku ...

a)

panas legi kenthel

b)

bubur panas kokopen

c)

panas legi tapi ora kenthel

d)

buah nanas rasane legi

2.

Wacanen Irah-irahan ning nomer 1.

cangkriman tembang pocung sing kalebu transportasi darat saka crita ing duwur yaiku ....

a)

Bapak Pucung, cangkeme madhep mandhuwur.
Sabamu ing sendhang.
Pencoanmu lambung kereng.
Prapteng wisma, si pucung mutah guwaya.

b)

Bapak pucung, renteng-renteng koyo kalung.
Dowo koyo ulo.
Pencoanmu wesi miring.
Sing disobo.
Si pucung mung turut kutho.

c)

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

d)

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ngon-ingone Sang Bupati
Prapteng margaSi pucung lembehan grana

3.

sing kalebu cangkriman wancahan ing ngisor iki yaiku ...(PG KOMPLEKS)

a)

Surles penen

b)

Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhak

c)

Burnaskopen

d)

Sega sakepel dirubung tinggi

4.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab ......... (PG KOMPLEKS)

a)

banyu sumber penguripan

b)

Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi

5.

pitik walik sobo meja, batangane yaiku...

a)

b)

c)

d)

6.

Budi : "Ayo menyang sawah dolen"

Bayu : "Ayo karo golek bocah cilik nggendhong omah",

Budi : " Wah seru iku ..Ayo"

batangane sing dicetak kandel yaiku...

a)

siput

b)

kodok

c)

jaran

d)

kucing

7.

Poni : "Tak bedaki yoo koe, aku duwe bedakan"

Ayu : "Apa iku?"

Poni : "rasane padha karo jenenge, apo batangane ...??"

Ayu : ".........................................."

Isinen titik-titik ing duwur..

a)

salak

b)

nanas

c)

asem

d)

kates

8.

Gunane cangkriman ing bebrayan yaiku............. (PG KOMPLEKS)

a)

kanggo nangisno

b)

sok-sok uga digawe sayembara

c)

ngrusak tali paseduluran

d)

kanggo ngisi waktu longgar

9.
  1. 1.Tulisane Arab, macane saka ngedi?

  2. 2.Lawa lima kalong telu ana pira?

batangane cangkriman kasebut yaiku ............. (PG KOMPLEKS)

a)

Paringisan

b)

Ana 8

c)

Ketok goro e

d)

Saka alas

10.

kang bener saka tegese Cangkriman pepindhan yaiku .......

a)

Cekakan-cekakan

b)

Tetirone samubarang apa ta apa

c)

Pranyatan kang mbingungake

d)

Salah sijine tembang

11.
  1. 1.Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhak

  2. 2.Apa sing dilebokno kok malah metu?

batangane cangkriman kasebut yaiku ...........(PG KOMPLEKS)

a)

clana

b)

rokok

c)

geni

d)

benik

12.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
13.

Gatekna wacan iki !

Langkung rumiyin ,sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten panggenan menika.


Struktur teks pidhato kasebut kalebu…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

e)

Isi

14.

Basa sing digunakake ing pidato ora resmi yaiku...

a)

nganggo tembung ora baku

b)

digunakake ing kahanan resmi

c)

Nganggo ukara jangkep

d)

Intonasine datar

15.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

16.

(1) Isi/Suroso

(2) Purwaka/pambuka

(3) Panutup

(4) Salam Panutup

(5) Salam Pambuka

Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...

a)

2-5-1-3-4

b)

5-2-1-3-4

c)

5-2-4-3-1

d)

2-5-1-3-4

17.

Sesorah kanthi cara apalan

a)

ekstemporan

b)

impromtu

c)

manuskrip

d)

memoriter

e)

lipsing

18.

Sesorah kanthi cara maca teks

a)

impromtu

b)

manuskrip

c)

ekstemporan

d)

memoriter

e)

lipsing

19.

Kanggone basa ngoko lugu wantah YAIKU .... (PG KOMPLEKS)

a)

Guneme wong tuwa marang bocah/anake

b)

Guneme bocah padha boca

c)

Guneme bendara/juragan marang rewange

d)

Guneme MURID marang GURU

20.

Tuladhane basa krama alus (inggil) ing ngisor iki yaiku: (PG KOMPLEKS)

a)

Adik nderek Ibu dhateng peken

b)

ibu budal nang pasar

c)

Bapak mangan tahu sumedang

d)

Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu

21.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

22.

Nalika sesorah sesorah marang wong luwih tuwa nganggo basa…

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko andhap

23.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

24.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

25.
a)

mangan roti

b)

mangan nanas

c)

mangan apel

d)

mangan kates

e)

mangan gedhang