Worksheetsbahasa jawa AM
Total questions: 36
Worksheet time: 19mins
Name
Class
Date
1.
Teks kang ngandharake kadadean sabenere diarani teks ….
a)
fiksi
b)
persuasif
c)
informasi
d)
narasi
2.
Dadi manungsa kudu sing welas asih, aja duweni sifat ….
a)
asih tresna
b)
angkara murka
c)
andhap asor
d)
sopan santun
3.
Mas, tulung tukokna gula sekilo ing warung!
Ukara ing dhuwur kalebu ukara ….
a)
pakon
b)
pitakon
c)
tanduk
d)
tanggap
4.
Kula sampun tindak kalawau jam tiga sonten.
Ukara ing dhuwur iku luput/salah manut unggah ungguh. Tembung tindak benere ….
a)
lunga
b)
pamit
c)
kesah
d)
dugi
5.
Jenang gula legi. Yen ditulis nganggo aksara jawa wujude ….
a)
jel= gul lgi
b)
jen= gul legi
c)
jen= gul Xgi
d)
jen=e gul lugu
6.
Alfa nggarap PR ing omahe Adnan.
Kang kadhapuk dadi lesan ana ukara ing dhuwur yaiku ….
a)
Alfa
b)
nggarap
c)
PR
d)
ing omahe Adnan
7.
Herbalis diramu saka gegodhongan sing akeh kasiate. Diolah kanthi cara modern lan bisa ngobati akehing penyakit kaya sirah mumet, weteng mules, keju linu. Herbalis bisa dipesen liwat online kanthi rega Rp500.000,00.
Teks iki kalebu ….
a)
iklan
b)
pawarta Koran
c)
deskripsi
d)
artikel
8.
Pariwara : Para warga Dusun Bulaksawah, suk dina Minggu tanggal 20 September 2024 kabeh kumpul ing bale dhusun kanggo nonton pentas seni remaja dhususn. Sing sapa ora nonton bakal getun!
Saka pariwara kasebut bisa entuk informasi ….
a)
warga dhusun Bulaksawah
b)
Dina Minggu tanggal 20 September 2019
c)
ing bale dhusun bakal ana pentas seni
d)
sing nonton bakal getun
9.
“Guna kaya purun ingkang den antebi”
Guru lagu lan guru wilangan cuplikan tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
a)
9u
b)
10o
c)
11a
d)
12i
10.
Ana paribasan “asu rebutan balung” tegese ….
a)
wong tuwa njaluk warah wong enom
b)
wes kepenak tambah oleh penak
c)
rebutan barang kang sepele
d)
tiwas ditenani jebul ora sida
11.
Dikethok nanging malah tambah dhuwur, batangane cangkriman yaiku ….
a)
gajah
b)
sabuk
c)
kathok
d)
genteng
12.
“Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.”
Ukara ing dhuwur iku kalebu perangan … pidhato.
a)
pambuka
b)
isi
c)
panutup
d)
dudutan
13.
Amrih pidhatone runtut, sadurunge pidhato gawe ….
a)
dudutan
b)
persiapan
c)
aturan
d)
cengkorongan
14.
Ing ngisor iki titikane cangkriman, kajaba ….
a)
ora kudu dibatang
b)
duweni sifat bedhek-bedhekan
c)
nganggo basa kiasan utawa tembung entar
d)
kadhang kala nganggo basa tradisional
15.
Gajah nguntal sangkrah, kalebu cangkriman ….
a)
pepindhan
b)
bedhek-bedhekan
c)
awujud ing tembang
d)
wancahan
16.
Perangane pidhato kang ngandharake pangarep-arep yaiku ….
a)
atur pakurmatan
b)
apa kang dikarepake dening pamedhar sabda
c)
wigatine saka pidhato kang diandharake
d)
atur panuwun lan pangapura
17.
Pidhato uga diarani ….
a)
pamedhar sabda
b)
sesorah
c)
pranatacara
d)
pawarta
18.
Pitik walik saba kebon, batangane ….
a)
nanas
b)
salak
c)
sulak
d)
tudung saji
19.
Mbah Rumi adol es lan jajanan ing sekolahan.
Kang kadhapuk dadi wasesa ing ukara dhuwur yaiku ….
a)
Mbah Rumi
b)
adol
c)
es lan jajanan
d)
ing sekolahan
20.
Pak Budi wis weruh yen putrane mulih saka Surabaya.
