wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tatacara Mantu Adat Jawa

Total questions: 16

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

Kagiyatan utawa tradisi kang ditindakake dening wong tuwa kanggo ngomah-omahake putra-putrine kang wis diwasa diarani ...

a)

Ngundhuh mantu

b)

Siraman

c)

Lamaran

d)

Mantu

e)

Tingkeban

2.

Mantu minangka tradhisi kang lumrahe ditindakake dening wong tua saka pihak ...

a)

Manten kakung

b)

Manten putri

c)

Besan

d)

Kulawarga ageng

e)

Simbah

3.

Tatacara adat tambahan sajroning mantu adat Jawa kang ditindakake dening kulawarga saka pihak manten kakung diarani ...

a)

Mantu

b)

Selapanan

c)

Ngundhuh mantu

d)

Tingkeban

e)

Lamaran

4.

Ing ngisor iki kang ditindakake dening calon manten sadurung nemtokake bakal pasangan miturut budaya Jawa kajaba ...

a)

Weton

b)

Bibit

c)

Bebet

d)

Babon

e)

Bobot

5.

Kriteria calon panganten adhedhasar strata (status) sosial diarani ...

a)

Weton

b)

Bibit

c)

Babon

d)

Bebet

e)

Bobot

6.

Kulawarga jejaka menehi barang-barang kanggo kulawarga putri arupa ali-ali lan sandhangan sapangadeg ing adicara ...

a)

Tingkeban

b)

Siraman

c)

Midodareni

d)

Paningsetan

e)

Pasang tarub

7.

Adicara sajroning tatacara mantu adat Jawa kang ancase kanggo nemokake manten kakung lan putri diarani ...

a)

Panggih

b)

Siraman

c)

Midodareni

d)

Wiji dadi

e)

Pasang tarub

8.

Sawise tatacara siraman, rambute panganten putri dikerik lan diwenehi paes kanthi warna kang samar. Adicara sawise siraman yaiku ...

a)

Srah-srahan

b)

Sungkeman

c)

Pasang tarub

d)

Ijab kabul

e)

Midodareni

9.

Panganten kakung lan putri balang-balangan godhong suruh minangka lambang asih katresnan lan kasetyan kaloro panganten diarani tatacara ...

a)

Wiji dadi

b)

Balangan gantal

c)

Sungkeman

d)

Kacar-kucur

e)

Bobot timbang

10.

Sinduran yaiku kaloro panganten mlaku menyang pawiwahan (pelaminan) kanthi sampiran kain sindur lan dikanthi dening bapak lan ibu panganten putri. Ing ngisor iki kang nuduhake tatacara sinduran yaiku ...

a)

b)

c)

d)

11.

Kaloro panganten dulang-dulangan minangka pralambang panganten arep nglakoni susah senenge urip kanthi rukun bebarengan kang diarani ...

a)

Dhahar sekul

b)

Dhahar klimah

c)

Bobot timbang

d)

Kacar-kucur

e)

Tanem jero

12.

Kaloro panganten sungkem nyuwun pangestu marang kaloro wong tuwa diarani sungkeman. Ing ngisor iki gambar kang nudhuhake tatacara kasebut yaiku ...

a)

b)

c)

d)

13.

Kacar-kucur awujud dhuwit logam, beras kuning lan ubarampe liyane kang dikucurake ing pangkonane panganten putri. Filosofi saka tatacara kasebut yaiku ...

a)

Panganten arep nglakoni susah senenge urip kanthi rukun lan bebarengan

b)

Lambang asih katresnan lan kasetyan kaloro panganten

c)

Panganten kakung kang menehi napkah marang panganten putri

d)

Wujud bekti panganten putri minangka garwa

14.

Gambar kasebut nuduhake tatacara wiji dadi. Ing kono panganten kakung midak endhog banjur sikile diwijiki dening panganten putri. Ubarambe utawa piranti kang ora digunakake sajroning tatacara kasebut yaiku ...

a)

Endhog pitik

b)

Gayung (cidhuk)

c)

Nampan

d)

Banyu kembang

e)

Pitik ingkung

15.

Pasang tarub uga diarani pasang tratag. Ing kono, wong tuwa panganten putri masang ...

a)

Bleketepe lan tuwuhan

b)

Janur lan gedhang setundhun

c)

Wit-witan lan woh-wohan

d)

Bleketepe lan woh-wohan

16.

Siraman ditindakake sedina sadurunge upacara dhaup (nikah) kanthi ancas ...

a)

Supaya panganten seger waras

b)

Minangka tolak balak

c)

Nyuwun restu marang wong tuwa

d)

Supaya panganten resik lair lan batine

e)

Supaya panganten bisa katon mangklingi