Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian 3 Kelas 9

Total questions: 22

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.
NAMA
4 lines
2.
Kelas
4 lines
3.
1. Para rawuh, ing kalodhangan mirunggan menika kita mengeti dinten wiyosanipun Ibu Kartini, satunggaling tokoh ingkang ageng sanget lelabuhanipun dhumateng kaum wanita Indonesia. Tembung wiyosipun ing ukara dhuwur padha tegese karo ....
a)
jasane
b)
laire
c)
sedane
d)
sekolahe
4.
2. Para rawuh, ing kalodhangan mirunggan menika kita mengeti dinten wiyosanipun Ibu Kartini, satunggaling tokoh ingkang ageng sanget lelabuhanipun dhumateng kaum wanita Indonesia. Tembung lelabuhane ing ukara dhuwur padha tegese karo ....
a)
jasane
b)
laire
c)
sedane
d)
sekolahe
5.
3. “Para siswa, menawi ngengeti nasibipun para wanita ing jaman rumiyin, nrenyuhaken sanget. Wanita menika namung minangka ‘’ kanca wingking ‘’, tiyang ingkang drajatipun dipunanggep langkung asor tinimbang priya. Kala semanten para wanita namung dipunparengaken sekolah ngantos umur 12 tahun”. Tegese tembung “kanca wingking” sing ana ing pethikan wacan dhuwur yaiku
a)
wong wadon sing tugase ngancani menawa ana wong sing arep menyang mburi
b)
wong wadon sing duwe bojo nanging nyambut gawene ing mburi
c)
wong wadon sing tugase ana ing dapur lan sumur.
d)
wong wadon sing dianggep ora duwe drajat
6.
4. Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang sakedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Awrat sejatosipun anggen kula ngaturaken atur panampi perpisahan saking raka kelas sanga. Awit raka kelas sanga sampun kula anggep sedherek piyambak, samenika badhe oncat saking SMP. Nanging kadospundi malih ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten perpisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawa nyelaki pepesthening dumadi. Tembung raka tegese ....
a)
adhi
b)
kakang
c)
sedulur
d)
kanca
7.
5. Awit raka kelas sanga sampun kula anggep sedherek piyambak, samenika badhe oncat saking SMP. Tembung oncat tegese ....
a)
lulus
b)
metu
c)
rampung
d)
lunga
8.
6. Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang sakedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Awrat sejatosipun anggen kula ngaturaken atur panampi perpisahan saking raka kelas sanga. Awit raka kelas sanga sampun kula anggep sedherek piyambak, samenika badhe oncat saking SMP. Nanging kadospundi malih ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten perpisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawa nyelaki pepesthening dumadi. Pethikan pidhato kasebut kalebu perangan pidhato sing diarani....
a)
pambuka
b)
isi
c)
panutup
d)
pakurmatan
9.
7. Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang sakedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Awrat sejatosipun anggen kula ngaturaken atur panampi perpisahan saking raka kelas sanga. Awit raka kelas sanga sampun kula anggep sedherek piyambak, samenika badhe oncat saking SMP. Nanging kadospundi malih ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten perpisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawa nyelaki pepesthening dumadi. Wose pethikan pidhato kasebut, yaiku....
a)
Atur panampi perpisahan saka kelas VIII
b)
Atur panampi perpisahan saka kelas IX.
c)
Atur panampi perpisahan saka kepala sekolah.
d)
Atur panampi perpisahan saka ibu/bapak guru.
10.
8. Para rawuh ingkang dahat sinudarsana. Tembung dahat tegese ....
a)
kudu
b)
wajib
c)
pantes
d)
kabeh
11.
9. Kula minangka sesulihipun pengurus OSIS ing taun kepengker, ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak ibu guru pembina OSIS ingkang sampun maringi pitedah ngengingi tatacaranipun nindakaken kegiatan salebetipun OSIS. Mugi-mugi para pengurus OSIS ingkang enggal, saged nindakaken jejibahan kanthi langkung sae. Kawula sakanca mboten saged atur piwales dhumateng sedaya kesaenan ingkang sampun dipunparingaken dening bapak ibu guru pembina OSIS, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah ngluberaken sedaya kanugrahanipun dhumateng bapak ibu guru. Sapa sing lagi sesorah ?
a)
siswa kelas 8
b)
siswa kelas 9
c)
pengurus OSIS lawas
d)
pengurus OSIS anyar
12.