Tembung weruh iku benere ….
a)
ngerti
b)
ngertos
c)
pirsa
d)
miring
21.
gunu= tif/, tulisan iku unine ….
a)
gunung lawu
b)
among tamu
c)
gulung tikar
d)
gunung tidar
22.
Mau isuk aku wis sarapan roti karo susu.
Saka ukara ing dhuwur kang kadhapuk lesan yaiku ….
a)
mau isuk
b)
aku
c)
sarapan
d)
roti karo susu
23.
Sigra mabur ing ngawiyat nyamut-nyamut.
Guru lagu lan guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku ….
a)
12a
b)
11u
c)
12u
d)
11i
24.
Keplok ora tombok, tegese paribasan yaiku …. Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring, sing disaba pocung mungi turut kutha.
Tembung pocung iku mau bedhekane …. Dhumateng bapak ibu guru ingkang minulya
a)
gelem melu seneng nanging emoh melu ragat
b)
tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
c)
katone nulung nanging malah nyusahke
d)
wong sing akeh omonge nanging ora ana nyatane
25.
Dhumateng Bapak Kepala Madrasah ingkang kula hormati
Dhumateng bapak ibu guru ingkang minulya
Lan dhumateng rencang-rencang ingkang kula tresnani
Ukara ing dhuwur kalebu perangane pidhato ….
a)
pembuka
b)
pekurmatan
c)
tetepungan
d)
puji syukur
26.
Pakdhe seneng open-open kebo, sapi, wedhus. Kebo, sapi, wedhus iku kalebu jenise ….
a)
rajabrana
b)
rajakaya
c)
rajasa
d)
rajabaya
27.
nulisLy=, tulisan iku yen diwaca ….
a)
nulis jawa
b)
nulis layang
c)
nulis bayang
d)
nulis kayang
28.
Kanggo siswa kelas 6 sesuk dina Kamis, 20 Janurai 2024 supaya nggawa akta kelahiran kanggo nyocokake data peserta ujian.
Ukara ing dhuwur iku diarani teks ….
a)
diskripsi
b)
pengumuman
c)
artikel
d)
iklan
29.
“bocah sekolah” yen ditulis jawa wujude ….
a)
[boch se[kolh
b)
boch skolh
c)
bpkSekolh
d)
budlSe[kol
30.
Dadi bocah iku kudu duwe sopan …, aja seneng tukar … yen kepingin duwe kanca sing akeh.
a)
santun
b)
krama
c)
padu
d)
tata
31.
Ukara ing ngisor iki sing dhapukane J-W-L-K yaiku ….
a)
Fatkah nganggo klambi abang
b)
Robert mulih saka sekolah jam 11.00
c)
Jihan ngumbah sepatu ing sumur
d)
Aisyah sinau basa jawa isuk mau
32.
Diresmekake dadi warisan budaya khas Indonesia dhek tanggal 2 Oktober 2009, bathik saiki nduweni jeneng sing linuwih ing nusantara. Ora mung diminati saka tiyang sepuh, batik uga saiki dadi salah siji trend kanggo cah enom. Luwih-luwih kanthi perkembangan model klambi batik sing saya trendi lan melu model fashion anyar, kajaba junjung aji budhaya kanthi nganggo batik uga ora kalah fashionable.
Ukara kang ana paragraph ing dhuwur yaiku ….
a)
bathik diresmekake dadi warisan budaya khas indonesia tanggal 2 oktober 2019
b)
ora mung diminitai saka tiyang sepuh, batik uga sakiki dadi salah siji trend kanggo cah enom
c)
kajaba junjung aji budhaya kanthi nganggo batik uga ora kalah fashionable
d)
model trend klambi bathik amung diminati tiyang sepuh
33.
Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane pidhato ora resmi yaiku ….
a)
pidato presiden
b)
pidato kenegaraan
c)
pidato ing sekolahan
d)
pidato manten
34.
Kang kalebu fungsine cangkriman ing ngisor iki, yaiku ….
a)
sarana pertunjukkan
b)
sarana pagelaran
c)
sarana hiburan
d)
saran pendidikan
35.
Kula sampun tindak kalawau jam tiga sonten.
Ukara ing dhuwur iku luput/salah manut unggah ungguh. Tembung tindak benere ….
a)
lunga
b)
pamit
c)
kesah
d)
tindak
36.
jawaben soal iku singkat wae (a)
100 %
