wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Total questions: 27

Worksheet time: 48mins

Name
Class
Date
1.

Panganggone krama alus kang trep ing ngisor iki yaiku …

a)

Wong enom marang wong tuwa

b)

Ngomong basa krama kanggo basakake awake dewe

c)

Garwani priyayi marang sing kakung

d)

Murid marang gurune

e)

Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate

2.

Omahmu wis diresiki apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu, yaiku …

a)

Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?

b)

Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?

c)

Griyanipun panjenengan sampun dipunresiki punapa dereng?

d)

Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?

e)

Daleme panjenengan wis diresiki punapa dereng?

3.

Mas, sampeyan mengko sore dipundhawuhi bapak dhateng dalemipun pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

4.

Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu….medang jahe.

a)

Ngombe

b)

Ngunjuk

c)

Nyruput

d)

Minum

e)

Ngeglak

5.

Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba …

a)

Eyang sakit waja sampun tigang dinten

b)

Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM

c)

Kula badhe tindak dhateng Ponorogo

d)

Ageman kula sampun kathah

e)

Adek dhahar pisang goreng

6.

Kula sampun….menawi mboten saget nderek.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

ngomong

b)

kandha

c)

matur

d)

ngendika

e)

ngucap

7.

Yen cecaturan antarane sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate, nggunakake ragam basa …

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko lugu

e)

ngoko alus

8.

Sore-sore arep tindhak ngendi, Dhe?

ukara iku nudhuhake basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama

9.

Tetembungan ing ngisor iki kalebu basa ngoko alus yaiku …

a)

Kula tindak dhateng Kutho Semarang

b)

Adikku maem bubur esuk mau

c)

sampeyan saking pundi Lek?

d)

Dik Joko, jenengan ngasta apa iku? Kog sajake kaya kabotan

e)

Motor menika ingkang mundhutaken simbah kulo

10.

Unggah-ungguh basa Jawa kuwi kaperang dadi loro, yaiku …

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa ngoko lan basa krama

c)

basa krama lan krama alus

d)

basa krama alus lan ngoko alus

e)

basa ngoko alus lan krama lugu

11.

Simbah ......... pisang. Tembung kang pas kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Minta

b)

Nyambut

c)

Nyuwun

d)

Nyambut

e)

Nyilih

12.

Anak ngomong marang Ibu. Sing bener yaiku ....

a)

Matur

b)

Ngendika

c)

micara

d)

Ngomong

e)

Kojah

13.

Ibu ngomong apa?

a)

Micara

b)

Matur

c)

Ngomong

d)

Ngendika

e)

Kojah

14.

Ibu ... pasar ... ageman. Tembung kang trep kanggo njangkepi basa krama alus kasebut yaiku ...

a)

tindak, mundhut

b)

kesah, tumbas

c)

tindak, tumbas

d)

lunga, tuku

e)

Kesah, mundhut

15.

Unggah-ungguh kaperang dadi 2 yaiku ....

a)

Tata krama lan tata cara

b)

Tata krama lan Tata susilo

c)

Tata adap lan tata susilo

d)

Unggah-ungguh basa lan subasita

e)

Cara ngomong lan cara ngrungokne

16.

Aku dikongkon ibuku supaya tuku sarapan ing warunge Mbak Mul. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa kanh trep yaiku ....

a)

Kulo dipundhawuhi ibu supados mundhut sarapan wonten ing warungipun Mbak Mul

b)

Kulo dipunutus ibu supados tumbas sarapan wonten ing warungipun Mbak Mul

c)

Kulo dikengken ibu supados tumbas sarapan wonten ing warungipun Mbak Mul

d)

Kulo dipundhawuhi Ibu supados tumbas sarapan wonten ing warungipun Mbak Mul

e)

Kulo dhawuhi ibu supados tumbas sarapan wonten ing warungipun Mbak Mul

17.

Simbah lagi lara untu. Yen diowahi dadi basa kram inggil kang trep yaiku .....

a)

Simbah nembe gerah waja

b)

Simbah lagi sakit gigi

c)

Simbah nembe gerah tutuk

d)

Simbah boten kagungan waja

e)

Simbah sakit untu

18.

Grana tegese ....

a)

Sirah

b)

Untu

c)

Irung

d)

Kuping

e)

Mripat

19.

Basa ngoko lugu digunakake anatarane ....

a)

Anak marang wong tuwo

b)

Wong tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur

c)

Wong desa marang wong kutha

d)

Bendara marang bature

e)

Sopir marang majikane

20.

Basa krama inggil digunakake kanggo .....

a)

Basakake wong sing diajeni

b)

Basakake awake dewe

c)

Wong tuwo marang wong enom

d)

Wong gedhe marang wong cilik

e)

Kakang marang adine

21.

Owahana tembung ing ngisor iki dadi basa krama kang trep!

Sirah : .....

Tangan : ......

Kuping : .......

Sikil : ........

Weteng : ........

(a)  

22.

Golekana basa krama inggil tembung ing ngisor iki!

Tuku : ......

Mangan : ......

Lunga : .......

kongkon : .......

Mlaku : .....

(a)  

23.

Urutna tembung ing ngisor iki dadi ukara kang trep!

tumbas-gendis-ibu-kulo-didhawuhi

(a)  

24.

Kulo ....... Pak Lurah panjengan ...... rawuh wonten ...... Pak Lurah sakperlu kempalan rutin

(a)  

25.

Mas Parmin, jenengan (a)   saka kantor jam piro?

26.

Kulo (a)   angsal-angsal (oleh-oleh) saking bali

27.

Kepareng ...... dhumateng Ibu, kula ...... sugeng riyadi sedaya kelepatan nyuwun .......

(a)