10. Kula minangka sesulihipun pengurus OSIS ing taun kepengker, ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak ibu guru pembina OSIS ingkang sampun maringi pitedah ngengingi tatacaranipun nindakaken kegiatan salebetipun OSIS. Mugi-mugi para pengurus OSIS ingkang enggal, saged nindakaken jejibahan kanthi langkung sae. Kawula sakanca mboten saged atur piwales dhumateng sedaya kesaenan ingkang sampun dipunparingaken dening bapak ibu guru pembina OSIS, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah ngluberaken sedaya kanugrahanipun dhumateng bapak ibu guru. Sesorah kasebut ana ing adicara apa?
a)
perpisahan siswa kelas IX
b)
perpisahan guru pembina OSIS
c)
serah terima pengurus OSIS
d)
Ulang taun OSIS
13.
11. Kula minangka sesulihipun pengurus OSIS ing taun kepengker, ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak ibu guru pembina OSIS ingkang sampun maringi pitedah ngengingi tatacaranipun nindakaken kegiatan salebetipun OSIS. Mugi-mugi para pengurus OSIS ingkang enggal, saged nindakaken jejibahan kanthi langkung sae. Kawula sakanca mboten saged atur piwales dhumateng sedaya kesaenan ingkang sampun dipunparingaken dening bapak ibu guru pembina OSIS, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah ngluberaken sedaya kanugrahanipun dhumateng bapak ibu guru. Isine sesorah kasebut yaiku :
a)
Atur panuwun saka pengurus OSIS lawas saka piwulange bapak ibu guru.
b)
Atur panuwun saka pengurus OSIS anyar marang pengurus OSIS lawas.
c)
Atur pangapura pengurus OSIS lawas marang bapak ibu pembina OSIS.
d)
Atur pangapura saka pengurus OSIS anyar marang pengurus OSIS lawas.
14.
12. Kula minangka sesulihipun pengurus OSIS taun kepengker ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak ibu guru pembina OSIS. Tembung sesulih tegesipun....
a)
wakil
b)
ganti
c)
kanca
d)
tilas
15.
13. "Para rawuh ingkang kinurmatan, kangge damel regenging adicara purnasiswa menika mangke badhe dipun isi mawi hiburan pentas seni saking perwakilan kelas 7 lan 8” Ukara iku kaandharake ing sesorah ...
a)
pengetan ulang tahun
b)
perpisahan
c)
pelantikan OSIS
d)
penerimaan siswa baru
16.
14. "Para rawuh ingkang kinurmatan, kangge damel regenging adicara purnasiswa menika mangke badhe dipun isi mawi hiburan pentas seni saking perwakilan kelas 7 lan 8”. Tembung regeng tegese ...
a)
menarik
b)
hiburan
c)
rame
d)
pentas
17.
15. Wasana kula cekapi atur panampi pamitan menika menawi wonten kiranging atur kula tansah nyuwun ganging pangaksama. Ukara iku trep klebu perangan pidato ...
a)
pambuka
b)
isi
c)
panutup
d)
njaluk pangapura
18.
16. Bapak saha ibu guru ingkang kinurmatan dalah para siswa ingkang kula tresnani, namung menika ingkang saged kula andharaken ing pengetan Dinten Pendidikan Nasional ing dinten menika. Menawi kathah atur kula ingkang kirang trep, kula nyuwun agunging pangaksami. Klebu perangan ...
a)
pambuka pidato
b)
isi pidato
c)
panutup pidato
d)
panjaluk apura
19.
17. Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih ingkang sampun paring berkah saha rahmat dhumateng kita sedaya saengga kita sedaya saged kempal manunggal ing papan menika saperlu mengeti Dinten Pendidikan Nasional. Iki diarani perangan ...
a)
atur pakurmatan
b)
atur pamuji
c)
atur pitepang
d)
wigatining atur
20.
18. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten kalepatan. Ukara iku biasane tinemu ing sesorah perangan ....
a)
pambuka
b)
isi
c)
panutup
d)
atur pambagya
21.
19. Para rawuh, mekaten atur kula ngengingi paedahipun kedhele lan kacang ijo. Sumangga kita langkung nggatosaken kasarasan kanthi dhedhaharan lan unjukan ingkang mumpangati tumprap badan kita. Kupat siniram santen, cekap semanten wonten lepat nyuwun pangapunten. Nuwun. Tembung kesarasan iku tegese ....
a)
kesehatan
b)
karesikan
c)
katertiban
d)
wareg
22.
20. Perangan kang tinemu ing pambukane sesorah, kajaba:
a)
atur pamuji
b)
panjaluk apura
c)
atur pakurmatan
d)
atur pambagya harja